Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 26 >> 

1Bareng paukumané wis sirep, Gusti Allah ngandika marang Musa lan Èléazar, anaké Imam Harun,

2"Kowé nganakna cacah jiwa ing Israèl, manut brayaté dhéwé-dhéwé. Wong lanang sing umur rong puluh taun munggah, sing bisa dadi tentara kudu kokcathet."

3(26:3-4) Musa lan Èléazar nuli padha tumindak. Kabèh wong lanang sing umuré rong puluh taun munggah diundang, banjur diklumpukaké ing tanah ngaré Moab, ing sisih wétané Kali Yardèn, cedhak kutha Yérikho. Iki wong-wong sing metu saka tanah Mesir:

4(26:3)

5Saka taler Rubèn (anak pembarepé Yakub) turun-Hénoh, turun-Palu,

6turun-Hézron lan turun-Karmi.

7Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 43.730.

8Sing saka turun-Palu: Éliab,

9lan anak-anaké Éliab yakuwi: Nemuèl, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram kuwi sing dipilih déning wong akèh nglawan marang Musa lan Harun, banjur dadi siji karo golongané Korah, mbrontak marang Allah.

10Lemah sing diidaki mlekah, mangap, banjur nguntal wong-wong mau bareng karo Korah sakanca-kancané; nalika semana wong lanang sing mati cacahé 250, kebrangas ing geni. Kuwi kanggo ngélingaké marang bangsa Israèl.

11Anak-anaké Korah dhéwé ora katut mati.

12Saka taler Siméon: Turun-Némuèl, Yamin, Yakin,

13Zérah lan Saul.

14Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 22.200.

15Saka taler Gad: Turun-Zéfon, turun-Hagi, turun-Suni,

16turun-Ozni,

17turun-Arod lan turun-Arèli.

18Cacahé wong lanang saka turun-turun kuwi 40.500.

19(26:19-21) Saka taler Yéhuda: Turun-Séla, turun-Pèrès, turun-Zérah, turun-Hazon lan Hamul. Anaké lanang Yéhuda: Èr lan Onan wis mati ing tanah Kenaan.

20(26:19)

21(26:19)

22Cacahé wong lanang saka turun-turun kuwi 76.500.

23Saka taler Isakar: Turun-Tola, turun-Pua,

24Yasub lan Simron.

25Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 64.300.

26Saka taler Zébulon: Turun-Sèrèd, turun-Élon lan turun-Yaléèl.

27Cacahé wong lanang ing turun kuwi 60.500.

28Yusuf anaké lanang loro, taler Manasyè lan taler Éfraim.

29Saka taler Manasyè: Makir, anaké Manasyè. Makir duwé anak Giléad. Giléad nurunaké turun-turun:

30Izèr, Hèlèk,

31Asrièl, Sèkhèm.

32Semida lan Hèfèr.

33Zélaféhad, anaké Hèfèr, ora duwé anak lanang, mung wadon thok. Jenengé: Mahla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

34Cacahé wong lanang ing turun-turun mau 52.700.

35Saka taler Éfraim: Turun-Sutélah, turun-Bèker lan turun-Tahan.

36Trah Éran kuwi anak-turuné Sutélah.

37Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 32.500. Kuwi kabèh anak-turuné Yusuf.

38Saka taler Bènyamin: Turun-Béla, turun-Asbèl, turun-Ahiram,

39turun-Séfufam lan turun-Hufam.

40Turun-Arèd lan turun-Naaman, kuwi anak-turuné Zéla.

41Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 45.600.

42Saka taler Dhan: Turun-Suham;

43Cacahé wong lanang saka turun mau 64.400.

44Saka taler Asyèr: Turun-Yimna, Yiswi lan Béria.

45Turuné Hèbèr lan turuné Malkièl kuwi anak-turuné Béria.

46Asyèr duwé anak wadon jenengé Sérah.

47Cacahé wong lanang saka turun-turun kuwi 53.400.

48Saka taler Naftali: Turun-Yahzéèl, Guni,

49Yézèr lan Silèm.

50Cacahé wong lanang saka turun-turun mau 45.400.

51Cacahé wong lanang ing Israèl kabèh ana 601.730.

52Pangandikané Gusti Allah marang Musa,

53"Tanah Kenaan iki dumen marang taler-taler ing Israèl miturut gedhé ciliké taler-taler mau.

54(26:54-56) Carané ngedum-edum srana undhi. Taler sing gedhé wènèhana panduman lemah sing amba, taler sing cilik pandumané ciyut."

55(26:54)

56(26:54)

57Sing klebu taler Lèwi yakuwi turun-Gèrson, turun-Kéhat lan turun-Mérari.

58Klebu uga turun-Libni, turun-Hébron, turun-Mahli, turun-Musi lan turun-Korah. Kéhat kuwi bapakné Amram,

59sing kawin karo anaké wadon Lèwi, sing jenengé Yokebèd. Lairé ing tanah Mesir. Amram karo Yokebèd duwé anak lanang loro yakuwi Harun lan Musa, lan anak wadon jeneng Miryam.

60Harun duwé anak lanang papat, yakuwi: Nadab, Abihu, Èléazar lan Itamar.

61Nadab lan Abihu mati nalika ngobong dupa nganggo geni sing ora dipilih déning Allah.

62Cacahé wong lanang saka taler Lèwi 23.200. Jenengé padha dicathet dhéwé, kapisah karo cathetané umat Israèl liyané, merga padha ora olèh panduman lemah ing Israèl.

63Kaya mengkono cathetan sing digawé déning Musa lan Èléazar bab turun-turuné Israèl, nalika nganakaké cacah jiwa ing tanah ngaré Moab, sawétané Kali Yardèn, cedhak kutha Yérikho.

64Wong-wong sing dicacah jiwa déning Musa lan Harun ana ing pesamunané pegunungan Sinai, ora ana siji waé sing isih urip.

65Gusti Allah wis ngandika, yèn wong-wong mau kabèh bakal mati ing pesamunan, lan iya pancèn mengkono, kabèh wis padha mati, kejaba Kalèb, anaké Yéfuné, lan Yosua anaké Nun.



 <<  Bilangan 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel