Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 5 >> 

1Saben Imam Agung kuwi kapilih saka ing antarané manungsa, lan katetepaké supaya ngladosi Gusti Allah, dadi lantaraning manungsa karo Gusti Allah. Kuwajibané nyaosaké pisungsung sarta kurban krana dosa.

2Sarèhné Imam Agung kuwi dhéwé iya wong sing apes tumrap ing prekara akèh, mulané panjenengané iya ambek welasan tumrap wong-wong sing bodho lan sing padha keluputan.

3Lan sarèhné panjenengané piyambak kebak kaapesan, mulané iya kudu nyaosaké kurban-kurban ora mung kanggo dosa-dosané umat waé, nanging uga kanggo dosa-dosané dhéwé.

4Ora ana wong sing miji awaké dhéwé nampa kalenggahan Imam Agung. Wong sing dadi Imam Agung kuwi mung merga katimbalan déning Gusti Allah, kaya déné Imam Agung Harun dhèk biyèn iya katimbalan déning Gusti Allah piyambak.

5Mengkono uga Sang Kristus iya ora ngangkat sarirané piyambak dadi Imam Agung. Malah Gusti Allah ngandika marang Sang Kristus mau mengkéné: "Kowé kuwi Putra-Ku; ing dina iki Aku dadi Rama-Mu."

6Ing panggonan liya Gusti Allah uga ngandika: "Kowé selawas-lawasé bakal dadi Imam, manut tatanané Mèlkisèdèk."

7Nalika sugengé ing donya iki, Gusti Yésus wis ngaturaké pandonga lan panyuwun kanthi pangadhuh lan panangis marang Gusti Allah, kang kwasa milujengaké Panjenengané saka ing pati. Merga saka enggoné ngasoraké sarirané, sarta merga saka enggoné pasrah marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah midhangetaké panyuwuné mau.

8Nanging senajan Gusti Yésus kuwi Putraning Allah, éwasemono Panjenengané sinau mbangun-turut marang kersané Sang Rama srana enggoné nandhang sangsara.

9Yakuwi sebabé sawisé Gusti Yésus kasampurnakaké, banjur dadi sumbering keslametan langgeng tumrapé wong kabèh sing padha mbangun-turut marang Panjenengané;

10lan Gusti Allah piyambak netepaké Gusti Yésus mau kajumenengaké Imam Agung manut tatanané kaimamané Mèlkisèdèk.

11Mungguh jumenengé Gusti Yésus dadi Imam Agung iki, akèh sing kudu dakkandhakaké, nanging angèl enggonku arep nerangaké marang kowé, jalaran kowé padha lamban, ora énggal ngerti.

12Manut lawasé enggonmu dadi wong precaya, wis pantes saupama kowé dadi guru, nanging tekan sepréné kowé isih prelu diwulang bab dhasar-dhasaring pangandikané Gusti Allah. Kowé isih butuh banyu susu, dudu pangan sing akas.

13Merga sing sapa isih butuh banyu susu, kuwi isih bocah, durung ngerti apa sing diarani bener lan apa sing diarani luput.

14Pangan sing akas kuwi mung kanggo wong-wong diwasa, sing wis kulina ngrasakaké lan mbédak-mbédakaké barang sing becik lan sing ala.



 <<  Ibrani 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel