Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 4 >> 

1Gusti Allah ndhawuhi Musa

2ngétung wong Lèwi turun-Kéhat miturut kulawargané dhéwé-dhéwé,

3sarta nyathet jenengé wong lanang kabèh sing umur antarané telung puluh tekan sèket taun, sing bisa nyambut-gawé ing Kémah Suci.

4Kuwajibané wong-wong mau ngrumati barang-barang sing suci banget.

5Déné dhawuhé Gusti Allah marang Musa mau mengkéné, "Ing wektuné mbedhol Kémah Suci, Harun lan anak-anaké kudu mlebu ing Kémah, ngedhunaké geber sing ana ing ngarepé Pethi Prejanjian, nuli nutupi Pethiné nganggo geber mau.

6Sawisé kuwi geberé banjur ditutup nganggo lembaran kulit sing alus, lan kulit alus mau dilapisi mori biru. Sawisé kuwi lagi kayuné sing kanggo ngusung dipasang."

7Méja sing dienggo nyaosaké roti sesaji konjuk marang Allah kudu ditaplaki nganggo mori biru. Ing méja mau kudu disèlèhi piring, baki wadhah dupa, baki sesaosan, lan kendhi isi anggur saosan. Selawasé kudu ana roti cumawis ing méja kono.

8Kabèh mau kudu ditutupi nganggo mori abang, isih ditumpangi menèh tutup saka kulit alus salembar. Kayuné sing kanggo ngusung nuli dipasang.

9Papan kanggo nyèlèhaké lan lampu-lampuné semono uga sapit lan tadhahé langes sarta wadhahé lenga zaitun kudu ditutupi nganggo mori biru.

10Pedamaran mau saubarampéné kudu dibuntel nganggo kulit alus selembar lan ditumpangaké ing pengusungan.

11Méja emas uga kudu ditaplaki mori biru, banjur ditutupi nganggo kulit alus selembar. Sawisé kuwi kayuné sing kanggo ngusung mesbèh mau dipasang.

12Kabèh prabot sing dienggo ing Papan Suci kudu dijupuk lan dibuntel nganggo mori biru. Banjur kudu ditutupi nganggo kulit alus selembar, sawisé kuwi banjur ditumpangaké ing pengusungan.

13Awu lan gajih sing temèmplèk ing mesbèh kudu diresiki, sawisé mengkono mesbèhé kudu ditutupi nganggo mori wungu selembar.

14Sakèhé piranti sing dienggo ing upacara saos kurban ing mesbèh kudu ditumpangaké ing kono, yakuwi: pedupan, garpu, cuthik lan jembangan. Kabèh mau kudu ditutupi nganggo kulit alus salembar, kayu sing kanggo ngusung banjur dipasang.

15Yèn wis wektuné wong kabèh mbedhol kémahé, turuné Kéhat kudu padha ngangkat lan mikuli barang-barang suci mau, yakuwi sawisé Harun lan anak-anaké rampung enggoné nutupi barang mau sapraboté kabèh. Wong-wong turun-Kéhat kuwi ora kena nggepok barang-barang suci mau; yèn nggepok mesthi bakal mati. Kaya mengkono kuwajibané kaum Kéhat samasa Kémah Suci dielih menyang liya panggonan.

16Èléazar, anaké Harun, dipasrahi ngurusi Kémah Suci mau kabèh, uga lengané lampu-lampu, dupa, kurban dhaharan, lenga jebat, lan sarupané barang sing ana ing Kémah Suci kono, sing dipilih kagem Allah.

17Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun,

18(4:18-19) "Barang-barang kuwi kabèh Dakpilih, mulané kudu dicegah aja nganti kaum Kéhat cedhak-cedhak mrono, supaya aja nemahi mati. Supaya aja kedadéan sing mengkono Harun lan anak-anaké kudu ngandhani saben wong Kéhat sing ngladèni ing Kémah Suci bab kuwajibané dhéwé-dhéwé lan barang apa sing kudu digawa samasa Kémah mau dipindhah.

19(4:18)

20Éwasemono yèn meksa ana wong Kéhat sing mlebu ing Kémah lan ndeleng imam-imam enggoné ngringkesi barang-barang suci sing arep digawa ngalih ing panggonan liya, wong mau bakal mati."

21Gusti Allah dhawuh marang Musa

22ngétung wong Lèwi turuné Gèrson, miturut kulawargané dhéwé-dhéwé.

23Musa kudu nyathet saben wong lanang sing umuré antarané telung puluh tekan sèket taun, sing bisa nyambut-gawé ana ing Kémah Palenggahané Allah.

24(4:24-25) Turun-Gèrson dipasrahi mikuli payoné Kémah njaba-njero; lembaran kulit alus sing dienggo nutupi, geberé lawang Kémah,

25(4:24)

26geber-geber sing ana ing plataran saubengé Kémah lan mesbèh; geber sing ana ing gapurané plataran, lan sakèhé prabot sing dienggo masang barang-barang mau. Turuné Gèrson dipasrahi nindakaké sakèhé pegawéan sing magepokan karo barang-barang mau.

27Musa lan Harun kudu nggatèkaké supaya pegawéan sing dipasrahaké déning Harun lan anak-anaké marang turuné Gèrson padha ditindakaké ing samesthiné; lan kabèh barang sing kudu digawa, supaya digawa.

28Kaya mengkono kuwajibané turuné Gèrson ing Kémah Suci. Tumindaké pegawéan mau diatur déning Itamar, anaké Harun.

29Gusti Allah paring dhawuh marang Musa ngétung wong Lèwi turuné Mérari, miturut kulawargané dhéwé-dhéwé.

30Musa kudu nyathet jenengé wong lanang sing umuré antarané telung puluh tekan sèket taun, sing bisa nyambut-gawé ana ing Kémah Suci.

31(4:31-32) Turun-Mérari kuwi kuwajibané nggawa ragangané Kémah, yakuwi blandar-blandar, cagak-cagak sing ana ing plataran saubengé Kémah sarta umpak-umpaké, pathok-pathok lan tali-tali, karo sakèhé bekakas kanggo ngedegaké. Saben wong diwènèhi kuwajiban nggawa barang sing wis ditemtokaké.

32(4:31)

33Kaya mengkono kuwajibané turun-Mérari kanggo ngurusi Kémah Suci. Tumindaké pegawéan mau diatur déning Itamar anaké Harun.

34(4:34-48) Miturut dhawuhé Allah, Musa Harun lan parapenggedhéné umat Israel padha nganakaké cacah jiwa sing kaping teluné kanggo taler Léwi, yakuwi turuné Kéhat, turuné Gèrson lan turuné Mérari. Cacah jiwa mau dianakaké miturut keturunan, kulawarga, sarta brayaté dhéwé-dhéwé. Jenengé wong lanang kabèh sing umur telung puluh taun tekan sèket taun, sing bisa nyambut-gawé ing Kémah Suci dicathet, olèh-olèhané mengkéné: (Turuné-Cacahé); Kéhat-2.750; Gèrson-2.630; Mérari-3.200; Gunggungé kabèh: 8.580;

35(4:34)

36(4:34)

37(4:34)

38(4:34)

39(4:34)

40(4:34)

41(4:34)

42(4:34)

43(4:34)

44(4:34)

45(4:34)

46(4:34)

47(4:34)

48(4:34)

49Miturut dhawuhé Allah lantaran Musa saben wong jenengé dicathet lan ditetepaké kuwajibané dhéwé-dhéwé sing kudu ditindakaké lan sing kudu digawa samasa Kémah Suci dielih ing panggonan liya.



 <<  Bilangan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel