Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 19 >> 

1Nalika Lot nuju lungguhan ana ing gapuraning kutha Sodom ing wayah soré, malaékat loro mau rawuh mrono. Bareng weruh malaékat mau Lot énggal-énggal menyat methukaké lan mbagèkaké klawan kurmat.

2Aturé, "Mbokbilih wonten dhangan ing penggalih, sumangga kula aturi pinarak tuwin nyaré ing pondhok kula; samenika kula aturi siram-siram rumiyin, mbénjing-énjing nglajengaken tindak." Wangsulané malaékat mau, "Ora, aku arep turu ana ing ratan kéné waé."

3Nanging sarèhné Lot adreng banget panyuwuné, para malaékat mau nuli mlebet ing omahé, banjur diolah-olahaké roti tanpa ragi, nuli padha mangan.

4Kocapa bareng para tamu mau lagi waé arep padha mapan saré, omahé Lot dikepung déning wong-wong Sodom tuwa enom, ora ana sing kèri.

5Wong-wong mau padha ngundang-undang, tembungé, "Endi wongé sing padha nginep ing omahmu kéné. Wetokna, arep dakturoni!"

6Lot nuli metu; lawangé ditutup menèh, banjur kandha karo wong-wong Sodom,

7tembungé, "Para sedhèrèk, sampun ta nglampahi ingkang nistha mekaten.

8Kula gadhah anak èstri kalih, ingkang taksih prawan. Menika badhé kula pasrahaken dhateng para sedhèrèk, badhé dipun menapakaken, mangga sakersa. Namung para tamu kula sampun ngantos dipun ganggu, margi sampun sami ngaub ing pondhok kula."

9Nanging pambengoké wong akèh mau, "Hus, nisih! Ngertia yèn kowé kuwi wong neneka, kathik isih arep mulang barang. Apa njaluk dakgebugi ngungkuli wong sing merdhayoh ing omahmu?" Lot nuli dijorogaké lan lawangé arep dibejad.

10Nanging kocapa malaékat loro mau nuli mbukak lawangé. Lot digèrèd mlebu ngomah, lawangé nuli dikancing menèh.

11Déné wong sing padha ana ing ngarepé lawang mau wiwit sing cilik tekan sing gedhé, dipicakaké mripaté, nganti padha ora bisa nemokaké lawangé kémah.

12Malaékat loro mau nuli ngandika marang Lot, "Apa kowé isih duwé sedulur ana ing kutha kéné? Anakmu lanang lan wadon sarta kabèh sedulurmu ing negara kéné jaken metu saka panggonan iki.

13Jalaran kutha kéné arep Daklebur, awit wis akèh pesambat kang kapireng Allah mungguh durakané wong kéné, lan Aku padha didhawuhi nglebur kutha iki."

14Lot nuli metu, kandha karo calon mantuné loro, tembungé, "Énggal padha metua saka kutha kéné, merga Gusti Allah bakal numpes kutha iki." Nanging calon mantuné loro mau malah ngarani Lot mung sembranan waé.

15Bareng wis rada padhang, malaékat loro mau nuli nyereg marang Lot, "Wis, gèk énggal, bojo lan anakmu loro gawanen lunga saka kéné, supaya kowé aja katut kalebur karo kutha iki."

16Lot mangu-mangu. Nanging Gusti Allah asih marang Lot, mulané diéman. Tangané Lot lan bojoné nuli dicandhak, mengkono uga anaké wadon loro, banjur dituntun metu lan ditinggal ing sanjabané kutha.

17Karo dikandhani, "Rikat mlayua, ngungsia menyang pegunungan. Aja nolèh ngiwa utawa nengen lan aja mandheg ana ing tanah ngaré kéné, supaya kowé padha ora katut katumpes."

18Nanging Lot munjuk, "Dhuh Gusti, mugi kula sampun kadhawuhan mlajeng dhateng paredèn.

19Kula matur nuwun sanget déné sampun Panjenengan wilujengaken, nanging paredèn menika tebih sanget. Mesthi kula badhé ketututan déning bebendu menika, ngantos kula badhé èstu pejah.

20Ing ngajeng menika wonten kitha alit, ingkang mboten patos tebih. Keparenga kula mrika kémawon, supados kula saged wilujeng."

21Wangsulané malaékat, "Ya wis becik. Negara iku bakal ora daklebur.

22Énggal mranaa! Awit aku ora bisa tumindak apa-apa, yèn kowé durung tekan ing kana." Sarèhné Lot nyebut kutha kuwi cilik, mulané kutha mau ketelah jeneng Zoar.

23Kocapa bareng srengéngéné wis mlethèk lan Lot wis tekan Zoar,

24Gusti Allah nuli nekakaké udan wlirang lan geni saka ing langit ana ing kutha Sodom lan Gomora,

25sarta nglebur kutha-kutha mau lan kiwa-tengené, bareng karo wong, kéwan lan tetuwuhan sing ana ing kono kabèh.

26Bojoné Lot mandheg lan nolèh, temah sanalika malih dadi tugu uyah.

27Ésuké, isih umun-umun, Abraham marani papan sing winginé dienggo ngadeg ana ing ngarsané Gusti Allah.

28Bareng nyawang eneré Sodom lan Gomora lan sakiwa-tengené, nuli weruh ana kebul kumelun saka ing bumi, kaya kebulé pawon gamping.

29Kaya mengkono nalika Gusti Allah nglebur Sodom lan Gomora, kanthi ngèngeti Abraham lan ngirid Lot metu saka panggonan sing dilebur.

30Sarèhné wedi manggon ana ing Zoar, Lot lan anaké wadon loro nuli pindhah menyang ing pegunungan, manggon ana ing guwa.

31Anak wadon sing tuwa kandha karo adhiné, "Bapak kuwi ngunduri sepuh, mangka sanegara kéné ora ana wong lanang sing ngumpuli, supaya kita duwé anak.

32Beciké bapak diombèni anggur supaya mendem lan nuroni kita, temah kita bakal duwé anak."

33Dadi benginé Lot diwènèhi ngombé anggur; anak sing tuwa nuli amor turu karo bapakné. Lot saking mendemé ora ngerti tekané lan lungané anaké mau.

34Ésuké anak wadon sing mbarep mau kandha karo adhiné, "Dhèk bengi aku wis dituroni bapak. Ayo mengko bengi bapak digawé mendem menèh, banjur kowé gentèn turu karo bapak, supaya kita padha duwé anak kabèh."

35Wengi kuwi uga Lot diombèni anggur nganti mendem, lan anaké sing nom genti turu karo bapakné. Lot saking mendemé ora ngerti tekané lan lungané anaké mau.

36Anak wadon karo-karoné banjur ngandheg karo bapakné.

37Anak sing mbarep nglairaké anak lanang lan dijenengaké Moab, dadi leluhuré bangsa Moab sing saiki iki.

38Adhiné iya nglairaké anak lanang, dijenengaké Bèn Ami, dadi leluhuré bangsa Amon sing saiki iki.



 <<  Kejadian 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel