Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 9 >> 

1Sang Prabu Dharius trah Média, putrané Sang Prabu Akhaswéros, jumeneng raja ing Babil.

2Ing taun wiwitané pepréntahané, aku nitipriksa kitab-kitab suci lan mikir-mikir bab kaanané Yérusalèm, sing miturut pangandikané Allah marang Nabi Yérémia, pitung puluh taun lawasé bakal dadi jugrugan.

3Aku nyuwun kanthi banget ing pandongaku marang Gusti Allah, kanthi ngasih-asih, pasa, nganggo sandhangan bagor, lan lungguh ing awu.

4Aku ndedonga marang Pangéran Allahku, karo ngakoni dosa-dosaku. Unjukku, "Dhuh Allah, Paduka menika Mahaluhur, mila kawula ngluhuraken Paduka. Paduka menika setya dhateng prejanjian Paduka, saha ngetingalaken sih Paduka dhateng sedaya tiyang ingkang tresna dhateng Paduka, sarta nglampahi dhawuh-dhawuh Paduka.

5Kawula sami damel dosa, kawula sami tiyang awon, ingkang nglampahi piawon. Kawula sami nampik dhawuh ingkang Paduka paringaken supados kawula lampahi, nanging milih nyimpang saking mergining kaleresan ingkang Paduka tedahaken.

6Kawula mboten sami mirengaken abdi Paduka, para nabi, ingkang sami ngandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, dhateng leluhur kawula, saha dhateng umat Israèl sedaya.

7Dhuh Allah, Paduka menika ingkang leres, nanging kawula tansah ndhatengaken wirang dhateng badan kawula piyambak. Inggih kawula, bangsa Israèl ingkang sami manggèn ing Yéhuda lan ing Yérusalèm, menapa malih ingkang Paduka sebar manggèn ing negari-negari celak lan tebih; kawula sedaya mboten sami setya dhateng Paduka.

8(9:8-9) Para ratu kawula, para pengageng lan para leluhur kawula sampun damel wirang dhateng Paduka lan damel dosa dhateng Paduka.

9(9:8)

10Dhuh Pangéran Allah kawula, nalika Paduka ngandika bilih kawula kedah sami gesang miturut dhawuh-dhawuh peparing Paduka lantaran para nabi, abdi Paduka.

11Tiyang Israèl sedaya sampun nerak dhawuh-dhawuh Paduka lan nampik mirengaken pangandika Paduka. Kawula sampun sami damel dosa dhateng Paduka, ngantos Paduka sampun ndhatengaken paukuman kados ingkang kaserat ing prenatanipun Musa, abdi Paduka.

12Paduka sampun netepi menapa ingkang sampun Paduka ngandikakaken sadèrèngipun, bab kasangsaran ingkang badhé Paduka paringaken dhateng kawula. Yérusalèm sampun Paduka ukum, awratipun ngungkuli paukuman ingkang kadhawahaken dhateng kitha sanès-sanèsipun.

13Cocog kaliyan paukuman ingkang kasebut ing prenatanipun Musa. Éwasemanten, dhuh Allah, menika wau sedaya mboten damel kawula sami mratobat saking dosa-dosa kawula, sarta mlampah ing mergining kaleresan.

14Dhuh Pangéran, Paduka menika Allah kawula. Paduka nyawisi paukuman kanggé kawula lan inggih Paduka paringaken, margi Paduka selaminipun nindakaken kaleresan, mangka kawula mboten sami purun mirengaken dhawuh Paduka.

15Dhuh Pangéran, Allah kawula, Paduka sampun ngetingalaken pangwaos srana ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir, lan pangwaos Paduka menika inggih tansah sami kawula èngeti. Kawula sampun nglampahi dosa; kawula sampun sami damel piawon.

16Ing jaman ingkang sampun kepengker kawula sampun Paduka ayomi, pramila Yérusalèm sampun Paduka ukum malih. Menika rak kitha kagungan Paduka piyambak, gunung Paduka ingkang suci. Sedaya bangsa sakiwa-tengen kawula ngrèmèhaken Yérusalèm lan umat Paduka margi saking dosa-dosa kawula lan dosa-dosanipun para leluhur kawula.

17Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pesambat lan panyuwun kawula. Pedaleman Paduka ingkang sampun karisak menika mugi Paduka bangun malih. Kabanguna malih, supados saben tiyang sumerep bilih Paduka menika Allah.

18Mugi kersa miyarsakaken atur kawula, dhuh Allah. Kersaa mirsani kasisahan kawula, saha kasangsaranipun kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka. Enggèn kawula ndedonga lambaran sih-piwelas Paduka, mboten lambaran kasaénan kawula.

19Dhuh Pangéran, mugi kersa paring pangapunten. Dhuh Pangéran, kersaa miyarsakaken lan lajeng kersa tumindak! Supados saben tiyang sami sumerepa, bilih Paduka menika Allah. Mugi sampun andedangu! Kitha saha umat menika rak kagungan Paduka piyambak!"

20Aku nerusaké enggonku ndedonga, ngakoni dosa-dosaku lan dosa-dosané umat Israèl, karo ngrerepa ing ngarsané Pangéran, Allahku, supaya kersa mbangun Pedalemané Allah.

21Sajroné ndedonga, dumadakan Gabrièl, sing wis dakdeleng ana ing wahyu sadurungé, mabur medhun marani aku. Nalika semono lagi wektuné saos kurban soré.

22Gabrièl paring ketrangan mengkéné, "Dhanièl, tekaku mréné prelu mbiyantu kowé supaya ngerti maknané wahyu.

23Nalika kowé ngasih-asih ana ing ngarsané Pangéran, Panjenengané paring wangsulan marang kowé. Panjenengané asih marang kowé, mulané aku teka prelu awèh weruh marang kowé. Saiki rungokna sing temenan ketranganku bab wahyu mau.

24Wektu sing ditetepaké déning Allah kanggo ngluwari umatmu lan nucèkaké kutha suci saka dosa lan kanisthan kuwi lawasé pitu ping pitung puluh taun. Ing kono dosa bakal diapura lan keadilan langgeng ditetepaké. Srana mengkono wahyu lan ramalan bakal kelakon, sarta Pedalemané Allah karesmèkaké menèh.

25Titènana lan ngertia: Wiwit saka wektu Allah dhawuh mbangun Yérusalèm, tekan rawuhé Kang Jinebadan déning Allah, kuwi lawasé pitu ping pitung taun. Sajroné sewidak loro taun ping pitu Yérusalèm bakal kabangun menèh, dalan-dalané lan bètèngé, nanging ing jaman kuwi bakal ana kasusahan akèh.

26Sawisé jaman mau Kang Jinebadan déning Allah bakal kasédanan tanpa kaluputan. Kutha Yérusalèm lan Pedalemané Allah bakal kagempur déning tentaraning ratu sing gedhé pangwasané, nglurugi perang mrono. Tekané serangan kaya banjir, nggawa karusakan sing wis katetepaké déning Allah.

27Raja mau bakal gawé prejanjian sing abot karo rakyat lawasé pitung taun, lan sawisé kliwat telu setengah taun, raja bakal nglarang kurban sembelèhan lan kurban dhaharan. Juru Pangrusak banjur bakal teka rerikatan ing Pedalemané Allah lan manggon ing kana, sarta padha kasirnakaké déning Allah, kaya sing wis katetepaké."



 <<  Daniel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel