Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 13 >> 

1Abram lan bojoné nuli budhal saka tanah Mesir, nggawa sabarang-darbèké kabèh, bali menyang tanah Kenaan sisih Kidul. Lot iya mèlu.

2Abram dadi wong sugih. Ingon-ingoné akèh banget, mengkono uga duwé slaka lan emas sapirang-pirang.

3Enggoné manggon ngalih-ngalih, nganti tekan cedhak kutha Bètèl, papan sing biyèn tau dienggoni,

4yakuwi ana ing antarané Bètèl lan Ai, sing biyèn tau diedegi mesbèh. Abram banjur memuja marang Gusti Allah karo nyebut Asmané.

5Kocapa Lot sing ngetutaké Abram, iya duwé brayat, batur-tukon, sarta ingon-ingon wedhus lan sapi akèh.

6Mangka papan kono ora cukup yèn dienggoni bebarengan, temahan saka akèhé ingon-ingoné, wong loro mau padha ora bisa nunggal sapangonan.

7Pangoné Abram karo pangoné Lot banjur padha tukaran. Kejaba kuwi papan kono iya dienggoni déning bangsa Kenaan lan bangsa Fèris.

8Abram nuli kandha karo Lot, "Aku lan kowé rak padha sedulur. Yèn aku lan kowé nganti padha padu, kuwi ora becik; semono uga pangonku lan pangonmu. Tanah sanegara iki rak isih jembar.

9Mulané beciké aku lan kowé padha pepisahan waé; yèn kowé ngiwa, aku daknengen; yèn kowé nengen, aku dakngiwa."

10Lot mawas yèn tanah ngaré sakiwa-tengené Kali Yardèn nganti tekan kutha Zoar kuwi kabèh loh banget. Kaéndahané tanah kono kaya petamanané Allah utawa kaya tanah Mesir. (Nalika semono Sodom lan Gomora durung karusak déning Gusti Allah.)

11Dadiné Lot milih tanah ngaré sauruté Kali Yardèn mau kabèh dadi duwèké, banjur budhal mengétan. Mengkono Abram lan Lot padha pepisahan.

12Abram tetep manggon ana ing tanah Kenaan, sarta Lot ngenggoni tanah ngaré sauruté Kali Yardèn lan nancebaké kémahé cedhak karo kutha Sodom.

13Déné wong Sodom kuwi kalakuané ala banget lan dosané sundhul langit.

14Sawisé Lot misah, Gusti Allah ngandika marang Abram, "Ngadega, ndelenga mengalor lan mengidul, mengétan lan mengulon.

15Tanah sing kokdeleng kuwi kabèh bakal Dakparingaké marang kowé lan turunmu, sarta bakal dadi duwèké turunmu ing selawas-lawasé.

16Turunmu bakal Dakgawé akèh banget, nganti ora kena diétung, awit kaanané kaya déné lebuning bumi.

17Saiki lungaa, tanah iki dlajahana sepira dawa lan ambané, awit tanah iki bakal Dakparingaké marang kowé."

18Sawisé mengkono Abram nuli mbedhol kémahé, banjur manggon ing sacedhaké wit-witan ing kutha Mamré, ora adoh saka Hébron. Ing kono Abram banjur ngedegaké mesbèh konjuk marang Gusti Allah.



 <<  Kejadian 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel