Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Habakuk 2 >> 

1Aku dakmunggah ing pangungakanku lan ngentèni dhawuhé Pangéran minangka wangsulané pesambatku.

2Pangéran paring wangsulan mengkéné, "Tulisen sing cetha ana ing papan sing Dakparingaké marang kowé, supaya gampang diwaca déning saben wong.

3Tulisen dhisik, sebab durung tekan titi-mangsané kelakon. Nanging kelakoné bakal ora suwé menèh, lan apa sing Daktedahaké marang kowé bakal énggal kelakon. Katoné kelakoné mau alon-alon, nanging entènana waé; sebab prekara kuwi mesthi bakal kelakon, ora diundur lan ora dibatalaké.

4Wosing wangsit kuwi mengkéné, ‘Wong ala bakal ora lestari urip, nanging wong mursid bakal urip merga saka precayané marang Allah.’"

5Kasugihan kuwi kanggo ngakali. Wong srakah kuwi angkuh lan ngangsa-angsa. Kaya pati iya ora wareg-wareg, yakuwi sebabé enggoné ora lèrèn-lèrèn nelukaké bangsa-bangsa. Rampung siji banjur sijiné, padha didadèkaké kawulané lan dirèmèhaké.

6Bangsa-bangsa sing ditelukaké mau bakal padha moyoki bangsa Babil lan ngétokaké enggoné ngrèmèhaké. Bakal padha muni, "Kowé padha njupuki barang-barang sing dudu duwèkmu, mulané kowé bakal kena ing paukuman! Nganti pira lawasé enggonmu arep nyugihaké awakmu dhéwé srana meksa wong-wong sing nggadhèkaké barangé marang kowé supaya nglunasi utangé?"

7Nanging tanpa kanyana kowé sing nelukaké bangsa-bangsa, bakal duwé utang dhéwé lan bakal kepeksa mbayar utangmu nganggo anakan sing akèh. Kowé bakal ketekan mungsuh-mungsuh akèh, mula kowé bakal gemeter! Kuwi bakal padha ngrampog barang-darbèkmu!

8Kowé wis ngrampog bangsa pirang-pirang, saiki kekarèné bangsa-bangsa mau sing isih padha urip, bakal gentèn ngrampog kowé, merga kowé wis matèni wong akèh lan merga saka tindakmu sing ambek siya marang wong-wong sajagad lan marang kutha-kuthané.

9Saiki kowé nampa paukuman! Sebab kowé wis nyugihaké brayatmu srana ngrampog lan meksa, nanging omahmu dhéwé arep kokgawé aman, luwar saka bebaya!

10Nanging rancanganmu wis gawé wirang marang brayatmu. Kowé wis numpes bangsa akèh, mangka penggawému kuwi nekakaké karusakan marang kowé.

11Watu-watu ing bètèngmu padha nggugat kowé lan usuk-usuké omahmu iya padha sesambat.

12Kowé wis tampa paukuman! Kowé wis ngedegaké kutha sing kokdhasari panganiaya lan kokbangun nganggo matèni wong akèh.

13Bangsa-bangsa sing koktelukaké padha nyambut-gawé ora ngétung sayah, lan apa sing padha dibangun mau wekasané mung dadi pakané geni. Pangéran Allah Kang Mahakwasa sing nindakaké kuwi mau kabèh.

14Nanging bumi bakal kebak kawruh bab kamulyané Pangéran, kaya déné segara enggoné kebak banyu.

15Kowé kena ing laknat! Sajroning nepsumu kowé wis gawé wirang marang wong-wong ing kiwa-tengenmu. Padha kokgawé sempoyongan kaya wong mendem.

16Mulané kowé dhéwé bakal digawé wirang lan ora kajèn. Kowé dhéwé bakal ngombé lan sempoyongan. Pangéran bakal paring kowé ngombé saka tuwungmu dhéwé, tuwunging paukuman. Sarta kaurmatanmu bakal diwalik dadi kanisthan.

17Kowé wis negori wit-witané alas Libanon, saiki kowé gentèn bakal kategor. Kéwan-kéwané padha kokpatèni, saiki kéwan-kéwan mau bakal nekakaké pagiris marang kowé. Iki kabèh merga saka enggonmu gawé pepati lan tumindakmu sing ambek siya marang wong-wong ing bumi lan marang kutha-kuthané.

18Brahala reca ukir-ukiran kuwi gunané apa? Apa kuwi dudu gawéaning tangané manungsa, lan kuwi kabèh apa ora mung apus-apusan? Kuwi nekakaké kabecikan apa kanggoné sing gawé lan sing precaya? Allah sing nyuwara waé ora bisa!

19Mulané kowé kena ing laknat! Merga kowé wis kandha karo kayu, "Panjenengan mugi kersa wungu!" lan kandha karo watu, "Panjenengan mugi kersa wungu!" Apa reca ukir-ukiran mau bisa medhar wangsit kanggo kowé? Pancèn reca-reca mau kablongsong ing emas lan slaka, nanging ing njeroné ora ana rohé babar-pisan!

20Nanging Pangéran lenggah ing Pedalemané Kang Suci. Hé salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsané!



 <<  Habakuk 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel