Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hagai 1 >> 

1Nalika Sang Prabu Dharius enggoné jumeneng ratu nyandhak rong taun, ing dina kapisan, sasi kaping nem, Pangéran ngandika lantaran Nabi Hagai. Pangandika mau katujokaké marang Zérubabel bin Séaltièl, gubernur ing Yéhuda, lan marang Imam Agung Yosua bin Yozadak.

2Pangandikané Pangéran marang Hagai mengkéné, "Wong-wong kuwi padha kandha yèn saiki durung wektuné mbangun Pedalemané Allah."

3Pangéran banjur paring dhawuh marang wong kabèh lantaran Nabi Hagai mengkéné,

4"Hé umat-Ku, yagéné kowé padha manggon ing omah-omah sing méwah, mangka Pedaleman-Ku isih rupa jugrugan.

5Apa kowé padha ora nitèni lelakon sing kokalami?

6Kowé padha nyebar gandum akèh, nanging panènmu mung sethithik. Kowé duwé pangan, nanging ora wareg kokpangan. Kowé duwé anggur, nanging ora cukup kokombé nganti marem! Kowé padha nyandhang, nanging awakmu ora nganti anget. Wong sing buruh opahané ora cukup dipangan.

7Apa kowé ngerti apa sebabé kuwi mau kabèh?

8Mulané padha munggaha ing gunung-gunung, golèka kayu; Pedalemané Allah bangunen. Supaya penggalih-Ku dadi rena lan Aku bakal dibektèni kaya sing samesthiné.

9Kowé padha kepéngin supaya panènmu metu akèh, jebul wetuné mung sethithik. Mangka yèn panènmu kokgawa mulih banjur Daksebul, sirna. Apa sebabé? Merga Pedaleman-Ku isih rupa jugrugan, lan kowé padha ribut yasa omahmu dhéwé-dhéwé.

10Mulané ora ana udan lan ora ana tetuwuhan sing thukul.

11Aku sing nekakaké ketiga ngerak ing tanah kéné, ing gunung-gunungé, ing sawah-sawahé, ing kebon angguré lan ing keboné woh-wohan, marang saben pametuné bumi, manungsa lan kéwan, lan samubarang sing koktandur."

12Zérubabel lan Yosua sarta wong-wong sing bali saka pembuwangan ing tanah Babil banjur padha nindakaké apa sadhawuhé Pangéran, merga padha wedi, mula banjur ngèstokaké dhawuhé Nabi Hagai, utusané Pangéran.

13Nabi Hagai banjur nglantaraké dhawuhé Pangéran mengkéné, "Aku janji, yèn Aku bakal nunggal karo kowé."

14Pangéran nggigah semangaté saben wong, supaya padha mbangun Pedalemané Allah, kayata: Zérubabel, gubernur, Imam Agung Yosua lan wong kabèh sing bali saka pembuwangan. Wong kabèh mau banjur padha miwiti nyambut-gawé mbangun Pedalemané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa.

15Ing dina kaping patlikur, sasi kanem, taun kapindhoné Dharius jumeneng raja.



 <<  Hagai 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel