Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 3 >> 

1Para sedulurku sing padha dadi kagungané Gusti Allah, merga katimbalan déning Panjenengané! Padha rasak-rasakna bab Gusti Yésus, kang kautus déning Gusti Allah, supaya jumeneng Imam Agung manut sahadat kita.

2Gusti Yésus kuwi setya marang Gusti Allah, kang wis miji Panjenengané ngayahi pegawéan kuwi, kaya déné Nabi Musa biyèn iya setya ing pegawéané kanggo umaté Allah kabèh.

3Wong sing ngedegaké omah kuwi ajiné ngluwihi omah sing digawé. Mulané Gusti Yésus iya wis samesthiné nampi kamulyan kang luwih gedhé tinimbang Nabi Musa.

4Pancèn saben omah mesthi ana sing gawé, nanging sing yasa samubarang kabèh kuwi Gusti Allah.

5Nabi Musa kuwi pancèn dadi abdi sing tumemen tumraping umaté Allah kabèh, sarta mulangaké prekara-prekara sing ing tembé bakal diwedharaké déning Gusti Allah.

6Nanging Sang Kristus tumemené kaya déné Putra, kang mikul tanggung jawab tumraping Pedalemané Allah. Pedalemané Allah, yakuwi kita iki, anggeré kita padha mantep lan yakin yèn bakal padha nampani apa sing kita arep-arep.

7Mulané kaya pangandikané Sang Roh Suci: "Ing dina iki, menawa kowé padha krungu dhawuhé Allah,

8kowé aja padha mangkotaké atimu, kaya para leluhurmu biyèn pada mbaléla marang Gusti Allah, yakuwi nalika padha ana ing pesamunan, padha nyoba marang Gusti Allah.

9‘Ana ing kana para leluhurmu padha ndadar Aku; Aku padha dicoba’, mengkono pangandikané Allah, ‘mangka wis patang puluh taun lawasé wong-wong mau padha weruh apa sing Daktindakaké.’

10Mulané pegel ati-Ku marang umat mau, lan Aku ngandika, ‘Wong-wong kuwi tansah gawé duraka, padha suthik nurut marang dhawuh-dhawuh-Ku.’

11Aku duka marang wong-wong mau sarta sumpah: ‘Wong-wong kuwi ora pisan-pisan bakal mlebu ana ing papan palereman-Ku.’"

12Para sedulurku, padha dingati-ati, supaya aja ana wong siji waé panunggalanmu sing duwé ati ala lan maido nganti nyingkur marang Gusti Allah kang sipat gesang.

13Malah aja ana panunggalanmu sing kena ing pamblithuking dosa, banjur mangkotaké atiné. Mulané sajroné isih urip ing jaman sing ana ing Kitab Suci disebut "Dina Iki," padha tansah éling-ingélingna.

14Kita kabèh iki wis padha mèlu menang karo Sang Kristus. Semono kuwi menawa kita padha tetep ngantepi marang precaya kita kawitan nganti tekan ing wekasan.

15Pangandikané Gusti Allah mengkéné: "Ing dina iki menawa kowé krungu dhawuhé Allah, aja padha mangkotaké atimu kaya para leluhurmu, dhèk biyèn nalika padha mbangkang marang Panjenengané."

16Sapa sing padha krungu dhawuhé Allah, banjur mbaléla marang Panjenengané? Kuwi rak wong-wong sing padha kairid déning Nabi Musa metu saka tanah Mesir ta?

17Sapa wong-wong sing patang puluh taun lawasé memungu bebenduné Allah? Apa dudu wong-wong sing padha gawé dosa lan padha mati pating glimpang ana ing pesamunan?

18Nalika Gusti Allah supaos: "Wong-wong kuwi ora pisan-pisan bakal mlebu ana ing papan palereman-Ku," sapa satemené sing dikersakaké? Ora liya rak iya wong-wong sing padha mbaléla mau!

19Dadiné saiki kita padha ngerti, yèn wong-wong sing padha ora bisa mlebu, kuwi merga padha ora precaya.



 <<  Ibrani 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel