Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 3 >> 

1Ora wetara suwé Sang Prabu Akhaswéros ngangkat wong jeneng Haman dadi perdana menteri. Haman kuwi anaké Hamedata, tedhaké Agag.

2Sang Prabu ndhawuhaké marang para punggawa kabèh supaya padha ngurmati Haman srana sujud ing ngarepé. Wong kabèh padha nurut marang dhawuh mau, kejaba Mordekhai.

3Para punggawa kedhaton padha takon marang Mordekhai apa sebabé dhèwèké nerak dhawuhé Sang Prabu,

4lan saben dina Mordekhai dibujuk supaya gelem nuruti dhawuh mau, nanging tetep ora gelem. Wangsulané, "Aku iki wong Yahudi. Aku ora kena sujud ing ngarepé manungsa." Prekara mau banjur dilapuraké marang Haman, merga kepéngin weruh apa sing bakal ditindakaké déning Haman marang Mordekhai.

5Bareng krungu y èn Mordekhai ora gelem sujud, Haman nepsu banget.

6Nalika krungu yèn Mordekhai kuwi wong Yahudi, Haman niyaté arep ngukum Mordekhai. Malah ora mung Mordekhai waé, wong Yahudi kabèh sing ana ing negara Pèrsia arep ditumpes.

7Nalika pepréntahané Raja Akhaswéros nyandhak taun ping rolas, ing sasi siji, yakuwi sasi Nisan, Haman kongkonan nggawé undhi, sing disebut "Purim," kanggo meruhi dina endi sing becik kanggo ngleksanani niyaté sing ala mau. Mulané banjur netepaké tanggal telulas, sasi rolas, yakuwi sasi Adar.

8Haman matur marang Sang Prabu, "Dhuh Sang Prabu. Wonten bangsa anèh ingkang sumebar ing saben propinsi ing negari menika. Adat tatacaranipun béda sanget kaliyan bangsa-bangsa sanèsipun. Sami mboten tundhuk dhateng hukum-hukumipun negari. Pramila prayogi menawi bangsa menika mboten dipun kèndelaken tumindak sasekécaning manahipun piyambak.

9Menawi Sang Prabu kepareng ing galih, prayogi menawi Sang Prabu ngasta serat keputusan kanggé numpes bangsa menika. Menawi Sang Prabu kersa nampi usul kula, mesthi kula saged nglebetaken slaka 340.000 ing kas negari."

10Mireng atur mengkono mau, Sang Prabu nuli nglolos sesupé kang diagem kanggo ngecap pengumuman-pengumuman resmi. Sesupé mau diparingaké marang Haman, mungsuhé bangsa Yahudi sing gedhé dhéwé.

11Pangandikané Sang Prabu, "Bangsa kuwi lan bandhané dakpasrahaké marang kowé. Tindakna sasenengé atimu."

12(3:12-13) Kecrita nalika tanggal telulas sasi kapisan, Haman nglumpukaké para sèkretarisé Sang Prabu. Banjur padha dikon gawé layang kaya sing dikarepaké. Layang mau banjur disalin ing basa-basa kabèh lan ditulis nganggo aksara-aksara sing dingertèni wong ing wilayah mau. Layangé ditulis atas asmané Sang Prabu Akhaswéros lan dicap nganggo sesupéné, banjur dikirim kilat menyang para pangwasa, gubernur lan penggedhé ing propinsi-propinsi kabèh. Surasané préntah, supaya mbésuk tanggal telulas sasi Adar, bangsa Yahudi kabèh, nom tuwa, wong wadon lan bocah-bocah, kudu dipatèni kabèh lan bandhané kudu dirampas.

13(3:12)

14Préntah mau kudu diumumaké ing saben propinsi, supaya wong kabèh ing dina mau wis siaga.

15Para utusan énggal budhal ngeteraké layang-layang mau marang propinsi-propinsi kabèh. Atas préntahé Sang Prabu layang-layang mau iya diumumaké ing Susan, ibu kotané Pèrsia. Sawisé mengkono Sang Prabu lan Haman padha lenggahan ngunjuk anggur; nanging kutha Susan bareng krungu kabar mau gègèran.



 <<  Ester 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel