Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 2 >> 

1Cara karohanèn, kowé biyèn wis padha mati merga enggonmu ora mbangun-turut marang Gusti Allah lan merga dosa-dosamu.

2Nalika semana kowé padha manut kaananing donya sing ala. Kowé padha mbangun-turut marang pangwasané roh-roh sing ana ing langit, yakuwi roh-roh sing saiki mengku wong-wong sing padha mbangkang marang Gusti Allah.

3Satemené kita kabèh iki biyèn iya kaya wong-wong mau. Kita padha urip nuruti hawa-nepsu kita dhéwé, lan nindakaké apa waé, sing dadi pepénginané badan lan pikiran kita. Biyèn urip kita padha waé karo wong-wong liyané, nganti kita iya ketaman bebenduné Gusti Allah.

4Nanging merga saka lubèring piwelasé Gusti Allah, lan sih-kadarmané sing gedhé banget,

5Panjenengané kersa nangèkaké kita saka ing pati bareng karo Sang Kristus, senajan nalika semana kita cara karohanèn wis mati merga panerak kita. Merga saka sih-rahmaté Gusti Allah, kowé padha kaparingan keslametan.

6Ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, Gusti Allah wis nangèkaké kita bareng karo Sang Kristus, supaya kita bebarengan karo Panjenengané ngratoni swarga.

7Mengkono enggoné Gusti Allah nélakaké gedhéning sih-rahmaté lan katresnané sing diparingaké marang kita lantaran Sang Kristus Yésus ing selawasé.

8Sebab enggonmu diparingi keslametan kuwi merga sih-rahmaté Gusti Allah, lantaran enggonmu precaya marang Gusti Yésus. Keslametan kuwi dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Gusti Allah.

9Mulané ora ana sing kena kokenggo alesan gumunggung, sebab kabèh kuwi dudu wohing penggawému dhéwé.

10Kita iki padha titahé Gusti Allah, kang nitahaké kita ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, supaya kita padha nglakoni penggawé becik, sing wis kacadhangaké kanggo kita.

11Nalika semana kowé durung dadi wong precaya, lan déning wong Yahudi disebut "wong ikutan". Déné wong Yahudi dhéwé nyebut awaké dhéwé "wong tetakan" (yakuwi tetak tata lair srana tanganing manungsa). Kowé padha élinga marang kaananmu dhèk biyèn.

12Nalika semana kowé padha pisah karo Sang Kristus. Kowé biyèn wong-wong manca, lan ora klebu umat pilihané Gusti Allah. Kowé padha ora klebu ana ing prejanjian-prejanjiané Gusti Allah marang umaté. Nalika semana kowé padha urip ing donya iki tanpa pengarep-arep lan tanpa Allah.

13Nanging ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, kowé sing biyèn adoh, saiki wis dicedhakaké déning sédané Sang Kristus.

14Sebab Sang Kristus piyambak kang ngrukunaké kita. Panjenengané nyatunggilaké wong Yahudi lan dudu Yahudi dadi umat siji. Srana sarirané piyambak Sang Kristus wis ngrubuhaké témbok singgetan, sing misahaké wong Yahudi lan dudu Yahudi mau, lan sing njalari wong-wong mau padha memungsuhan.

15Panjenengané wis mbatalaké Torèté wong Yahudi, semono uga angger-angger lan prenatan-prenatané, supaya bangsa loro mau kabangun dadi umat anyar siji, sing tetunggilan karo Sang Kristus. Mengkono enggoné Panjenengané paring katentreman.

16Lantaran sédané ing kayu salib Sang Kristus wis nyirnakaké sesatroné wong-wong mau. Srana salib mau Panjenengané nunggilaké bangsa karo-karoné dadi bangsa siji, karukunaké karo Gusti Allah.

17Dadiné Sang Kristus mau rawuh martakaké Injiling katresnan marang wong kabèh, yakuwi marang kowé, wong dudu Yahudi, sing biyèn padha adoh karo Gusti Allah, lan marang wong Yahudi, sing cedhak karo Gusti Allah.

18Lantaran Sang Kristus, kita kabèh, dadia wong Yahudi, dadia wong dudu Yahudi, padha bisa sowan menyang ngarsané Sang Rama, nunggal ing Roh siji.

19Mulané kowé wong-wong sing dudu Yahudi, wis dudu wong manca utawa wong njaba. Kowé saiki wis dadi warganing umaté Allah, lan warganing brayaté Allah.

20Kowé uga padha didegaké manut dhasar sing wis dibangun déning para rasul lan para nabi; déné Sang Kristus piyambak jumeneng dadi umpaking saka guru.

21Panjenengané sing nggandhèng pérangan-pérangané gedhong mau nganti dadi Pedalemané Allah utawa papan pangibadah sing suci kagem Panjenengané.

22Krana patunggilanmu karo Sang Kristus kowé uga padha kabangun bebarengan karo wong-wong liyané, dadi Pedalemané Allah lantaran Sang Rohé Suci.



 <<  Efesus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel