Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 20 >> 

1Gusti Allah ngutus Musa,

2ndhawuhaké marang bangsa Israèl mengkéné, "Sapa ing antaramu utawa wong manca sing manggon ing tengahmu, sing ngulungaké anaké dienggo sajèn marang Molokh, kudu dibenturi watu nganti mati déning wong kabèh sing manggon ing kono.

3Wong sing ngulungaké anaké kanggo sajèn marang Molokh kuwi najisaké Kémah Suci lan nyewiyah marang Asma-Ku kang suci, temah Aku bakal ngukum wong mau, lan ora Dakanggep umat-Ku.

4Yèn masarakat ing kono éthok-éthok ora weruh penggawéné wong mau lan ora nindakaké paukuman pati marang wong mau,

5Aku dhéwé sing bakal ngukum wong mau sabrayaté kabèh, uga kabèh wong sing katut wong mau nyingkur marang aku lan nyembah marang Molokh.

6Yèn ana wong merdhukun marang wong sing lelayanan karo rohé wong mati, wong mau bakal Dakukum, lan Daksébrataké saka umat-Ku.

7Padha disuci, merga Aku iki Pangéran, Allahmu.

8Netepana angger-angger-Ku, merga Aku iki Allah, lan kowé kabèh Daksengker dadi duwèk-Ku."

9Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan mengkéné: "Sapa sing nyupatani bapak utawa biyungé diukum pati. Wong mau mati merga salahé dhéwé.

10Yèn ana wong Israèl laku jina karo bojoné pepadhané wong Israèl, sing laku jina mau karo-karoné kudu diukum pati.

11Wong lanang sing nuroni seliré bapakné kuwi gawé wirangé bapakné. Sing laku jina mau karo-karoné kudu diukum pati. Matiné mau merga saka salahé dhéwé.

12Wong lanang sing nuroni mantuné, karo-karoné kudu diukum pati, merga padha murang sarak, mulané patiné mau merga saka salahé dhéwé.

13Yèn ana wong lanang nuroni padha wong lanang, karo-karoné kudu diukum pati, merga nglakoni penggawé sing jember, patiné mau merga saka salahé dhéwé.

14Yèn ana wong lanang ngepèk wong wadon karo ibuné wong wadon mau pisan, telu-teluné kudu diukum pati-obong, merga wis padha tumindak sing ora patut. Lelakon sing mengkono aja nganti kedadéan ing antaramu.

15Yèn ana wong lanang nuroni kéwan, wong sakéwané kudu diukum pati.

16Yèn ana wong wadon nuroni kéwan, wong sakéwané kudu diukum pati. Patiné mau merga saka salahé dhéwé.

17Yèn ana wong lanang nuroni seduluré dhéwé tunggal bapak utawa tunggal biyung, karo-karoné kudu dianggep nglakoni penggawé nistha, mula kudu disingkiraké saka masarakat kono. Wong mau wis nuroni seduluré tunggal bapa-biyung, dadi kudu diukum.

18Wong lanang sing nuroni wong wadon sing lagi nggarap-sari, karo-karoné kudu ditundhung saka masarakat kono, merga wis padha nerak prenatan bab kasucèn sing ditetepaké déning agama.

19Yèn ana wong lanang sing nuroni mbokciliké, loro-loroné kudu diukum, merga wis nerak prenataning adat.

20Yèn ana wong lanang nuroni bojoné pamané, kuwi gawé wirangé pamané. Karo-karoné Dakukum, ora duwé anak.

21Yèn ana wong lanang ngepèk bojoné kakangné, bakal ora duwé anak nganti sapatiné. Penggawéné wong mau jember lan gawé wirangé kakangné."

22Gusti Allah ngandika, "Kowé padha netepana angger-angger lan pepakon-Ku, supaya aja katundhung saka tanah Kenaan, tanah anjoging lakumu.

23Kowé ora kena mèlu-mèlu adat tata-carané wong ing kono. Wong-wong kapir kuwi durakané gawé pegeling ati-Ku. Mulané Daktundhung, supaya kowé bisa manggon ing kono.

24Aku wis janji maringaké tanah sing lohjinawi kuwi marang kowé dadi duwèkmu, mulané iya bakal Dakleksanani. Aku iki Allahmu, sing milih kowé saka antarané bangsa-bangsa.

25Mulané kowé kudu padha bisa mbédakaké klawan titi endi kéwan utawa manuk sing karam lan endi sing ora. Aja padha mangan kéwan utawa manuk sing karam. Kéwan sing wis Daktetepaké karam iki aja kokpangan, supaya kowé ora dadi najis.

26Kowé wis Dakpilih saka antarané bangsa-bangsa, supaya dadi duwèk-Ku dhéwé. Kowé kudu padha suci, merga Aku iki Allah kang suci.

27Saben wong dadia lanang utawa wadon sing lelayanan karo roh-rohé wong mati, kudu dibenturi watu nganti mati. Patiné mau merga saka salahé dhéwé."



 <<  Imamat 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel