Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 13 >> 

1Padha lestaria enggonmu tresna-tinresnan, kaya déné sedulur-sedulur sing katunggilaké karo Sang Kristus.

2Kowé aja padha lali awèh pamondhokan ana ing omahmu marang wong neneka. Awit tau ana wong sing srana patrap mengkono tanpa dijarag jebul nampani malaékat-malaékat.

3Padha ngèlingana wong-wong sing ana ing pakunjaran, kaya-kaya kowé dhéwé iya bebarengan karo wong-wong mau dikunjara ana ing kono. Padha ngèlingana marang wong-wong sing padha nglakoni disawenang-wenang, kaya-kaya kowé uga nandhang sengsara kaya wong-wong mau.

4Déné bab neningkahan, kuwi diajènana déning wong kabèh. Wong lanang lan wong wadon siji karo sijiné kudu padha setya, awit Gusti Allah bakal ngukum saben wong sing laku jina lan bandrèk.

5Kowé aja padha karem bandha; padha marema karo apa sing kokduwèni. Awit Gusti Allah wis ngandika: "Aku ora bakal négakaké kowé, lan kowé ora pisan-pisan bakal Daktilar."

6Mulané kita padha ngucapa kanthi yakin mengkéné: "Gusti Allah kang bakal mitulungi aku. Aku ora wedi. Manungsa bisa menggawé apa marang aku?"

7Padha élinga marang para panuntunmu, sing biyèn mulang kowé bab pangandikané Allah. Padha élinga kepriyé lelakoné nganti tekan matiné, sarta nulada marang kaprecayané wong-wong mau.

8Gusti Yésus Kristus kuwi tetep, ora éwah gingsir, iya dhèk biyèn, saiki lan ing selawasé.

9Kowé aja nganti kena diloropaké déning piwulang sing néka-néka. Sing becik yakuwi menawa nyawa kita kasantosakaké déning sih-rahmaté Allah, lan ora merga nuruti sarak-sarak bab pangan. Wong-wong sing biyèn padha nuruti sarak-sarak mau, ora padha tampa pituwas apa-apa.

10Kita padha duwé mesbèh kanggo nyaosaké kurban marang Allah. Imam-imam sing padha lelados ana ing kémahé wong Yahudi, ora padha duwé wewenang mangan kurban sing ana ing mesbèh kono.

11Imam agungé bangsa Yahudi mlebu ing Sasana Mahasuci karo nggawa getihing kéwan, minangka pambirating dosa; nanging kéwan-kéwané dhéwé kaobong ana ing sanjabané kémah.

12Iya kuwi mulané Gusti Yésus uga nglampahi séda ana ing sanjabané gapurané kutha, supaya ngresiki dosané umat kagungané ngagem rahé piyambak.

13Mulané ayo kita padha sowan marang Panjenengané ana ing sanjabané gapura lan ndhèrèk nanggel kanisthané bebarengan karo Panjenengané.

14Ing donya kéné ora ana negara sing langgeng; mulané kita padha ngupaya negara ing jaman sing bakal kelakon.

15Ayo kita tansah padha saos sukur marang Gusti Allah, minangka kurban kita lantaran Gusti Yésus. Yakuwi kurban sing kasaosaké nganggo tetembungan kagem kaluhuraning Asmané.

16Aja padha lali nindakaké kabecikan lan tulung-tinulung, awit yakuwi kurban sing gawé renaning penggalihé Gusti Allah.

17Padha mbangun-turuta marang para panuntunmu lan dhawuhé padha èstokna. Wong-wong mau padha ora kendhat olèhé ngreksa marang nyawamu, awit kudu padha ngunjukaké tanggung jawab marang Gusti Allah bab enggoné leladi. Yèn kowé mbangun-turut, wong-wong mau bakal nglakoni pegawéané klawan bungah, ora karo ngresula, awit yèn mengkono tumusé ora becik tumrap kowé.

18Aku tansah padha dongakna. Aku yakin yèn atiku resik, awit aku tansah kepéngin nglakoni prekara-prekara sing bener.

19Luwih menèh padha nyenyuwuna supaya Gusti Allah énggal marengaké aku bali menyang enggonmu.

20Gusti Allah wis mungokaké Gusti kita Yésus Kristus saka ing séda, lan saiki Panjenengané jumeneng Pangon kang pinunjul tumraping para ménda kagungané. Lan iya sédané kuwi sing dadi caping prejanjian langgeng.

21Muga-muga Gusti Allah etuking katentreman mraboti kowé srana samubarang sing becik, sing kokbutuhaké kanggo ngladosi kersané. Muga-muga lantaran Gusti Yésus, Gusti Allah marengaké kita padha nindakaké prekara-prekara sing gawé renaning penggalihé. Lan supaya Sang Kristus kaluhuraké ing selawasé! Amin.

22Penjalukku marang kowé, para sedulur! Piwelingku iki padha tampanana klawan sabar, awit layang iki ora dawa.

23Ndadèkna sumurupmu, yèn sedulur kita Timotius wis metu saka kunjara. Yèn wis tekan panggonanku, bakal dakajak bebarengan niliki kowé.

24Salam pandongaku marang para panuntunmu lan marang para umaté Gusti Allah kabèh. Sedulur-sedulur sing asalé saka Italia uga padha kirim salam.

25Sih-rahmaté Gusti Allah anaa ing kowé kabèh.



 <<  Ibrani 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel