Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 19 >> 

1Gusti Allah paring dhawuh marang Musa lan Harun

2supaya gawé prenatan kanggo bangsa Israèl mengkéné: Njupuka sapi sing ulesé abang, tanpa cacad lan sing durung tau ditumpangi pasangan.

3Kuwi pasrahna Imam Èléazar. Sapi mau kudu digawa metu saka ing kémah, banjur disembelèha ing ngarepé Imam Èléazar.

4Imam Èléazar banjur kudu njupuk getihé kéwan mau sethithik lan dikepyur-kepyuraké ing Kémah Suci nganti ping pitu.

5Kéwan mau wutuh, dadi klebu kulit, daging, getih lan jeroané kudu diobong ing ngarepé Imam Èléazar.

6Sawisé mengkono imam mau kudu nyemplungaké ing geni kayu aras selonjor, carang hisop siji, tali sing rupané abang saeler.

7Imam banjur kudu ngumbah sandhangané lan adus dhisik sadurungé mlebu ing kémah, éwasemono dhèwèké isih najis tekan wayah surup.

8Wong sing ngobong sapi mau iya kudu ngumbah sandhangané lan adus; awit wong mau najis tekan surup.

9Banjur kudu ana wong sing resik miturut prenatan agama, nglumpukaké awuné sapi abang mau, didokokaké ing panggonan sing resik miturut prenatané agama, ing sanjabané kémah. Awuné sapi abang mau disimpen ana ing kono, disedhiyakaké karo banyu pasucèn, kanggoné samasa umat Israèl nganakaké upacara pangruwating dosa.

10Wong sing nglumpukaké awuné sapi mau kudu ngumbah sandhangané, éwasemono wong mau tekan surup tetep najis. Prenatan iki kanggo ing selawas-lawasé, iya kanggo wong Israèl, utawa kanggo wong manca sing bebarengan manggon ana ing kono.

11Sing sapa nggepok mayit, dadi najis nganti pitung dina.

12Ing dina katelu lan kapituné wong mau kudu ngresiki awaké nganggo banyu suci, supaya resik miturut prenatané agama. Yèn ora ngresiki awaké ing dina katelu lan kapitu wong mau tetep najis.

13Sing sapa nggepok mayit, mangka ora ngresiki awaké nganggo banyu suci, kuwi wong najis. Wong mau gawé najisé Kémah Suci, mulané kudu disébrataké saka umaté Allah.

14Yèn ana wong sing tinggal-donya ana ing kémah, kabèh wong sing ana ing kémah kono, lan sapa sing mlebu mrono, dadi najis.

15Kendhi lan kuwali sing ana ing kémah kono sing ora ditutupi, iya dadi najis.

16Wong sing nggepok mayité wong sing dipatèni utawa sing mati lumrah ing pategalan, utawa yèn nggepok kijingé wong mati ing kuburan, utawa balungé wong mati, wong mau najis pitung dina.

17Kanggo ngresiki awaké, wong mau kudu njupuk awuné sapi abang, sing wis diobong kanggo pangruwating dosa, dilebokaké ing kendhi, diisèni banyu anyar.

18Yèn nggepok mayité wong sing mati ing sajroning kémah kuwi carané mengkéné: kudu ana wong sing resik, miturut prenataning agama, njupuk carang hisop siji; carang mau dicelupaké ing banyu suci sing ana ing kendhi mau, banjur diciprat-ciprataké nganggo hisop mau ing kémah lan wong kabèh sing ana ing kémah kono. Yèn sing digepok mau mayité wong sing dipatèni utawa sing matiné ana ing tegalan utawa yèn nggepok kijing utawa balungé wong mati, kudu ana wong sing resik miturut prenataning agama nyiprat-nyiprataké banyu suci mau marang sing padha najis.

19Kuwi kudu ditindakaké menèh ing dina katelu lan kapituné. Lagi sawisé dina sing kapitu upacara pasucèn mau rampung. Wong-wong sing padha najis mau kudu padha ngumbah sandhangané lan adus. Sawisé wayah surup wong-wong mau wis resik menèh.

20Sapa sing dadi najis, mangka ora nindakaké upacara pasucèn, kuwi tetep najis, merga durung diciprati banyu suci mau. Wong kuwi gawé regedé Kémah Suci, mulané kudu disébrataké saka umaté Allah.

21Prenatan iki kudu koktetepi ing selawas-lawasé. Wong sing nyiprat-nyiprataké banyu suci mau dadi najis nganti surup.

22Barang sing digepok déning wong sing najis, semono uga wong liya sing nggepok barang mau, iya dadi najis tekan surup.



 <<  Bilangan 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel