Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 2 >> 

1Mengkono mau rampungé dumadiné jagad lan saisiné kabèh.

2Ing dina kapitu Gusti Allah wis ngrampungaké sakèhing yasané, banjur kèndel enggoné makarya.

3Dina kapitu mau nuli diberkahi sarta disengker, merga ing dina kuwi Panjenengané kèndel ing pakaryan enggoné nitahaké samubarang yeyasané.

4Kaya mengkono dumadiné jagad nalika dititahaké. Nalika Gusti Allah nitahaké jagad,

5ing bumi durung ana tetuwuhan, lan durung ana wiji sing thukul, awit Gusti Allah durung nekakaké udan lan durung ana wong ngolah bumi.

6Nanging ana banyu metu saka sangisoring lemah lan nelesi palemahan mau kabèh.

7Gusti Allah banjur mundhut lemah saka ing bumi kawangun manungsa; nuli bolongané irungé kasebul nganggo napasing urip, mula manungsa banjur urip.

8Gusti Allah banjur yasa petamanan ing tanah Èden, ing sisih Wétan. Ana ing petamanan kono Gusti Allah enggoné mapanaké manungsa sing didhapur mau.

9Ing petamanan kono Gusti Allah nukulaké sakèhé wit-witan sing katon asri, lan sing metokaké woh-wohan sing becik kanggo pangan. Ing satengahing petamanan uga ana witing kauripan, lan witing pangerti bab kang ala lan becik.

10Ing kono ana kali gedhé sing ngilèni petamanan mau. Ing sanjabané petamanan kali gedhé kuwi banjur cawang dadi kali papat.

11Kali sing kapisan jenengé Pison; kali iki iliné ngubengi ing satanah Hawila.

12(Ing tanah kono ana emasé murni, uga ana bangsané blendok sing ambuné wangi banget, sarta sesotya-sesotya sing rupané éndah banget.)

13Kali sing kapindho jenengé Gihon, iliné ngubengi satanah Kus.

14Kali kang katelu Tigris, lakuné metu ing sawétané tanah Asyur; déné kali kang kapat, Éfrat.

15Gusti Allah mapanaké manungsa ana ing petamanan Èden, didhawuhi ngolah lan ngreksa petamanan mau,

16karo dingandikani mengkéné, "Sarupané wit-witané petamanan iki wohé olèh kokpangan,

17kejaba mung witing pangerti bab kang ala lan becik, kuwi wohé aja kokpangan. Awit samasa kowé mangan wohé mau, ing dina kuwi uga kowé bakal mati."

18Gusti Allah banjur ngandika, "Ora prayoga yèn manungsa mung ijèn waé. Dakyasakné kanca kang sembada."

19Gusti Allah banjur mundhut lemah, nuli kadhapur dadi sarupané sato kéwan lan sarupané manuk. Kabèh mau banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa, awit Gusti Allah kersa mirsani, kepriyé manungsa enggoné mènèhi jeneng marang kéwan-kéwan mau. Yakuwi mula-bukané kéwan lan manuk padha duwé jeneng dhéwé-dhéwé.

20Mengkono dadiné manungsa mènèhi jeneng marang sarupané kéwan. Nanging ora ana manungsa siji waé sing bisa dadi réwangé sing sembada.

21Gusti Allah nuli ndadèkaké manungsa mau turu kepati, lan igané dipundhut siji; tilas panggonané iga kang kapundhut mau diisèni daging.

22Iga sing kapundhut saka manungsa mau nuli didhapur déning Gusti Allah dadi wong wadon, banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa.

23Ing kono manungsa nuli ngucap, "Yaiki titah sing kaya aku, sing balungé saka balungku, lan dagingé saka dagingku. Manungsa iki diarani ‘kedhini’, awit kajupuk saka kedhana."

24Mulané wong lanang pinesthi ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang rabiné, sarta sekaroné bakal dadi badan siji.

25Manungsa lanang lan wadon mau sekaroné padha wuda, éwadéné ora rumangsa isin.



 <<  Kejadian 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel