Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 16 >> 

1Sarai, bojoné Abram durung duwé anak. Nanging duwé batur-tukon, wong Mesir sing isih prawan, jenengé Hagar.

2Sarai nuli matur marang Abram, "Gusti Allah mboten maringi anak dhateng kula. Mila prayoginipun menawi panjenengan ngempali réncang-tumbasan kula menika, supados piyambakipun saged gadhah anak kanggé kula." Abram sarujuk karo rembugé Sarai.

3Dadiné Sarai, bojoné Abram, ngaturaké Hagar, batur-tukoné, asal saka Mesir, marang Abram supaya diselir. Nalika semono Abram enggoné manggon ing tanah Kenaan wis olèh sepuluh taun.

4Abram nuli ngumpuli Hagar, mula Hagar banjur ngandheg. Bareng rumangsa yèn wis ngandheg, Hagar dadi angkuh lan ngrèmèhaké Sarai, bendarané.

5Sarai nuli matur marang Abram, "Kula ingkang ngaturaken Hagar dhateng panjenengan, nanging sareng rumaos sampun ngandheg, piyambakipun ngrèmèhaken dhateng kula. Menika rak lepat panjenengan. Mugi Gusti Allah tumindak adil dhateng kula lan panjenengan."

6Wangsulané Abram, "Kowé kuwi rak kwasa mrenata baturmu. Sakarepmu tindakna!" Wiwit semana Hagar banjur disiya-siya déning Sarai, mula banjur minggat.

7Kecrita Malaékaté Pangéran nemoni Hagar ing sacedhaké sumur, ing dalan sing anjog ing segara wedhi Sur.

8Pangandikané Malaékat mau, "Hagar, baturé Sarai, kowé saka ngendi lan arep lunga menyang ngendi?" Wangsulané Hagar, "Kula menika késah saking ngarsanipun bendara kula Sarai."

9Malaékat banjur ngandika, "Kowé balia menyang panggonané bendaramu lan manuta ing sadhawuhé."

10Ana menèh pangandikané Malaékat mengkéné, "Turunmu bakal Dakdadèkaké akèh banget, nganti ora kena diétung merga saka akèhé.

11Kowé bakal duwé anak lanang, kuwi jenengna Ismaèl, merga Pangéran wis miyarsakaké pesambatmu.

12Wataké anakmu bakal kaya kuldi alas, bakal nglawan marang saben wong, lan saben wong bakal nglawan dhèwèké. Uripé bakal mencil, adoh saka sanak-seduluré."

13Hagar mbatin, "Apa Gusti Allah nggatèkaké temenan karo aku?" Mulané Hagar banjur ngluhuraké Asmané Allah sing wis menggalih marang dhèwèké, lan disebut: "Pangéran iku Allah kang nggatèkaké." Pangunandikané, "Aku wis ndeleng Panjenengané kang nggatèkaké aku."

14Mulané sumur mau karan Lakhai-Roi (tegesé: etuké Allah kang nggatèkaké aku). Dunungé sumur mau ing antarané kutha Kadès lan kutha Bèrèd.

15Bareng Hagar nglairaké anak lanang, déning Abram bocah mau dijenengaké: Ismaèl.

16Nalika semono umuré Abram 86 taun.



 <<  Kejadian 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel