Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 11 >> 

1Yéfta kuwi prejurit sing gagah prakosa, manggoné ing tanah Giléad. Bapakné jenengé Giléad, ibuné wong tuna susila.

2Bapakné iya duwé anak-anak lanang liyané saka bojoné sing sah. Bareng bocah-bocah mau wis padha déwasa, Yéfta ditundhung, dikon lunga saka omahé bapakné, tembungé, "Kowé ora bakal nampa warisan apa-apa saka bapak, merga kowé kuwi anak ora sah."

3Mulané Yéfta ninggal omahé bapakné sarta manggon ing daérah Tob. Ing kana ana grombolan penjahat sing mèlu Yéfta, banjur padha ngrampog.

4Ora let suwé bangsa Israèl diserang déning wong Amon.

5Para pemimpiné Israèl ing Giléad nuli marani Yéfta, diajak bali saka Tob,

6tembungé, "Ayo padha nglawan wong Amon. Kowé sing mimpin."

7Wangsulané Yéfta, "Kowé rak padha sengit karo aku. Aku wis koktundhung saka omahé bapakku. Yagéné bareng saiki kowé nemu karépotan, kowé padha marani aku?"

8Wong-wong mau padha mangsuli, "Tekaku mréné arep ngajak kowé perang nglawan bangsa Amon, lan dadi pemimpiné wong Giléad kabèh."

9Pangucapé Yéfta, "Aku kokajak bali menyang Giléad merangi wong Amon. Lan yèn Allah maringi kemenangan marang kita, aku arep kokdadèkaké pemimpinmu?"

10Wangsulané wong-wong mau, "Iya, mengkono, Allah dadi seksi kita."

11Yéfta banjur budhal bebarengan karo para pemimpiné wong Giléad. Penduduk daérah Giléad banjur ngangkat Yéfta dadi pemimpiné ngiras panglimané, ana ing Mizpa, diseksèni déning Pangéran. Yéfta ngandharaké prekarané marang Gusti Allah.

12Sawisé mengkono, Yéfta banjur kongkonan marang raja Amon, dikon takon mengkéné, "Lepat kula menapa déné panjenengan sami merangi negari kula?"

13Raja-raja Amon mangsuli marang para utusané Yéfta, tembungé, "Nalika umat Israèl medal saking tanah Mesir, sami ngrebat tanah kula, wiwit saking Arnon dumugi Lèpèn Yabok lan Lèpèn Yardèn. Samenika sampéyan kula aturi mangsulaken tanah menika dhateng kula kanthi saé."

14Yéfta banjur kongkonan marang raja Amon,

15dikon matur mengkéné, "Umat Israèl mboten ngrebat tanahipun tiyang Amon.

16Nalika umat Israèl medal saking tanah Mesir lajeng terus dhateng Teluk Akaba, nratas ing ara-ara samun, nglangkungi Kadès.

17Lajeng utusan dhateng raja Édom nyuwun idin badhé langkung ing negarinipun. Nanging mboten dipun parengaken. Sasampunipun menika lajeng nyuwun idin dhateng raja Moab, nanging inggih mboten dipun parengaken ndhèrèk langkung ing daérahipun. Pramila tiyang Israèl manggèn ing Kadès.

18Saking ngriku sami nerusaken lampah medal ara-ara samun, mboten langkung Édom lan Moab, malah ngalang ngantos dumugi ing sawétanipun Moab, ing sabranganipun Arnon. Wonten ing ngrika sami pasang kémah, nanging mboten nyabrang lèpèn, mergi daérah sisih ngrika taksih klebet daérah Moab.

19Sesampunipun kèngkènan dhateng Sihon, raja Amori ing Hèsbon, nyuwun idin badhé langkung ing daérah Amori, mergi sami badhé késah dhateng daérahipun piyambak.

20Nanging Sihon mboten marengaken. Malah mbidhalaken tentaranipun, lajeng pasang kémah ing Yahas, sarta nyerang Israèl.

21Sukur déné Pangéran, Allahipun Israèl, paring kemenangan dhateng Israèl, ngantos Sihon lan balanipun kawon. Kados mekaten caranipun Israèl pikantuk siti-sitinipun tiyang Amori sedaya, ingkang manggèn ing ngriku.

22Wilayahipun Amori menika lajeng dipun enggèni, wiwit saking Arnon, ing sisih Kidul, dumugi ing salèripun Lèpèn Yabok, lan saking ara-ara samun sawétanipun Lèpèn Yardèn ngantos dumugi sisih lèripun lèpèn wau.

23Dados Pangéran, Allahipun Israèl menika ingkang ngésahaken tiyang Amori, kanggé umat kagunganipun.

24Samenika, menapa tanah menika badhé panjenengan pundhut wangsul? Tanah paringipun Kamos, déwa panjenengan, menika kénging panjenengan darbèki, nanging menapa ingkang sampun kaparingaken déning Pangéran, Allah kula, dhateng kula, menika kula bélani.

25Menapa panjenengan rumaos kagungan wewenang ngungkuli wewenangipun Balak bin Zipor, raja ing Moab? Balak mboten naté nglawan nyerang kula sedaya.

26Israèl sampun tigang atus taun manggèn ing Hèsbon lan Aroèr sarta dhusun-dhusun ing kiwa-tengenipun, tuwin kitha-kitha sauruting Lèpèn Arnon. Kénging menapa selaminipun menika panjenengan mboten naté mundhut wangsul tanah menika?

27Saèstu, kula mboten kalepatan dhateng panjenengan. Gusti Allah ingkang jumeneng hakim mugi ngadili bangsa Israèl lan bangsa Amon."

28Nanging raja Amon ora ngrèwès karo aturé Yéfta mau.

29Yéfta kaparingan Rohé Pangéran, banjur ngubengi tanah Giléad lan tanah Manasyè, sarta bali menyang Mizpa ing Giléad. Saka kana nerusaké lakuné menyang wilayah Amon.

30Yéfta janji ing ngarsané Allah, "Menawi Paduka marengaken kula ngawonaken tiyang Amon,

31lan wangsul kanthi wilujeng, tiyang ingkang medal saking griya methukaken kula, menika badhé kula saosaken dados kurban obongan kagem Paduka."

32Yéfta banjur nyabrang Kali Yardèn nyerang wong Amon, lan Pangéran ngulungaké bangsa Amon marang umat Israèl.

33Tanahé wong Amon digempur tapis déning Yéfta, wiwit saka Aroèr tekan daérah sakiwa-tengené Minit, kuthané kabèh ana rong puluh, nganti tekan Abèl Keramin. Wong Amon sing mati akèh banget. Semono enggoné padha dikalahaké ana ing ngarepé bangsa Israèl.

34Bareng Yéfta mulih menyang Mizpa, anaké wadon methukaké karo jogèdan lan nabuh kentrung. Mangka bocah wadon kuwi anak ontang-anting.

35Bareng ndeleng anaké mau, Yéfta banget sedhihé, temah nyuwèk-nyuwèk sandhangané, kandhané, "Dhuh anakku enggèr. Kokjebul kowé sing gawé remuking atiku. Aku wis janji ing ngarsané Pangéran, sing ora bisa dakjabel menèh."

36Bocah wadon mau banjur matur marang Yéfta, "Bapak sampun janji ing ngarsanipun Pangéran, mangka Pangéran sampun maringi kemenangan dhateng bapak, males piawonipun tiyang Amon, mengsahipun bapak."

37Banjur matur menèh, "Kula namung nyuwun saprekawis: Keparenga kula lan kanca-kanca kula késah dhateng paredèn kalih wulan. Wonten ing ngrika kula badhé nangisi enggèn kula mboten badhé émah-émah."

38Bapakné ngolèhaké lan bocahé nuli pamitan. Bocah wadon mau lan kanca-kancané banjur lunga menyang pegunungan nangisi enggoné bakal ora omah-omah.

39Sawisé kelakon rong sasi banjur mulih, lan bapakné banjur netepi apa sing wis dijanjèkaké marang Pangéran. Dadi bocah wadon mau nganti mati tetep ora omah-omah. Kuwi sebabé ing antarané wong Israèl ana padatan,

40para prawan saben taun padha ninggal omahé patang dina ngéling-éling lelakoné anaké Yéfta sing nyedhihaké mau.



 <<  Hakim-hakim 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel