Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 15 >> 

1Sawisé lelakon mau, Gusti Allah ngandika marang Abram sajroning wahyu mengkéné, "Abram, kowé aja wedi. Aku iki tetamèngmu, kang bakal maringi ganjaran gedhé marang kowé."

2Nanging Abram matur, "Dhuh Allah! Menapa ginanipun peparing menika kanggé kula; kula rak mboten gadhah anak. Ingkang badhé marisi griya kula saisinipun menika pun Élièzer, réncang kula, tiyang Damsyik."

3Sarta unjuké menèh, "Sarèhné Gusti mboten maringi anak dhateng kula, mila réncang kula ingkang badhé marisi sedaya barang gadhahan kula."

4Gusti Allah nuli ngandika marang Abram, "Dudu baturmu Élièzer kang bakal marisi barang-darbèkmu, nanging anakmu lanang dhéwé."

5Abram nuli dituntun menyang ing njaba sarta dingandikani, "Delengen langit kuwi, itungen lintangé yèn kowé bisa. Iya semono bakal cacahé turunmu!"

6Abram ngandel yèn pangandikané Allah mau bakal kelakon temenan. Merga saka pangandelé mau Abram kepétung wong sing bener ana ing ngarsané Gusti Allah.

7Gusti Allah banjur ngandika marang Abram, "Aku iki Allah, kang wis ngirid lakumu saka Ur, ing tanah Babilonia. Kowé arep Dakparingi bumi iki dadia duwèkmu."

8Unjuké Abram, "Dhuh Allah, ingkang Mahaluhur. Kadospundi enggèn kula sumerep, bilih bumi menika èstu badhé dados gadhahan kula?"

9Gusti Allah nuli dhawuh, "Aku jupukna sapi wadon kang umur telung taun, wedhus jawa wadon kang umur telung taun, wedhus gèmbèl lanang kang umur telung taun, manuk drekuku siji lan piyik dara siji."

10Abram ngladèkaké kéwan-kéwan mau kabèh, sarta padha disigari, sigarané kéwan siji-sijiné disèlèhaké adu-arep, mung manuké kang ora disigar.

11Nalika manuk gagak padha nyamber arep mangan dagingé kéwan-kéwan mau, banjur digusahi déning Abram.

12Bareng ngarepaké surup, Abram keturon nganti pules. Dumadakan ketaman rasa wedi lan giris banget.

13Gusti Allah ngandika marang Abram, "Turunmu bakal dadi wong neneka ana ing tanah kang dudu duwèké, sarta bakal padha dadi batur lan ditindhes nganti patang atus taun lawasé.

14Nanging bangsa kang padha dikawulani mau bakal Dakukum, lan turunmu bakal budhal saka ing tanah kono karo nggawa bandha akèh.

15Kowé dhéwé bakal dawa umurmu, lan bakal mati klawan tentrem rahayu, banjur kakubur.

16Sawisé patang turunan anak-turunmu lagi bakal bali mréné, merga Aku ora arep nundhung wong Amori, kang ngenggoni tanah iki, sadurungé dosané katog."

17Kecrita bareng wis wengi lan peteng ndhedhet, dumadakan katon ana anglo kumelun lan obor murub mlaku metu antarané sigaran-sigaran kéwan mau.

18Ing wektu iku uga Gusti Allah damel prejanjian karo Abram, pangandikané, "Turunmu bakal Dakparingi tanah iki, wiwit saka tapel watesé tanah Mesir nganti tekan Bengawan Éfrat,

19yakuwi tanahé bangsa Kèni, bangsa Kénas, bangsa Kadmon,

20bangsa Hèt, bangsa Réfaim,

21bangsa Amori, bangsa Kenaan, bangsa Girgasi lan bangsa Yébus."



 <<  Kejadian 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel