Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 6 >> 

1Wong Israèl nglakoni dosa menèh ing ngarsané Allah, temah ditégakaké kajajah déning wong Midian suwéné pitung taun.

2Sarèhné wong Midian kuwi kwasa banget, wong Israèl pilih padha sumingkir lan ndhelik ing guwa-guwa lan ing panggonan sing aman ing gunung-gunung.

3Kejaba saka kuwi, angger wong tani ing Israèl arep padha nenandur, wong Midian mau teka karo wong Amalèk lan wong-wong liyané saka ara-ara samun, nyerang wong Israèl.

4Padha ngedegaké kémah ana ing kono lan ngrusak tandurané kabèh sing ana ing tanah kono nganti tekan daérah sakiwa-tengené Gaza sapengidul. Uga raja-kaya, yakuwi wedhus gèmbèl, sapi lan kuldiné wong Israèl digawa lunga. Kéwan siji waé ora ana sing dikarèkaké, nganti wong Israèl padha ora duwé pangan babar-pisan.

5Mungsuh mau tekané bebarengan, nggawa unta lan kémah. Cacahé akèh banget, nganti ora kena diétung. Tekané mung arep ngrusak tanahé wong Israèl,

6mangka umat kuwi ora bisa nyegah penggawéné mungsuh-mungsuh mau.

7Umat Israèl banjur padha sesambat nyuwun tulung marang Pangéran, supaya diluwari saka tangané wong Midian.

8Pangéran banjur ngutus nabi menyang umat Israèl. Nabi mau kandha mengkéné, "Pangéran, Allahé Israèl, ngandika, ‘Kowé wis Dakluwari saka enggonmu dadi batur-tukon ing tanah Mesir.

9Kowé wis padha Dakslametaké saka tangané wong Mesir lan saka bangsa-bangsa ing tanah kéné sing mungsuhi kowé. Bangsa-bangsa mau Daklungakaké saka kéné nalika kowé padha nyerang dhèwèké, sarta tanahé Dakparingaké marang kowé.

10Aku wis ngandika marang kowé, yèn Aku iki Allahmu, lan kowé ora kena nyembah brahala-brahalané wong Amori, sing tanahé kokenggoni. Nanging kowé padha ora ngèstokaké dhawuh-Ku.’"

11Ing sawijining dina Malaékaté Pangéran rawuh ing désa Ofra, banjur lenggah ing sangisoring wit terpentin, duwèké Yoas, turun-Abièzèr. Anaké Yoas, sing jeneng Gidéon, lagi nggiling gandum ing panggonan sing sabené kanggo meres anggur. Enggoné nyambut-gawé mau diréwangi ndhelik-ndhelik, supaya aja konangan wong Midian.

12Malaékaté Pangéran banjur marani Gidéon karo ngandika mengkéné, "Hé wong gagah prakosa! Allah nunggil karo kowé!"

13"Gusti," aturé Gidéon, "Keparenga kula nyuwun pirsa. Menawi leres mekaten, bilih Allah nunggil kaliyan kula, kénging menapa kula sami kedah nglampahi sisah kados mekaten? Kénging menapa samenika Allah mboten naté ngawontenaken kaélokan-kaélokan, kados ingkang dipun cariyosaken déning para leluhur, kados enggènipun Allah ngluwari para leluhur wau saking tanah Mesir? Samenika Allah sampun nilar kula sedaya, sarta négakaken kula sami dipun jajah déning tiyang Midian."

14Pangéran banjur ngandika marang Gidéon, "Kowé ngetoga karosanmu; wong Israèl luwarana saka pangwasané wong Midian. Aku kang ngutus kowé."

15Aturé Gidéon, "Kénging menapa kawula, Gusti? Mokal menawi kawula saged ngluwari umat Israèl saking pangwaosipun tiyang Midian. Saking antawisipun taler Manasyè, kulawarga kawula menika ingkang sèkèng piyambak. Lan ing antawisipun kulawarga kawula, kawula menika ingkang anèm piyambak."

16Pangandikané Pangéran, "Kowé mesthi bisa. Merga Aku sing bakal nulungi kowé. Wong-wong Midian bakal gampang koktumpes presasat kowé mung nglawan wong siji thil."

17Wangsulané Gidéon, "Menawi kawula menika èstu angsal sih ing ngarsanipun Pangéran, sumangga kawula aturi maringi pretandha, bilih èstu Allah piyambak ingkang ngandika mekaten dhateng kawula.

18Kersaa Paduka nengga sauntawis wonten ngriki, ngantos rampung enggèn kawula nyawisaken pasugatan kagem Paduka." Pangandikané Pangéran, "Iya becik, Dakentèni ing kéné nganti sarampungmu."

19Gidéon banjur mulih, nyembelèh wedhus nom, sarta njupuk gandum sepuluh kilogram, digawé roti tanpa ragi. Dagingé diwadhahi ing wakul, déné duduhé diwadhahi ing kuwali. Kabèh mau digawa, diladèkaké marang Malaékaté Pangéran, sing isih ngentèni ana ing sangisoré wit terpentin mau.

20Malaékat mau ngandika, "Daging lan roti kuwi sèlèhna ing watu kéné, banjur duduhé daging esokna ing ndhuwuré." Gidéon nglakoni apa sing didhawuhaké.

21Malaékaté Pangéran mau nuli ngasta teken, pucuké dienggo ndumuk daging lan roti. Watu mau murub lan ngobong daging lan rotiné nganti entèk kabèh. Malaékat mau banjur ngilang.

22Gidéon saiki ngerti, yèn sing rawuh mau Malaékaté Pangéran piyambak, mulané wedi banget lan ngucap, "Dhuh Pangéran, Allah kawula. Temtu kawula badhé pejah! Mergi kawula sampun aben-ajeng kaliyan Malaékat Paduka!"

23Nanging Pangéran ngandika, "Sing tentrem atimu! Aja wedi. Kowé ora bakal mati."

24Gidéon banjur yasa mesbèh lan dijenengaké: "Allah iku Sumbering Katentreman." Mesbèh mau isih ana ing Ofra, yakuwi désané wong Abièzèr.

25Benginé Gusti Allah paring dhawuh marang Gidéon mengkéné, "Njupuka sapi lanang, sing umur pitung taun, duwèké bapakmu. Mesbèh sing didegaké bapakmu kanggo Baal kaé gempuren, lan cagak kayu sing ana ing sandhingé, sing mrelambangaké Dèwi Asyéra, kethoken.

26Gawéa mesbèh ing sandhuwuré gempuran mesbèh mau; mesbèh anyar kuwi tatanen sing becik. Sapi lanang mau sawutuhé saosna dadi kurban obongan konjuk marang Allah. Kayu sing mrelambangi Dèwi Asyéra, sing kokkethok mau enggonen ngobong kurban kuwi."

27Gidéon banjur ngajak réwangé wong sepuluh, nindakaké apa sing didhawuhaké déning Pangéran mau. Sarèhné wedi karo brayaté lan karo wong-wong ing désané, Gidéon ora wani tumindak ing wayah awan. Dadi enggoné nindakaké bengi.

28Ésuké, nalika wong-wong tangi, padha weruh yèn mesbèhé Baal lan cagak sing mrelambangaké Dèwi Asyéra wis rubuh. Uga padha weruh yèn ing panggonan kono wis didegi mesbèh anyar, malah wis dienggo saos kurban obongan sapi lanang.

29Wong-wong padha takon-tinakon, "Sapa sing duwé pokal mengkéné iki?" Bareng dilacak ketemu, yèn sing nindakaké mau Gidéon, anaké Yoas.

30Wong-wong mau banjur kandha karo Yoas, "Anakmu sing ngrusak mesbèhé Baal lan ngrubuhaké cagak prelambangé Dèwi Asyéra ing sisihé mesbèh. Mulané anakmu gawanen mréné, arep diukum pati!"

31Nanging Yoas mangsuli marang wong-wong mau, pangucapé, "Apa kowé padha mihak marang Baal? Apa Baal arep kokbélani? Sapa sing mihak marang Baal bakal dipatèni dina iki uga! Yèn Baal kuwi nyata Allah, mbok bèn mbéla awaké dhéwé, sebab sing dirusak kuwi mesbèhé."

32Sarèhné Yoas kandha, "Karebèn Baal ngukum Gidéon, sing ngrusak mesbèhé Baal," mulané wiwit dina kuwi Gidéon diparabi ‘Yerubaal’.

33Nalika semono wong Midian, wong Amalèk lan bangsa-bangsa ing ara-ara samun sawétané Kali Yardèn wis padha nglumpuk. Bangsa-bangsa mau padha masang kémah ing sabrangé Kali Yardèn, ana ing Lembah Yésreèl.

34Nanging Gidéon kaparingan Rohé Pangéran, mulané banjur ngunèkaké slomprèt ngundang wong-wong turun Abièzèr supaya padha teka mèlu Gidéon.

35Kejaba saka kuwi Gidéon nyebar utusan menyang klompok Asyèr, Zébulon lan Naftali sarta Manasyè, sing ana ing sisih Wétan lan ing sisih Kulon Kali Yardèn. Wong-wong mau uga banjur padha teka, mèlu Gidéon.

36Gidéon matur ing ngarsané Allah, "Gusti, Paduka sampun ngandika bilih kawula kadhawuhan milujengaken bangsa Israèl.

37Samenika, ing siti ingkang limrahipun kawula enggé nggiling gandum, kawula sukani wulu ménda gèmbèl. Menawi mbénjing-énjing wulunipun ménda wau teles déning bun, mangka sitinipun mboten teles, menika dadosa tandha, bilih Paduka ngersakaken supados kawula nulungi Israèl."

38Banjur kelakon kaya mengkono: Nalika Gidéon ésuké tangi lan meres wuluné wedhus, bun sing diklumpukaké olèh semangkok.

39Gidéon banjur matur marang Allah, "Gusti, mugi sampun duka. Keparenga kawula nyobi sepisan malih. Nanging samenika kersanipun wuluning ménda ingkang garing, lan sitinipun kémawon ingkang teles."

40Ing wayah bengi iku Gusti Allah ngleksanani apa sing disuwun déning Gidéon, mulané wuluné wedhus mau tetep garing, nanging lemahé teles déning bun.



 <<  Hakim-hakim 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel