Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 17 >> 

1Gusti Allah dhawuh marang Musa,

2supaya nerusaké prenatan iki marang Harun, anak-anaké lan bangsa Israèl kabèh.

3(17:3-4) Yèn wong Israèl nyaosaké kurban marang Allah rupa sapi, wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa, kudu nyembelèh kéwan mau ing lawangé Kémah Suci. Yèn disembelèh ing liya panggonan, wong mau nerak Angger-angger Allah, merga mutahaké getih. Wong mau kudu disébrataké saka umaté Allah.

4(17:3)

5Maksudé prenatan iki supaya wiwit saiki bangsa Israèl yèn saos kurban rupa kéwan kudu disembelèh ana ing Kémah Palenggahané Allah, ora kaya biyèn ana ing ara-ara samun. Saiki saosan mau kudu digawa menyang lawangé Kémah Suci, dipasrahaké marang imam, nuli disembelèh ing kono dadi kurban keslametan.

6Imam kudu nyiramaké getihé kéwan mau ing lambungé mesbèh, sing ana ing ngarep Kémah Suci, banjur ngobong gajihé, supaya gandané gawé renaning penggalihé Allah.

7Bangsa Israèl kudu setya marang Allah lan babar-pisan ora kena nyembelèh kéwan dienggo kurban kanggo nyembah marang para dhemit, sing diarani "dhemit-wedhus". Prenatan iki kudu ditetepi ing selawas-lawasé.

8"Yèn ana wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing kono, saos kurban obongan utawa kurban liyané,

9konjuk marang Allah, kudu disaosaké ana ing lawangé Kémah Suci. Yèn enggoné nyaosaké ana ing panggonan liya, wongé sing saos kurban mau kudu disébrataké saka umaté Allah.

10Yèn ana wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing kono mangan daging sing isih ana getihé. Bakal diukum déning Allah lan disébrataké saka umat Israèl,

11merga nyawané titah sing urip kuwi dunungé ana ing getih. Kuwi sebabé Allah dhawuh supaya getihé kabèh kudu disuntak ana ing mesbèh, kanggo ngruwat sakèhing dosané umat. Getih kuwi ngolèhaké panebusing dosa, merga ing getih mau ana nyawané.

12Kuwi sebabé wong Israèl lan wong manca sing manggon ing tengahé, ora kena mangan daging sing isih ana getihé.

13Wong Israèl utawa wong manca sing manggon ing antarané bangsa Israèl, samasa mbebedhag olèh kéwan utawa manuk sing ora karam, getihé kéwan mau kudu diwetokaké nganti atus lan diurugi lemah.

14Merga nyawané saben titah sing urip kuwi dunungé ana ing getih. Yakuwi sebabé Allah ora marengaké bangsa Israèl mangan daging sing isih ana getihé. Saben wong sing nindakaké mengkono kudu disébrataké saka umaté Allah.

15Wong Israèl utawa wong manca sing mangan dagingé kéwan sing mati lumrah, utawa sing matiné merga dimangsa kéwan galak, kudu ngumbah sandhangané, banjur adus. Wong mau najis nganti surup.

16Sing ora nglakoni mengkono bakal kaukum."



 <<  Imamat 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel