Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 23 >> 

1Pangucapé Biléam marang Balak, "Kula nyuwun dipun damelaken mesbèh pitu lan nyuwun dipun sedhiani lembu jaler pitu lan ménda gèmbèl pitu."

2Balak nglakoni apa sing dijaluk Biléam. Biléam banjur nyaosaké kurban rupa sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji ana ing saben mesbèh.

3Biléam kandha karo Balak, "Kula aturi jumeneng celak kaliyan kurban obongan menika. Kula badhé ndedonga, menapa Gusti Allah kersa paring wangsit menapa mboten. Panjenengan badhé kula aturi pirsa sedaya, ingkang dipun ngandikakaken déning Pangéran dhateng kula." Biléam banjur lunga dhèwèkan munggah ing pucaking gunung.

4Ana ing kono Gusti Allah ngrawuhi Biléam. Aturé Biléam marang Allah, "Gusti, kula sampun ngedegaken mesbèh pitu, sarta nyaosaken kurban rupi lembu jaler setunggal, lan ménda gèmbèl jaler setunggal ing saben mesbèh."

5Gusti Allah banjur paring dhawuh apa sing kudu ditindakaké déning Biléam. Biléam banjur didhawuhi bali nemoni Balak, ngandhakna apa sing didhawuhaké déning Allah.

6Biléam banjur nemoni Balak, sing isih ngadeg ing sacedhaké mesbèh, karo para penggedhéné wong Moab kabèh.

7Biléam banjur medhar wangsit mengkéné: "Saka Aram, pegunungan sisih Wétan kana, aku diundang Balak raja ing Moab, tembungé, ‘Tekaa, aku dongakna, Israèl ipat-ipatana!’

8Apa aku bisa ngipat-ipati, yèn Gusti Allah mberkahi? Apa aku bisa ngalang-alangi, yèn Gusti Allah ngrujuki?

9Saka gunung nggonku nyawang, katon cetha gawang-gawang, bangsa pilihané Allah, ora tau sepi ing berkah.

10Umat Israèl cacahé kaya lebu, sapa bisa ngétung iku? Yèn wis tekan ajalku, kapundhuta kaya umatmu, miturut ing sabdané Allah, patiku bakal klawan sumarah."

11Balak banjur kandha karo Biléam, "Kokmekaten criyos panjenengan dhateng kula? Mangka panjenengan malah mberkahi piyambakipun."

12Wangsulané Biléam, "Kula namung saged ngucapaken menapa ingkang kadhawuhaken déning Pangéran."

13Balak kandha karo Biléam, "Mangga kita késah dhateng panggènan sanès. Saking ngriku panjenengan badhé pirsa sapérangan alit kémawon saking bangsa menika. Lajeng kula aturi ngipat-ipati bangsa menika."

14Biléam banjur diajak menyang Sofim, pucuké Gunung Pisga. Ana ing kono Biléam ngedegaké mesbèh pitu lan ing saben mesbèh nyaosaké kurban rupa sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji.

15Kandhané Biléam marang Balak, "Kula aturi tengga sauntawis wonten ing ngriki, sacelakipun kurban menika, kula badhé késah sekedhap ndedonga dhateng Pangéran."

16Gusti Allah rawuh, manggihi Biléam menèh lan ndhawuhaké apa sing kudu dikandhakaké déning Biléam. Biléam nuli didhawuhi nyritakaké marang Balak, apa sing dingandikakaké déning Pangéran.

17Biléam banjur nemoni Balak, sing isih ngadeg ing sacedhaké mesbèh karo para penggedhéné Moab. Balak takon apa sing dingandikakaké déning Pangéran.

18Biléam banjur medhar wangsit mengkéné: "Balak bin Zépor, majua mréné, rungokna pawartané!

19Allah dudu manungsa sing seneng dora, lan gampang sulaya. Yèn Allah janji, mesthi ditetepi. Yèn ngandika mesthi nyata.

20Aku didhawuhi mberkahi, mangka yèn Allah mberkahi, ora bisa diungkiri.

21Daksawang Israèl bakal menang, ora ana sing bisa nyegah, merga sing disembah mung Allah. Menyanga endi parané, Allah ngetutaké, tansah diwartakaké, yèn Allah iku Rajané.

22Saka Mesir diirid déning Pangéran, yèn perang kaya banthèng alasan.

23Daya gaib, ilmu peteng, dhukun ampuh, ora mempan malah lumpuh, nglawan bangsa sing kalok, dijangkung Allah klawan élok.

24Bangsa kuwi kaya singa sekti, mungsuhé ditubruk, getihé diombé. Yèn mungsuhé durung mati, durung lèrèn panglawané."

25Kandhané Balak marang Biléam, "Menawi panjenengan mboten kersa ngipat-ipati bangsa Israèl, inggih sampun, sauger mboten mberkahi piyambakipun!"

26Wangsulané Biléam, "Kula rak sampun matur sadèrèngipun, bilih kula kedah nglampahi sadhawuhipun Allah dhateng kula?"

27Kandhané Balak, "Mangga kita sami pindhah panggènan. Sinten ngertos Allah marengaken panjenengan ngipat-ipati tiyang Israèl ing panggènan sanès."

28Biléam banjur diajak menyang pucaké Gunung Péor sing ngadhepaké segara wedhi.

29Kandhané Biléam marang Balak, "Kula aturi ngedegaken mesbèh pitu ing panggènan menika, sarta nyawisaken lembu jaler pitu lan ménda gèmbèl jaler pitu."

30Balak nindakaké apa sapenjaluké Biléam. Biléam banjur caos kurban ing saben mesbèh rupa sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji.



 <<  Bilangan 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel