Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 2 >> 

1Ora wetara suwé, senajan Sang Prabu wis lilih dukané, isih terus menggalih apa sing ditindakaké déning Ratu Wasti lan putusan tumrap penggawéné.

2Mulané para penaséhaté sing celak karo Sang Prabu padha ngusulaké mengkéné, "Prayoginipun Sang Prabu mundhut putri-putri prawan ingkang ayu-ayu.

3Pramila kersaa ngangkat punggawa-punggawa ing saben propinsi ing negari menika kadhawuhana pados putri-putri prawan ingkang ayu-ayu, lajeng kabekta dhateng keputrèn ing kedhaton Susan ngriki. Hégai, pengageng ingkang kapatah ngreksa keputrèn menika, kadhawuhana ngurusi putri-putri wau lan ngupakara ayuning warninipun.

4Sesampunipun menika Sang Prabu kersaa milih putri pundi ingkang dipun renani piyambak. Putri menika kadadosna pramèswari lintunipun Ratu Wasti." Sang Prabu rujuk karo usul mau, nuli ditindakaké.

5Ing kutha Susan kono ana wong Yahudi jenengé Mordekhai bin Yair. Wong mau tedhaké Kis lan Simèi saka taler Bènyamin.

6Mordekhai ditawan nalika Yérusalèm ditelukaké déning Nebukadnésar, raja Babil. Enggoné ditawan mau bareng karo Yoyakhin, raja Yéhuda lan isih akèh menèh barengané.

7Mordekhai mau duwé keponakan, prawan ayu sing pawakané lencir, jenengé Èster, iya disebut Hadasa. Èster mau bocah lola lan dipèk anak déning Mordekhai, dirumati kaya anaké dhéwé.

8Bareng dhawuhé Sang Prabu diumumaké, akèh prawan ing Susan sing diklumpukaké, klebu uga Èster. Dhèwèké digawa menyang kedhaton lan dipasrahaké marang Hégai, sing ngepalani keputrèn.

9Bareng weruh Èster, Hégai gumun banget lan seneng karo bocah mau. Èster énggal-énggal diupakara lan diwènèhi pangan mirunggan supaya tambah ayuné. Èster dielih ing kamar keputrèn sing apik dhéwé, lan diparingi réwang prawan pitu sing nyambut-gawéné cékat-cèket, saka kedhatoné Sang Prabu.

10Èster netepi piwelingé Mordekhai, dipenging kandha yèn dhèwèké kuwi wong Yahudi.

11Mordekhai saben dina mlaku-mlaku ing taman sing ana ing ngarepé keputrèn mau, supaya krungu kabar bab kaanané Èster lan kepriyé nasibé.

12Miturut tatanan ing kono, prawan-prawan mau diupakara kaéndahaning rupané suwéné setaun. Nem sasi awaké diborèhi nganggo lenga karo menyan, lan nem sasi menèh diborèhi nganggo lenga dicampur karo wangèn-wangèn liyané. Sawisé mengkono saben prawan giliran disowanaké Sang Prabu Akhaswéros.

13Samasa arep ngadhep Sang Prabu, prawan mau kena menganggo apa waé sing disenengi.

14Prawan mau digawa menyang kedhaton ing wayah bengi, lan ésuké digawa menyang keputrèn liyané. Ana ing kana diurus déning Saagas, abdi sing ngurusi para seliré Sang Prabu. Prawan mau saterusé ora bakal ngadhep marang Sang Prabu menèh, kejaba yèn dikersakaké déning Sang Prabu lan ditimbali karo nyebut jenengé.

15Kecrita Èster olèh giliran ngadhep Sang Prabu. Èster kuwi anaké Abihail; Mordekhai sing mupu Èster kuwi pamané. Èster dirumat kaya anaké dhéwé. Saben wong gumun ndeleng ayuné bocah wadon mau. Nalika ngadhep Sang Prabu Èster menganggo manut pituduh lan pamrayogané Hégai, punggawa kedhaton sing ngepalani keputrèn.

16Ing taun kapituné pepréntahané Akhaswéros, sasi ping sepuluh, yakuwi sasi Tèbèt, Èster disowanaké Sang Prabu Akhaswéros ing kedhatoné.

17Èster gawé renaning penggalihé Sang Prabu, ngungkuli prawan liya-liyané. Mulané dikasihi déning Sang Prabu. Sang Prabu banjur masang makuthaning kraton ana ing sirahé Èster lan ngangkat Èster dadi pramèswariné, nggentèni Ratu Wasti.

18Sawisé mengkono Sang Prabu nganakaké pésta gedhèn kanggo ngurmati Èster, ngulemi para punggawa lan para penggedhé kabèh. Sanegara kabèh diparingi libur déning Sang Prabu. Panjenengané uga ngedum ganjaran kanthi loma.

19Kecrita Mordekhai diangkat déning Sang Prabu dadi punggawa negara.

20Èster durung matur marang Sang Prabu yèn dhèwèké kuwi wong Yahudi, merga dipenging déning Mordekhai. Mangka Èster nurut marang Mordekhai, pamané mau.

21Ing sawijining dina nalika Mordekhai lagi nyambut-gawé ing kedhaton, ana punggawa kedhaton loro, yakuwi Bigtan lan Tèrès, padha sarembug arep nyédani Sang Prabu Akhaswéros, merga padha sengit marang panjenengané.

22Rancangan mau keprungu déning Mordekhai; Mordekhai banjur énggal-énggal kandha karo Èster. Èster ora sranta, nuli ngaturaké marang Sang Prabu apa sing dirungu saka Mordekhai mau.

23Bareng prekarané ditliti ketitik yèn laporan mau bener. Wong loro mau diukum gantung. Lelakon iki dicathet ing buku sejarahé negara atas dhawuhé Sang Prabu.



 <<  Ester 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel