Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 8 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Ngunèkna tandha bebaya! Mungsuh-mungsuh padha ngebyuk ing tanah-Ku kaya manuk garudha! Umat-Ku wis padha nerak prejanjiané karo Aku, sarta padha mbangkang karo piwulang-Ku.

2Éwasemono isih nyebut Aku Allahé lan ngarani yèn wong-wong kuwi umat-Ku lan ngaku yèn tepung karo Aku,

3senajan wis padha nampik barang sing becik. Iya merga saka dosané kuwi umat-Ku bakal dikuya-kuya déning mungsuh-mungsuhé.

4Umat-Ku padha ngedegaké raja, nanging metu saka karepé dhéwé. Padha ngangkat penggedhé-penggedhé, nanging Aku ora rujuk. Padha njupuk slaka lan emas, padha digawé brahala sing nekakaké karusakan kanggoné umat-Ku.

5Aku sengit karo wong sing padha nyembah sapi emas ing kutha Samaria. Paukuman-Ku mulad-mulad marang wong-wong kuwi. Nganti pira lawasé enggoné mari nyembah brahala?

6Sing gawé reca ukir-ukiran kuwi tukang emas, mangka kuwi wong Israèl. Reca kuwi rak babar-pisan dudu allah! Sapi emas sing padha disembah-sembah ing kutha Samaria kuwi bakal dibanting nganti ajur-mumur!

7Sapa sing nyebar angin, bakal ngundhuh prahara! Gandum sategal yèn ora tuwa, ora metokaké glepung sing kena kanggo gawé roti. Nanging yèn tuwa, bakal dipangan déning bangsa liya.

8Israèl wis padha waé karo bangsa liya-liyané, mula wis ora ana gunané, kaya kwali sing pecah.

9Wangkoté atiné wong Israèl kuwi kaya kuldi alasan; wong-wong mau padha nggugu karepé dhéwé. Padha lunga golèk pitulungan marang Asyur, sarta padha mbayar bangsa liya kanggo njaga keslametané.

10Nanging saiki wong-wong mau bakal Dakklumpukaké lan Dakukum. Sedhéla menèh bakal padha glimpangan ngrasakaké panindhesé raja Asyur.

11Saya akèh mesbèh sing dibangun wong Israèl kanggo nyingkiri dosa, saya akèh panggonan sing kena dienggo gawé dosa!

12Tanpa wilangan cacahé piwulang sing Daktulis kanggo wong Israèl, nanging ditampik merga dianggep ora kanggo.

13Wong-wong mau padha saos kurban marang Aku, lan padha mangan dagingé kurban, nanging Aku, Pangéran ora rena. Lan saiki Aku bakal ngèngeti sakèhé dosané lan bakal Dakukum timbang karo paneraké, sarta Dakbalèkaké menyang Mesir menèh!

14Wong Israèl wis padha mbangun kedhaton-kedhaton, nanging padha nglalèkaké marang Allah sing nitahaké wong-wong mau. Wong Yéhuda padha mbangun kutha-kutha sing dibètèngi, nanging Aku bakal nekakaké geni sing ngobong kedhaton-kedhaton lan kutha-kuthané mau."



 <<  Hosea 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel