Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 4 >> 

1Sang Prabu Nebukadnésar nyebar pengumuman marang sakèhé umat, bangsa lan basa ing salumahing bumi mengkéné: "Salamku tumekaa marang kowé kabèh!

2Rungokna, aku arep nyritakaké mujijat-mujijat sing diketingalaké déning Allah Kang Mahaluhur marang aku.

3Saiba gedhéné kaélokan-kaélokan sing diparingaké marang kita! Saiba gedhéné pangwasané mujijat-mujijat sing ditindakaké! Allah jumeneng raja ing selawas-lawasé; pangwasané langgeng."

4Aku Nebukadnésar manggon ing kratonku kanthi kepénak, merga kasugihanku akèh banget.

5Nanging aku banjur ngimpi lan ing sajroning impèn weruh rerupan sing medèni banget.

6Aku banjur dhawuh nglumpukaké sakèhé penaséhat kraton ing Babil sarta kasowanaké ing ngarepku, supaya padha nerangaké tegesé impènku mau.

7Para juru ngramal, juru sihir, juru tenung lan ahli pelintangan banjur padha kasowanaké ing ngarsaku, lan banjur padha dakcritani bab impènku. Nanging wong-wong mau padha ora bisa ngunjukaké ketrangan bab impènku.

8Sawisé mengkono Dhanièl, (kang uga karan Bèltsazar, kaya asmané déwaku) kasowanaké marang aku. Dhanièl kadunungan rohing para déwa, mulané impènku dakcritakaké marang dhèwèké, mengkéné,

9"Bèltsazar, aku ngerti yèn kowé kadunungan rohé para déwa, mulané ngerti marang prekara sing winadi. Mengkéné impènku, lan aku kandhanana apa tegesé.

10Sajroning turu aku ngimpi weruh ana wit gedhé lan dhuwur banget ngadeg ing satengahing bumi.

11Wit mau saya suwé saya gedhé lan saya dhuwur nganti sundhul ing langit lan saben wong ing bumi padha weruh.

12Godhongé wit mau éndah banget, wohé mbiyet akèh banget, nganti cukup kanggo ngingoni makluk sajagad kabèh. Kéwan galak padha ngéyub ing sangisoré lan manuk ing awang-awang padha nusuh ing pang-pangé, sakèhing titah padha olèh pangan saka wit mau.

13Nalika aku lagi mikir-mikir bab impèn mau, dumadakan ana malaékat tumedhak saka langit kalawan waspada lan siaga.

14Ngandika kanthi sora mengkéné, ‘Wit kuwi tegoren, pang-pangé kethoken. Godhongé prithilana lan wohé sebaren. Kéwan-kéwan sing ana ing ngisoré buyarna lan manuk-manuk sing ana ing pang-pangé gusahen.

15Nanging tunggaké karebèn kèri ing lemah, cancangen nganggo ranté wesi lan tembaga. Karebèn tetep ana ing ara-ara awor suket. Karebèn katelesan déning ebuning langit lan urip bebarengan karo kéwan lan thethukulan.

16Pitung taun lawasé wong kuwi bakal ora kadunungan budining manungsa, nanging budining kéwan.

17Mengkono putusané para malaékat sing waspada lan siaga. Kaya mengkono mau supaya wong kabèh ing ngendi waé ngerti, yèn Pangéran Kang Mahaluhur ngwaosi kraton-kratoné manungsa lan maringaké kraton mau marang sapa waé sing dikersakaké, senajan wong sing asor dhéwé pisan bisa kaparingan déning Panjenengané.’

18Kaya mengkono impèn sing daktampa, mengkono pangandikané Sang Prabu Nebukadnésar, ‘Saiki kowé, Bèltsazar, aturna marang aku apa tegesé impèn kuwi. Merga sakèhing para penaséhaté kraton ora ana sing bisa, mung kowé sing bisa, jalaran kowé kadunungan rohé para déwa suci.’"

19Krungu mengkono mau Dhanièl sing iya karan Bèltsazar mung meneng waé karo dheleg-dheleg merga saka kagèté. Sang Prabu ngandika menèh, "Bèltsazar, impèn lan tegesé kuwi aja nganti gawé kagètmu." Atur wangsulané Bèltsazar, "Dhuh Sang Prabu, impèn lan ketranganipun menika mugi namunga katujokaken dhateng para satru paduka lan mboten dhateng paduka.

20Wit ingkang agengipun ngantos sundhul ing langit menika ketingal ing salumahing bumi.

21Ronipun éndah sanget, lan wohipun mbiyet sanget ngantos saged kanggé nggesangi jagad saisènipun. Kéwan galak sami njerum ngaso ing sangandhapipun, lan peksi-peksi sami damel susuh wonten ing pang-pangipun.

22Dhuh Sang Prabu, wit menika mboten sanès Sang Prabu piyambak, inggil lan sentosa. Paduka sampun mindhak-mindhak ing kamulyan ngantos sundhul ing langit, lan pangwaos paduka nyrambahi salumahing bumi.

23Nalika Sang Prabu taksih maspadakaken tetingalan menika, wonten malaékat tumedhak saking swarga kalayan ngandika, ‘Wité tegoren lan sirnakna, mung karèkna tunggaké. Tunggak kacancanga nganggo ranté wesi lan tembaga, karebèn tetep ana ing ara-ara awor suket, lan teles déning ebuning langit sarta awor kéwan galak nganti pitung taun lawasé.’

24Tegesipun menika mekaten: Dhuh Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur sampun paring pirsa dhateng panjenengan bab menapa ingkang badhé kelampahan.

25Paduka badhé katundhung saking masarakating manungsa lan manggèn awor kaliyan kéwan-kéwan ing wana. Pitung taun laminipun paduka badhé dhahar rumput kados lembu jaler, lan saré wonten ing ara-ara, teles déning ebuning langit ingkang ndhawahi paduka, ngantos paduka ngakeni bilih Allah Ingkang Mahaluhur menika ingkang ngwaosi kraton-kratoning manungsa, sarta saged maringaken dhateng soktiyanga ingkang dipun kersakaken.

26Para malaékat sami mutusaken nilar tunggak menika wonten ing siti. Menika tegesipun bilih paduka badhé jumeneng raja malih, sesampunipun paduka ngakeni, bilih ingkang ngratoni salumahing bumi menika namung Allah piyambak.

27Pramila dhuh Sang Prabu, kersaa nampi pamrayogi kawula, inggih menika ngèndeli damel dosa sarta nindakna kaleresan saha kawelasan dhateng tiyang miskin. Menawi mekaten Sang Prabu badhé lestantun ngalami karaharjan."

28Kabèh mau kelakon nekani marang Sang Prabu Nebukadnésar;

29awit let rolas sasi, nalika pinuju tindak-tindak ana ing payoné kedhaton ing Babil,

30panjenengané ngandika, "Saiba ta gedhéné Babil iki! Apa dudu aku sing yasa kutha Babil nganggo kekuwataning pangwasaku, dakdadèkaké kutha krajan tandha gedhéning kamulyanku."

31Durung rampung enggoné ngandika, dumadakan ana swara saka langit ngandika, "Raja Nebukadnésar, rungokna pangandika-Ku! Kratonmu wis kapundhut saka ing kowé.

32Kowé bakal katundhung saka antarané manungsa lan bakal urip amor karo kéwan alasan, sarta mangan suket kaya sapi, nganti pitung taun lawasé. Kowé bakal ngakoni yèn Allah Kang Mahaluhur kuwi sing ngwaosi kraton-kratoning manungsa lan maringaké marang sokwonga sing dikersakaké."

33Pangandika mau sanalika kelakon. Sang Prabu Nebukadnésar kasingkiraké saka antarané masarakating manungsa lan dhahar suket kaya sapi. Sarirané teles déning ebuning langit. Rémané dadi dawa kaya wuluning manuk garudha, lan kukuné iya kaya kukuning manuk.

34Sang Prabu Nebukadnésar ngandika, "Bareng wis kliwat pitung taun, aku banjur tumenga ing langit lan akal-budiku bali menèh. Aku banjur memuji asmané Allah Kang Mahaluhur, dakluhuraké lan dakmulyakaké Panjenengané kang gesang langgeng ing selawas-lawasé. Panjenengané bakal ngerèh ing selawasé, lan kratoné bakal langgeng tanpa wangenan.

35Para wong sing ana ing bumi kaanggep rèmèh. Malaékat ing swarga lan manungsa ing bumi kabèh ana ing pangwasané. Ora ana manungsa sing bisa nyegah kersané utawa nyuwun pirsa bab pendamelé."

36Bareng akal-budiku pulih, kaluhuran lan kamulyaning kratonku iya kabalèkaké marang aku menèh. Para pegawéku lan para luhur padha methukaké aku. Aku nampani menèh kraton lan pangwasaku, malah ngungkuli sing wis kepungkur.

37Saiki aku, Nebukadnésar, memuji, ngluhuraké sarta mulyakaké Ratuning Swarga. Sakèhé pendamelé bener lan adil; sarta kwaos ngasoraké wong-wong sing gemunggung.



 <<  Daniel 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel