Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 16 >> 

1Sapatiné anaké Harun loro, nalika lagi padha marek ing ngarsané Allah, Allah banjur ngandika marang Musa,

2pangandikané, "Kandhaa karo kakangmu Harun, yèn mung olèh mlebu ing Papan Mahasuci sing ana ing samburiné geber, mung ing wektu sing wis Daktetepaké, merga ing kono enggon-Ku ngetingal ing méga, ing ndhuwuré Pethi Prejanjian. Yèn nerak dhawuh kuwi, Harun bakal mati.

3Samasa mlebu kudu nggawa pedhèt lanang kanggo kurban pangruwating dosa, lan wedhus gèmbèl kanggo kurban obongan."

4Gusti Allah banjur maringaké prenatan-prenatan mengkéné, "Sadurungé mlebu ing Papan Mahasuci, Harun kudu nganggo sandhangan imam, yakuwi klambi lan clana cendhak saka léna, sabuk lan serban."

5Umat Israèl banjur kudu masrahaké wedhus lanang loro marang Harun, siji kanggo kurban pangruwating dosa, lan sijiné kanggo kurban bakaran.

6Lan Harun kudu nyaosaké sapi lanang siji kanggo kurban pangruwating dosané dhéwé lan dosaning brayaté.

7Wedhus lanang loro sing kanggo umat Israèl mau kudu digawa déning Harun menyang lawangé Kémah Suci.

8Ana ing kono wedhus loro mau diundhi, sing siji ditengeri "kagem Gusti," sing sijiné "kanggo Azazèl".

9Wedhus sing kagem Gusti kudu dienggo kurban pangruwating dosa.

10Déné sing kanggo Azazèl kudu disaosaké ing ngarsané Allah urip-uripan, banjur diculaké ing ara-ara samun, kanggo Azazèl, supaya dosané umat Israèl diapura déning Allah.

11Sajroné nyaosaké sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosané awaké dhéwé lan brayaté,

12Harun kudu njupuk padupan sing dikebaki mawa saka mesbèh, sarta menyan alus rong gegem, digawa menyang Papan Mahasuci.

13Ana ing ngarsané Allah kono Harun kudu nguwuraké menyan mau ing pedupan. Keluké menyan mau bakal mulek ngebeki tutupé Pethi Prejanjian, supaya Harun ora weruh Pethi mau, sebab yèn weruh mesthi bakal mati.

14Harun banjur kudu njupuk getihé sapi mau sethithik, dikepyur-kepyuraké nganggo drijiné ing tutupé Pethi Prejanjian sing sisih ngarep. Ngarepé Pethi uga dikepyuri rambah ping pitu.

15Sawisé kuwi Harun kudu nyembelèh wedhus sing kanggo kurban pangruwating dosa. Getihé wedhus mau banjur kudu digawa menyang Papan Mahasuci, dikepyur-kepyuraké ing tutupé Pethi Prejanjian lan ing ngarepé, kaya patrapé ngepyur-ngepyuraké getihé sapi lanang mau.

16Kaya mengkono patrapé nindakaké upacara kanggo nucèkaké Papan Mahasuci saka najisé lan saka sakèhé dosané umat Israèl. Kémah Suci kuwi kudu disucèkaké, merga dumunung ana ing tengah-tengahé kémah, mangka kémah mau najis.

17Wiwit mlebu ing Papan Mahasuci nindakaké upacara sesuci nganti sametuné Harun saka ing kono, wong siji waé ora kena mlebu ing Kémah Suci. Sawisé rampung enggoné nindakaké upacara kanggo awaké dhéwé, banjur kanggo brayaté lan kanggo umat kabèh.

18Metu saka kono Harun kudu menyang mesbèh sing kanggo kurban obongan, nucèkaké mesbèh mau. Harun kudu njupuk getihé sapi lan getihé wedhus sethithik, disiramaké ing sungu-sungu sing ana ing pojoké mesbèh.

19Getih mau dikepyur-kepyuraké nganggo drijiné rambah ping pitu ing ndhuwur mesbèh. Mengkono patrapé nucèkaké mesbèh saka dosa-dosané umat Israèl, supaya mesbèh kuwi dadi suci.

20"Sawisé rampung enggoné nindakaké upacara kanggo nucèkaké Papan Mahasuci lan pérangan-pérangané Kémah Suci sarta mesbèh, Harun banjur kudu nyaosaké marang Allah wedhus urip sing kanggo Azazèl.

21Harun kudu numpangaké tangané loro-loroné ing endhasé wedhus mau, karo ngakoni sakèhé keluputan, dosa lan paneraké umat Israèl. Srana mengkono durakané umat Israèl kabèh diemotaké ing endhasé wedhus mau. Wedhusé banjur kudu dieculaké ing ara-ara samun déning wong sing tinanggenah nindakaké.

22Wedhus kuwi nyangga sakèhé dosané umat Israèl, digawa menyang panggonan sing cengkar lan suwung.

23Sawisé mengkono Harun kudu mlebu ing Kémah Suci nyopot sandhangané imam sing dienggo, banjur ditinggal ing kono.

24Dhèwèké nuli kudu adus ing panggonan sing suci lan nganggo sandhangané dhéwé. Sawisé mengkono banjur kudu metu nyaosaké kurban kanggo ngruwat dosané dhéwé lan dosané umat Israèl.

25Gajihé kéwan sing dienggo kurban pangruwating dosa banjur diobong ing mesbèh.

26Wong sing ngeculaké wedhus sing kanggo Azazèl ing ara-ara samun, sadurungé mlebu kémah kudu ngumbah sandhangané lan adus dhisik.

27Sapi lanang lan wedhus sing kanggo kurban pangruwating dosa, sing getihé digawa mlebu ing Papan Mahasuci kanggo ngruwat dosa, kudu digawa metu saka kémah lan diobong. Kulit, daging lan jeroané kudu diobong kabèh.

28Wong sing ngobong mau sadurungé mlebu kémah kudu ngumbah sandhangané lan adus."

29(16:29-31) "Prenatan-prenatan ing ngisor iki kudu ditetepi selawas-lawasé. Saben tanggal sepuluh sasi kapitu, wong Israèl lan wong manca sing manggon ing satengahé umat mau kudu pasa lan ora kena nyambut-gawé, merga dina kuwi dina suci. Ing dina mau kudu dianakaké upacara kanggo nucèkaké bangsa Israèl saka dosané, supaya dadi resik manut prenataning agama.

30(16:29)

31(16:29)

32Imam Agung sing wis ditetepaké lan kejibah ngganti bapakné, kudu nindakaké upacara pasucèn mau. Imam Agung mau kudu nganggo sandhangan imam,

33banjur nindakaké upacara nucèkaké Papan Mahasuci, pérangan-pérangané Kémah Suci, mesbèh, para imam lan umat Israèl kabèh.

34Upacara mengkono mau kudu ditindakaké setaun sepisan kanggo nucèkaké bangsa Israèl saka sakèhing dosané. Mengkono prenatan-prenatan sing kudu ditindakaké selawas-lawasé." Musa iya banjur nindakaké kaya sing didhawuhaké déning Allah.



 <<  Imamat 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel