Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 1 >> 

1Gusti Allah nimbali Musa sarta dipangandikani saka Kémah Palenggahané Allah, banjur diparingi prenatan-prenatan

2sing kudu ditetepi déning wong Israèl samasa saos kurban. Yèn ana wong arep saos kurban obongan rupa kéwan, bisa rupa raja-kaya: sapi, wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa.

3Yèn sapi, kudu sapi lanang, sing tanpa cacad. Sapi mau kudu disaosaké ana ing ngarep lawangé Kémah Palenggahané Allah, supaya ketrimaa ing ngarsané Allah.

4Wong sing saos kurban kudu numpangaké tangané ing endhasé sapi mau, Gusti Allah banjur bakal nampi saosan kuwi lan ngapura dosa-dosané.

5Sapi mau kudu disembelèh ing ngarep lawang Kémah Suci. Getihé kudu disaosaké déning imam anak-turuné Harun marang Allah, banjur disiramaké kemput ing lambungé mesbèh, sing ana ing ngarep lawangé Kémah Suci mau.

6Wong sing saos kurban mau banjur kudu ngelèti lulangé lan mragat sapi mau.

7Imam kudu nataa kayu obong ana ing mesbèh, banjur disumed.

8Tengkel-tengkelan sapi mau nuli katumpangna ana ing ndhuwur kayu, semono uga endhas lan gajihé.

9Wong sing saos kurban mau kudu ngresiki jeroan lan sampilé sing mburi, kabèh mau banjur diobonga déning imam ing mesbèh. Gandané kurban obongan kuwi gawé renaning penggalihé Allah.

10Yèn sing digawé kurban rupa wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa, kéwan mau kudu lanang lan mulus, tanpa cacad.

11Wong sing saos kurban kudu nyembelèh wedhusé ing cedhaké mesbèh sisih Lor, lan para imam kudu nyiramaké getihé kéwan mau ing lambungé mesbèh mubeng.

12Sawisé wedhus mau ditengkel-tengkel imam banjur nglebokaké tengkel-tengkelan mau, karo endhas lan gajihé ana ing genining mesbèh.

13Wong sing saos kurban mau kudu ngresiki jeroan lan sampilé wedhus sing mburi, kabèh mau banjur diobonga déning imam ana ing mesbèh sumaos marang Allah. Gandané kurban obongan mau gawé renaning penggalihé Allah.

14Yèn sing digawé kurban rupa manuk, kudu piyik dara utawa manuk drekuku.

15Manuké mau kudu digawa déning imam menyang mesbèh, guluné banjur dipuntir lan endhasé diobong ing mesbèh kono. Getihé banjur diwetokaké srana dipijét ana ing lambungé mesbèh mubeng.

16Telih saisiné kudu diwetokaké lan dibuwang ing sisih wétané mesbèh, panggonan buwangan awu.

17Manuk mau kudu dicekel ing poking swiwiné lan disempal, mung aja nganti pisah saka awaké, banjur kudu diobong wutuh ana ing mesbèh. Gandané kurban obongan mau gawé renaning penggalihé Allah.



 <<  Imamat 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel