Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 3 >> 

1Iki anak-turuné Harun lan Musa, nalika Gusti Allah ngandika karo Musa ana ing Gunung Sinai.

2Harun duwé anak lanang papat, yakuwi: Nadab, pembarep; banjur Abihu, Èléazar lan Itamar.

3Enggoné padha ditetepaké dadi imam nganggo upacara, sirahé diesoki lenga jebad.

4Nanging Nadab lan Abihu padha tinggal-donya ana ing ara-ara samun, nalika ngobong dupa nganggo geni sing ora disengker déning Allah. Wong loro mau padha ora duwé turun. Dadi nalika Harun isih urip, mung kari Èléazar lan Itamar sing nindakaké pegawéan imam.

5Gusti Allah ngandika marang Musa,

6"Wong-wong taleré Lèwi konen sowan mréné, supaya diangkat dadi réwangé Harun.

7Kaum Lèwi kudu leladi ing Kémah Palenggahané Allah lan diwajibaké ngladèni para imam minangka gantiné umat Israèl kabèh.

8Kudu padha ngupakara praboté Kémah Suci lan nglakoni ayahan-ayahan kanggo umat Israèl liyané.

9Ringkesé kaum Lèwi mligi ngladèni Harun lan anak-anaké.

10Harun lan anak-anaké kudu koktetepaké dadi imam. Liyané wong-wong kuwi, sapa waé sing kumawani nglakoni ayahan imam bakal diukum pati."

11Pangandikané Gusti Allah marang Musa,

12(3:12-13) "Kaum Lèwi kuwi saiki Dakpilih mligi kanggo Aku dhéwé. Nalika Aku matèni anak pembarepé wong Mesir, Aku wis milih anak pembarepé saben brayaté umat Israèl lan anak pembarepé kéwan-kéwané. Dadi minangka gantiné anak lanang pembarepé wong Israèl, Aku milih wong Lèwi kanggo Aku dhéwé; wong-wong kuwi dadi duwèk-Ku. Aku iki Allah."

13(3:12)

14Ana ing ara-ara samuné pegunungan Sinai Gusti Allah dhawuh marang Musa,

15supaya nyathet kaum Lèwi miturut leluhuré lan kulawargané dhéwé-dhéwé. Saben bocah lanang umur sesasi munggah jenengé kudu dicathet.

16Musa iya banjur nindakaké apa sing didhawuhaké déning Allah mau.

17(3:17-20) Lèwi duwé anak lanang telu, yakuwi: Gèrson, Kéhat lan Mérari. Wong telu kuwi sing dadi leluhuré wong Lèwi, sing nurunaké turun telu, sing disebut miturut jenengé leluhur siji-sijiné. Gèrson duwé anak lanang loro, yakuwi: Libni lan Simèi. Kéhat duwé anak lanang papat, yakuwi: Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl. Mérari duwé anak lanang loro, yakuwi: Mahli lan Musi. Kuwi mau kabèh padha dadi leluhuré kulawarga, sing disebut miturut jenengé leluhuré dhéwé-dhéwé.

18(3:17)

19(3:17)

20(3:17)

21Turuné Gèrson yakuwi kulawargané Libni lan kulawargané Simèi.

22Cacahé bocah lanang sing umur sesasi munggah ana 7.500.

23(3:23-24) Sing dadi penggedhéné yakuwi Èléazar bin Laèl. Turuné Gèrson mau kudu ngedegaké kémahé ing sisih Kulon, mburiné Kémah Suci,

24(3:23)

25sarta dipasrahi ngurusi payoné Kémah njaba njero, geber ing lawangé Kémah,

26geber-geber ing plataran sing ngubengi Kémah lan mesbèh, sarta geber ing gapuraning plataran. Dadiné padha dipasrahi nindakaké sakèhé pegawéan sing magepokan karo barang-barang mau.

27Turuné Kéhat yakuwi: kulawargané Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl.

28Cacahé bocah lanang sing umur sesasi munggah ana 8.600.

29(3:29-30) Penggedhéné yakuwi Élisafan bin Uzièl. Turuné Kéhat mau kudu ngedegaké kémahé ing sakidulé Kémah Suci.

30(3:29)

31Kuwajibané ngurusi Pethi Prejanjian, méja, lampu-lampu, mesbèh-mesbèh, lan kabèh piranti sing dienggo para imam ing Papan Suci, semono uga geber ing Sasana Mahasuci. Dadiné padha dipasrahi ngurusi sakèhé pegawéan sing magepokan karo barang-barang mau.

32Penggedhéné taler Lèwi yakuwi Èléazar, anaké Harun. Wong kuwi dipasrahi nata wong-wong sing kuwajiban ngladèni ing Papan Suci.

33Turuné Mérari yakuwi kulawargané Mahli lan kulawargané Musi.

34Cacahé wong lanang sing umur sesasi munggah ana 6.200.

35Penggedhéné turun-Mérari yakuwi Zurièl bin Abihail. Turun-Mérari kudu ngedegaké kémahé ing saloré Kémah Suci.

36Turun-Mérari mau dipasrahé ngurusi balungané Kémah, yakuwi cagak-cagak, blandar, umpak lan sakèhé praboté. Dadiné padha diwajibaké nglakoni sakèhé pegawéan sing magepokan karo barang-barang mau.

37Uga padha dipasrahi ngurusi cagak-cagak, umpak, pathok-pathok lan tali-tali sing ana ing plataran njaba.

38Musa lan Harun sarta anak-anaké kudu ngedegaké kémahé ing ngarepé Kémah Palenggahané Allah, yakuwi ing sisih wétané; lan padha dipasrahi nindakaké upacara pangibadah kanggo bangsa Israèl ing Papan Suci. Wong liyané, sapa waé, sing wani-wani nindakaké upacara mau kudu diukum pati.

39Cacahé wong lanang turuné Lèwi sing umur sesasi munggah dicathet miturut kulawargané dhéwé-dhéwé atas dhawuhé Allah, cacahé kabèh 22.000.

40(3:40-41) Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sakèhé anak lanang pembarep ing Israèl kuwi duwèk-Ku. Dadi, catheten jenengé saben anak lanang pembarep ing Israèl sing umur sesasi munggah. Nanging kanggo ijolé Aku netepaké wong Lèwi kabèh dadi duwèk-Ku! Aku iki Allah! Lan raja-kayané wong Lèwi uga Daktetepaké kanggo ijolé sakèhé kéwan ing Israèl sing lair sepisanan."

41(3:40)

42(3:42-43) Musa nindakaké apa sadhawuhé Allah; jenengé anak pembarep sing umur sesasi munggah kabèh dicathet, cacahé kabèh 22.273.

43(3:42)

44Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

45"Saiki kowé nyaosna wong Lèwi kabèh dadi duwèk-Ku kanggo gantiné bocah lanang pembarep ing Israèl kabèh; mengkono uga saosna raja-kayané wong Lèwi kanggo ijolé raja-kaya anak-sepisanan duwèké wong Israèl.

46(3:46-47) Sarèhné cacahé anak lanang pembarep ing Israèl kacèk 273 luwih akèh ketimbang karo anak-anaké Lèwi, mulané luwihané, 273 kuwi kudu ditebus nganggo dhuwit slaka 5 iji miturut rega resmi;

47(3:46)

48dhuwit mau kudu dipasrahaké marang Harun lan anak-anaké."

49Musa uga banjur nindakaké dhawuh mau;

50njupuk dhuwit slaka 1.365 iji,

51dipasrahaké marang Harun lan anak-anaké.



 <<  Bilangan 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel