Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 4 >> 

1Gusti Allah ngandika menéh marang Musa,

2"Dhawuhna marang umat Israèl: Menawa ana wong sing ora kejarag nerak wewaleré Allah, kudu nyaosaké kurban pangruwating dosa, sing diprenata mengkéné:

3Yèn sing gawé dosa kuwi Imam Agung, nganti njalari kaluputané umat Israèl kabèh, wong mau kudu saos kurban pangruwating dosa rupa sapi lanang nom siji, sing mulus tanpa cacad, konjuk marang Allah, supaya dosané diapura.

4Sapi mau kudu digawa menyang lawanging Kémah Suci. Imam Agung mau kudu numpangaké tangané ana ing endhasé sapi mau, sapiné banjur disembelèh ana ing kono.

5Getihé salong digawa mlebu ing Kémah.

6Imam Agung nuli nyelupaké drijiné ing getih mau lan dikepyur-kepyuraké rambah ping pitu ing geber, sing ngadhepaké Pethining Prejanjian.

7Getih mau salong dilèlètaké ing sungu-sunguning mesbèh pedupan, ing njeron Kémah Suci. Turahané kudu disiramaké ing sikilé mesbèh sing kanggo nyaosaké kurban obongan ing njaban Kémah, ing ngarepé lawang.

8Imam kudu ngetokaké gajih sing nèmplèk ing jeroané sapi mau,

9ginjel sagajihé, sarta pérangan ati sing apik dhéwé.

10Kabèh mau kudu diobong déning imam ing mesbèh kurban obongan, ora béda karo kurban keslametan.

11Lulangé kéwan mau kudu dikelèti, banjur daging, endhas, sampil, jeroan, usus-ususé,

12kabèh kudu digawa metu menyang njaban Kémah, lan diobong nganggo kayu ing panggonan suci sing dienggo mbuwang awu.

13Yèn sing gawé dosa mau umat Israèl kabèh, merga ora njarag nerak sing diwaleri déning Allah,

14yèn paneraké mau konangan, umat mau kudu énggal-énggal nggawa sapi lanang nom menyang Kémah Palenggahané Allah, digawé kurban pangruwating dosa.

15Para pinituwané umat kudu numpangaké tangané ing endhasé sapi mau, sapiné banjur disembelèh ana ing kono.

16Getihé salong dijupuk déning Imam Agung, digawa mlebu ing Kémah Suci.

17Drijiné nuli dicelupaké ing getih mau lan dikepyur-kepyuraké ing geber ing ngarepé Pethining Prejanjian.

18Getihé salong dilèlètaké ing sungu-sungu ing pojoké mesbèh padupan sing ana ing njeron Kémah kono. Turahané kudu disiramaké ing sikiling mesbèh kurban obongan, sing ana ing sanjabané Kémah, ing ngarep lawang.

19Gajihé kéwan mau kudu ditokaké kabèh, banjur diobong ing mesbèh.

20Patrapé padha kaya yèn nyaosaké sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa. Kaya mengkono patrapé Imam Agung enggoné nyaosaké kurban, tumrap dosané umat, lan Gusti Allah iya bakal ngapura dosa-dosa mau.

21Sawisé mengkono sapi lanang sing wis disembelèh mau kudu digawa metu saka Kémah kono lan diobong, patrapé kaya enggoné ngobong sapi lanang sing dienggo kurban ngruwat dosané Imam Agung. Kaya mengkono patrapé nyaosaké kurban pangruwating dosa sing ora dijarag kanggo umat.

22Yèn sing nglakoni dosa mau kagolong penggedhé, merga nerak wewaleré Gusti Allah, tanpa dijarag,

23(4:23-24) wongé kudu énggal dikandhani. Wong mau kudu saos kurban pangruwating dosa rupa wedhus lanang sing mulus tanpa cacad. Tangané kudu ditumpangaké ing endhasé wedhus mau, lan wedhusé banjur disembelèh ing sacedhaké mesbèh, sisih Wétan, yakuwi panggonané nyembelèh kéwan sing arep digawé kurban obongan.

24(4:23)

25Imam kudu nyelupaké drijiné ing getihing wedhus mau lan nglèlètaké getih mau ing sungu-sungu ing pojoké mesbèh. Turahané kudu disiramaké ing sikilé mesbèh.

26Patrapé padha karo nyaosaké kurban keslametan. Kaya mengkono patrapé nyaosaké kurban pangruwating dosa sing ora kejarag tumrap penggedhé, lan Allah bakal ngapura dosané wong mau.

27Yèn ana wong lumrah sing gawé dosa, nerak wewaleré Gusti Allah, ora kejarag,

28wong mau kudu énggal dikandhani supaya saos kurban rupa wedhus wadon sing mulus, tanpa cacad.

29Wong mau kudu numpangaké tangané ing endhasé kéwan mau, kéwané banjur disembelèh ing sacedhaké mesbèh sing kanggo kurban obongan, yakuwi panggonané wong nyembelèh kéwan-kéwan sing arep kanggo kurban obongan.

30Imam kudu nyelupaké drijiné ing getihé kéwan mau, lan nglèlètaké getih mau ing sungu-sungu ing pojoké mesbèh, lan turahané kudu disiramaké ing sikiling mesbèh.

31Gajihé kéwan mau kudu ditokaké kabèh, kaya patrapé saos kurban keslametan. Gajih mau kudu diobong déning Imam, supaya gandané gawé renaning penggalihé Gusti Allah. Kudu kaya mengkono patrapé imam olèhé nyaosaké kurban pangruwating dosa tumrap wong lumrah, lan Gusti Allah bakal ngapura dosané wong mau.

32Nanging yèn kéwan sing digawé kurban pangruwating dosa kuwi wedhus gèmbèl, wedhusé kudu wadon lan mulus, tanpa cacad.

33Wongé kudu numpangaké tangané ing endhasé wedhus mau, banjur nyembelèh wedhusé ing sisih loré mesbèh kurban obongan, yakuwi panggonané nyembelèh kéwan-kéwan sing arep kanggo kurban obongan.

34Imam kudu nyelupaké drijiné ing getihé kéwan mau, lan nglèlètaké ing sungu-sungu ing pojoké mesbèh, lan nyiramaké turahané ana ing sikilé mesbèh.

35Gajihé kéwan mau kabèh kudu ditokaké, kaya patrapé saos kurban keslametan. Gajih mau kudu diobong ing mesbèh, bebarengan karo kurban dhaharan sing disaosaké marang Allah. Kudu kaya mengkono patrapé imam olèhé nyaosaké kurban pangruwating dosa, kanggo wong sing ora njarag nerak wewaleré Allah. Gusti Allah bakal ngapura wong mau."



 <<  Imamat 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel