Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 9 >> 

1Sawisé lelakon kuwi mau para penggedhé nuli nekani aku, padha kandha mengkéné, "Umat Israèl, para imam lan tiyang Lèwi mergi nglampahi pendamel nistha, tumindakipun sami kaliyan tiyang-tiyang ing tanah ngriki, kadosta tiyang Hèt, tiyang Fèris, tiyang Yébus, tiyang Amon, tiyang Moab, tiyang Mesir tuwin tiyang Amiri.

2Sami mendhet sémah tiyang-tiyang èstri saking bangsa-bangsa wau sarta ugi kanggé anak-anakipun. Mila wiji ingkang suci campur kaliyan para bangsa ing tanah ngriki, malah ingkang miwiti nglampahi nerak mekaten menika para pengageng lan para pemimpin."

3Bareng krungu mengkono mau, aku banjur nyuwèk klambiku rangkepan lan jubahku, sarta njabuti rambutku lan jénggotku, karo ndhéprok lan dheleg-dheleg saka sedhihku.

4Para wong sing padha ndredheg merga wedi karo pangandikané Allah krana dosa sing dilakoni wong-wong sing padha bali saka pembuwangan, padha nglumpuk ana ing ngarepku. Aku isih tetep ndhéprok dheleg-dheleg saka sedhihku, nganti tekan wayahé saos kurban soré.

5Bareng wayahé saos kurban aku banjur ngadeg saka papan kono. Klambiku rangkepan lan jubahku isih suwèk. Aku banjur jèngkèng karo ngangkat tanganku matur Pangéran, Allahku, unjukku,

6"Dhuh Allah kawula! Kawula isin sanget saupami ngantosa nyawang dhateng Paduka, Allah kawula. Mergi dosa kawula menika tumpuk-tumpuk ngantos sundhul ing langit.

7Enggèn kawula nandhang kalepatan ageng wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi dinten menika. Inggih krana saking dosa kawula, kawula sami kaulungaken dhateng tanganipun para raja ing tanah manca. Inggih kawula saha para raja kawula saha para imam kawula sami dipun pejahi srana pedhang, dipun bucal ing negari manca, dipun jarah-rayah, ngantos sami nandhang wirang, inggih kados kawontenan kula ing dinten menika.

8Samenika, nembé kémawon kawula sami ngalami sih-kamirahanipun Pangéran, Allah kawula. Saking antawisipun tiyang-tiyang ingkang pembuwangan, kawula sami kaparingan pengasoan wonten ing panggènan suci menika. Paduka sampun maringi gesang énggal.

9Kawula menika réncang tumbasan, nanging Paduka mboten négakaken kawula. Kawula Paduka angsalaken sih saking raja-raja ing negari Pèrsia, ngantos kawula sami lestantun gesang saha angsal palilah mbangun malih Pedalemanipun Allah kawula, ingkang suwau sampun dados jugrugan. Malah kawula saged gesang kanthi tentrem wonten ing tanah Yéhuda kaliyan ing Yérusalèm.

10Nanging samenika, dhuh Allah, menapa ingkang saged kawula unjukaken sesampunipun lelampahan menika sedaya? Kawula sampun ngantos nglirwakaken malih dhateng dhawuh Paduka,

11ingkang sampun Paduka paringaken lantaran para abdi Paduka, para nabi, ingkang suraosipun, ‘Tanah kang kokparani lan arep kokdarbèni iku tanah kang najis, krana saka pratingkahé para bangsa kang manggon ing kono. Iya krana saka pratingkahé sing rusuh, nistha, tanah iki wis najis kabèh saka tapel watesé ing sisih kéné tekan tapel watesé sing sisih kana.’

12Kawula sami dipun weling supados sampun ngantos nyukakaken anak-anak kawula èstri dhateng anakipun jaler bangsa menika, lan sampun ngantos mendhet anak èstrinipun kaangsalaken anak jaler kawula. Mekaten ugi kawula sampun ngantos ngangkah piyambakipun angsal kabegjan lan katentreman ing selami-laminipun. Menika sedaya supados kawula dadosa rosa sarta pamedalipun siti ingkang saé, sarta marisaken siti menika dhateng anak-putu kawula langgeng ing selaminipun.

13Kawula sampun kedhatengan samukawis sedaya ingkang mergi saking piawon saha kalepatan kawula ingkang ageng. Paukuman Paduka, dhuh Allah kawula, mboten ngantos ngimbangi awratipun dosa kawula; malah kawula taksih sami Paduka paringi kanca semanten kathahipun.

14Menapa kawula lajeng sami badhé nerak dhawuh Paduka malih srana bebésanan kaliyan para bangsa ingkang lampahipun awon menika? Menawi mekaten, kawula mesthi sami Paduka ukum ngantos tumpes tapis, ngantos mboten wonten ingkang kantun setunggal-tunggala ingkang oncat.

15Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl! Paduka menika adil, awit kawula ingkang sami kantun menika taksih Paduka parengaken gesang, kados kawontenan kawula samangké. Samangké kawula sami marek sowan ing ngarsa Paduka kalayan ngakeni kalepatan kawula. Kawula èstunipun mboten pantes sowan ing ngarsa Paduka."



 <<  Ezra 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel