Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 1 >> 

1Sawisé Yosua tilar-donya, bangsa Israèl banjur nyuwun pirsa marang Pangéran, "Gusti, taler pundi ingkang kedah miwiti nyerang bangsa Kenaan?"

2Pangandikané Gusti Allah, "Taler Yéhuda, sing wis Dakparingi pangwasa kanggo ngalahaké tanah kuwi."

3Taler Yéhuda banjur kandha karo taler Siméon, "Aku réwangana nyerang wong Kenaan lan ngrebut wilayahé sing wis diparingaké déning Pangéran marang aku. Mengko aku bakal gentèn ngréwangi kowé ngrebut wilayah sing wis diparingaké Pangéran marang kowé." Mulané taler Siméon

4lan taler Yéhuda nuli padha maju perang bebarengan. Merga saka berkahé Pangéran taler-taler mau padha nelukaké wong Kenaan lan wong Fèris. Prejurité mungsuh sing mati ing Bèzèk cacahé sepuluh èwu.

5Rajané wilayah kono sing disebut Adoni-Bèzèk bareng diserang déning wong Yéhuda lan wong Siméon,

6keplayu, banjur dioyak lan dicekel; jempol tangan lan jempol sikilé dikethok kabèh.

7Adoni-Bèzèk ngucap mengkéné, "Biyèn aku wis ngethok jempol sikil lan jempol tangané raja pitung puluh, nuli dakkon mangan sisa sing tiba saka méjaku. Saiki Gusti Allah males marang aku, kaya enggonku dhèk biyèn ngukum marang mungsuh-mungsuhku." Adoni-Bèzèk mau banjur digawa menyang Yérusalèm lan tinggal-donya ana ing kana.

8Wong Yéhuda banjur nyerang kutha Yérusalèm, direbut lan diobong, sarta penduduké dipatèni.

9Sawisé mengkono banjur nglurugi perang wong Kenaan sing manggon ing pegunungan lan ing èrèng-èrèngé gunung-gunung sarta ing ara-ara samun sisih Kidul.

10Iya nyerang kutha Hébron, sing biyèn karan Kiryat-Arba. Ing kono wong Yéhuda nelukaké wong Sésai, Agiman lan Talmai.

11Saka Hébron wong Yéhuda nglurug menyang kutha Debir, sing nalika semana karan Kiryat-Sèfèr.

12Ana wong saka taler Yéhuda jeneng Kalèb, muni mengkéné, "Sapa sing bisa ngrebut kutha Kiryat-Sèfèr bakal dakéntukaké anakku sing jeneng Akhsa."

13Otnièl, anaké Kénas, adhiné Kalèb kelakon ngrebut kutha mau. Mulané Otnièl banjur dipèk mantu, dijodhokaké karo Akhsa, anaké.

14Nalika dina kawiné, Otnièl ngojok-ojoki Akhsa, bojoné, supaya njaluk bagéan lemah marang bapakné. Mulané Akhsa banjur medhun saka kuldiné. Kalèb nuli takon, "Kowé arep njaluk apa?"

15Akhsa mangsuli, "Kula nyuwun siti ingkang wonten sumberipun sawetawis, margi pasitèn ingkang panjenengan paringaken menika mboten wonten sumberipun." Mulané Kalèb banjur mènèhi palemahan sisih ndhuwur lan ngisor sing ana sumberé.

16Wong Kèni, yakuwi anak-turuné maratuwané Musa, mèlu wong Yéhuda metu saka kutha Yérikho (tegesé: kutha kurma), lunga menyang daérah cengkar ing sakidulé Arad, wilayah Yéhuda. Wong Kèni mau banjur manggon ing kana, ing satengahé bangsa Amalèk.

17Sawisé mengkono taler Yéhuda bebarengan karo taler Siméon banjur nyerang bangsa Kenaan, sing padha manggon ing kutha Zéfat. Kutha mau direbut, banjur ditumpes lan diganti jenengé dadi Horma.

18(1:18-19) Pangéran mitulungi taler Yéhuda, nganti padha bisa ngrebut daérah pegunungan. Nanging ora bisa nelukaké kutha Gaza, Askelon lan Ékron karo daérah-daérah sakiwa-tengené, merga bangsa-bangsa sing padha manggon ing pesisir mau padha duwé kréta perang saka wesi. Mulané taler Yéhuda ora bisa nglungakaké bangsa-bangsa mau saka kana.

19(1:18)

20Miturut préntahé Musa, kutha Hébron kuwi diparingaké marang Kalèb, merga Kalèb kuwi sing biyèn nglungakaké golongan telu anak-turuné Énaki, sing padha manggon ing kutha kono.

21Taler Bènyamin ora bisa nglungakaké wong Yébus saka kutha Yérusalèm. Mulané wong Yébusi tetep padha manggon bebarengan karo taler Bènyamin ing daérah mau.

22(1:22-23) Taler Éfraim lan Manasyè, anak-turuné Yusuf padha nyerang kutha Bètèl. Sing nalika semono jenengé Lus. Gusti Allah ngréwangi perangé taler-taler mau. Nalika telik-telik sing padha diutus lagi mlaku ngener ing kutha Bètèl,

23(1:22)

24kepethuk karo wong lanang sing lagi metu saka kutha kono. Telik-telik mau kandha mengkéné, "Kowé ora arep dakkapak-kapakaké, angger kowé gelem ngandhani aku carané mlebu ing kutha."

25Wong-wong Éfraim lan Manasyè nuli padha mlebu ing kutha lan matèni sakèhé penduduké, kejaba brayaté wong sing nuduhaké dalan mau.

26Wongé nuli ngalih saka kono, manggon ing daérahé wong Hèt; banjur ngedegaké kutha, sing dijenengi Lus, nganti tekan sepréné.

27Taler Manasyè ora nglungakaké penduduk-penduduké kutha Bèt-Séan, Taanak, Dhor, Yibléam, Megido lan pedésan-pedésan ing sakiwa-tengené. Mulané wong-wong mau isih tetep padha manggon ing kono.

28Senajan wong Israèl saya kwasa, éwasemono ora nglungakaké wong Kenaan mau saka kono, nanging mung dipeksa dadi batur-tukoné.

29Taler Éfraim uga ora nglungakaké wong Kenaan sing manggon ing kutha Gèzèr. Dadi wong Kenaan mau isih tetep manggon ing kutha kono, bebarengan karo taler Éfraim.

30Taler Zébulon iya ora nglungakaké wong Kenaan sing manggon ing kutha Kitron lan Nahalol. Mulané wong-wong Kenaan mau isih tetep manggon bebarengan karo taler Zébulon, mung didadèkaké batur-tukon.

31Taler Asyèr ora nglungakaké wong Kenaan sing padha manggon ing kutha-kutha: Ako, Sidon, Ahlab, Aksib, Hèlba, Afèka lan Réhob.

32Mulané wong-wong Kenaan mau isih manggon bebarengan karo taler Asyèr ing kutha-kutha mau.

33Taler Naftali iya ora nglungakaké wong-wong Kenaan sing padha manggon ing Bèt-Sèmès lan Bèt-Anat. Mulané wong-wong Kenaan mau padha tetep manggon ing kono bebarengan karo taler Naftali, mung waé didadèkaké batur-tukoné.

34(1:34-35) Bangsa Amori isih tetep manggon ing Ayalon, Saalbim lan Gunung Horès, merga taler Dhan diesuk déning wong-wong Kenaan mau menyang daérah pegunungan, lan ora bisa medhun ing tanah ngaré. Nanging bangsa Amori mau bisa dikalahaké déning taler Éfraim lan Manasyè, sarta didadèkaké batur-tukoné taler loro mau.

35(1:34)

36Wates daérahé wong Amori kuwi wiwit saka lowahan unggah-unggahan Akrabim, saloré Séla, terus sapendhuwur.



 <<  Hakim-hakim 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel