Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 6 >> 

1Gusti Allah dhawuhi Musa,

2supaya maringaké prenatan-prenatan marang bangsa Israèl mengkené: Wong lanang utawa wadon sing nglairaké janji masrahaké awaké sumaos marang Allah dadi nasir,

3orakena ngombé ombèn-ombèn sing digawé saka wohé anggur lan ora kena mangan woh anggur iya sing isih seger, iya sing digaringaké.

4Selawasé dadi nasir ora kena mangan sarupaning panganan sing digawé saka anggur, dadia wijiné utawa kulité.

5Selawasé dadi nasir wong mau ora kena ngethok utawa nyukur rambuté, nganti saentèké wektuné enggoné masrahaké awaké sumaos marang Allah. Sajroné wektu mau rambuté lan jénggoté kudu diingu sethukulé.

6(6:6-7) Rambuté kuwi kanggo tandha yèn dhèwèké masrahaké awaké sumaos marang Allah. Wong mau ora kena najisaké awaké: ora kena nydhaki wong mati, senajan layoné bapakné, ibuné utawa seduluré pisan.

7(6:6)

8Selawasé dadi nasir wong mau masrahaké awaké marang Allah.

9Yèn rambuté nasir mau dadi najis merga nggepok wong sing mati dadakan ing sandhingé, kudu ngentèni pitung dina. Sawisé mengkono kudu nyukur rambuté lan jénggoté, supaya dadi resik menèh.

10Ing dina ping woluné wong mau kudu nggawa piyik dara utawa manuk drekuku loro marang imam ing ngarepé lawangé Kémah Suci.

11Manuk sing siki kudu disaosaké imam dienggo kurban pangriwating dosa, sijiné dienggo kurban obongan kanggo ngilangi najisé merga nggepok layon mau. Ing dina iku uga wong mau kudu nucèkaké rambuté,

12lan masrahaké awaké menèh sumaos marang Allah tekan saganepé dinané enggoné janji dadi nasir mau. Wektu sing wis dilakoni ora kepétung menèh, merga rambuté wis kena ing najis. Wong mau kudu nggawa cempé wedhus gèmbèl umur setaun disaosaké kanggo kurban dhendha.

13Yèn janjiné wis rampung, wong mau kudu nindakaké upacara, yakuwi ngadhep ing lawangé Kémah Suci,

14lan nyaosaké marang Allah kéwan telu sing ora cacat, yakuwi cempé wedhus gèmbèl lanang umur setaun siji kanggo kurban obongan, cempé wedhus gèmbèl wadon umur setaun siji kanggo kurban pangruwatinng dosa, lan wedhus gèmbèl lanang siji kanggo kurban keslametan.

15Kejaba kuwi kudu nyaosaké roti tanpa ragi sewakul, yakuwi roti bunder sing digawé saka glepung diulet karo lenga zaitun, lan roti tipis sing dilèlèti lenga zaitun. Karo menèh kudu nyaosaké gandum lan anggur.

16Imam kudu nyaosaké kuwi mau kabèh konjuk marang Allah, sarta nyaosaké kurban pangruwating dosa lan kurban obongan.

17Bebarengan karo nyaosaké roti sewakul mau, imam iya kudu nyaosaké wedhusé gèmbèl lanang kanggo kurban keslametan. Uga gandum lan anggur mau kudu disaosaké marang Allah.

18Wongé sing dadi nasir mau kudu nyukur rambuté ana ing lawangé Kémah Suci lan nyemplungaké rambuté ing geni panggonané kurban keslametan mau.

19Sawisé mengkono, samasa sampilé wedhus lanang sing ngarep wis diolah, banjur dijupuk déning imam, disèlèhaké ing tanggané nasir mau, karo roti bunder siji lan roti tipis siji saka wakul mau.

20Imam banjur nyaosaké kuwi mau kabèh mligi konjuk marang Allah. Kuwi kurban suci sing dadi bagéané imam, ditambahi dhadha lan sampilé wedhus gèmbèl lanang, sing miturut prenatan dadi bagéané imam. Sawisé rampung kabèh, wong sing dadi nasir mau lagi kena ngombé anggur.

21Mengkono mau prenatan kanggo wong sing masrahaké awaké dadi nasir. Nanging yèn wong mau wis nglairaké janji arep nyaosaké kurban ngluwihi apa mesthiné, janjiné mau kudu ditetepi.

22Gusti Allah dhawuh marang Musa

23supaya kandha karo Harun lan anak-anaké, yèn mberkati umat Israèl kudu nganggo tembung mengkéné:

24Allah muga maringana berkah, lan kowé padha direksaa.

25Allah muga maringana sarupaning prekara sing becik, lan kowé padha kaparingana sih-rahmat.

26Allah muga mirsani kanthi kawelasan, lan kowé padha kaparingana tentrem rahayu.

27Gusti Allah ngandika, "Yèn sajroné andum berkah marang umat Israèl nganggo nyebut Asma-Ku, Aku iya bakal mberkahi umat mau."



 <<  Bilangan 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel