Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 11 >> 

1Biyèn-biyèné bangsa-bangsa ing salumahé bumi kuwi basané mung siji lan tembung-tembungé padha.

2Kecrita nalika padha nglembara mengétan, nuli padha tekan panggonan lempar ing tanah Babilonia, banjur padha manggon ana ing kono.

3Wong-wong mau padha saiyeg kandha mengkéné, "Ayo padha gawé bata lan diobong karebèn atos." Batané dienggo mbangun, déné sing dienggo nglépa tir kenthel.

4Kandhané menèh, "Ayo saiki kita padha mbangun kutha nganggo menara sing dhuwuré sundhul langit. Mengko kita rak dadi wong misuwur, lan ora padha pating slebar."

5Gusti Allah nuli tedhak mirsani kutha lan menara sing lagi digarap wong-wong mau,

6pangandikané, "Wong-wong iki padha tunggal bangsa lan tunggal basa. Mangka iki lagi wiwitaning réka-rékané. Suwé-suwé rak ora kena dipenggak karepé.

7Mula ayo padha dikisruhaké basané, supaya siji lan sijiné padha déné ora ngerti karepé."

8Mengkono enggoné Gusti Allah mbuyaraké wong-wong mau saka ing kono menyang salumahé bumi, nganti wurung enggoné ngedegaké kutha.

9Mulané kutha mau diarani Babil, merga ana ing kono Gusti Allah ngisruhaké basané wong sing padha manggon ana ing bumi, lan saka ing kono dibuyaraké tekan ngendi-endi.

10Iki tedhak-turuné Sèm. Rong taun sawisé banjir patopan, nalika Sèm umur 100 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Arpakhsad.

11Sawisé kuwi Sèm isih kawuwuhan umur 500 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

12Nalika Arpakhsad umur 35 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Sélah.

13Sawisé kuwi Arpakhsad isih kawuwuhan umur 403 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

14Nalika Sélah umur 30 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Ébèr.

15Sawisé kuwi Sélah isih kawuwuhan umur 403 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

16Nalika Ébèr umur 34 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Pèlèg.

17Sawisé kuwi Ébèr isih kawuwuhan umur 430 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

18Nalika Pèlèg umur 30 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Réhu.

19Sawisé kuwi Pèlèg isih kawuwuhan umur 209 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

20Nalika Réhu umur 32 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Sérug.

21Sawisé kuwi Réhu isih kawuwuhan umur 207 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

22Nalika Sérug umur 30 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Nahor.

23Sawisé kuwi Sérug isih kawuwuhan umur 200 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

24Nalika Nahor umur 29 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Térah.

25Sawisé kuwi Nahor isih kawuwuhan umur 119 taun, lan kaparingan anak liya-liyané.

26Sawisé Térah umur 70 taun, kaparingan anak lanang telu, yakuwi Abram, Nahor lan Haran.

27Iki tedhak-turuné Térah: Térah duwé anak Abram, Nahor lan Haran. Haran duwé anak lanang Lot.

28Haran mati ing kutha kelairané, yakuwi Ur ing tanah Babilonia. Nalika semono bapakné isih urip.

29Abram kawin karo Sarai, lan Nahor karo Milka, anaké Haran. Haran duwé anak lanang liyané, jenengé Yiska.

30Déné Sarai kuwi gabug, ora duwé anak.

31Térah ngajak Abram, anaké. Lot, putuné, lan Sarai, mantuné, bojoné Abram, lunga saka ing kutha Ur ing tanah Babilonia, menyang tanah Kenaan. Nanging bareng tekan ing Haran, banjur padha manggon ana ing kono.

32Térah mati ana ing Haran kono; umuré 205 taun.



 <<  Kejadian 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel