Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 20 >> 

1Abraham pindhah saka ing Mamré menyang ing Kenaan sisih Kidul, sarta manggon ing Gérar, antarané kutha Kadès lan Sur, dadi wong neneka.

2Sarah, bojoné, diakokaké seduluré wadon. Nganti Abimèlèh, raja Gérar, utusan nimbali Sarah, arep dipundhut garwa.

3Nanging Gusti Allah ngrawuhi Abimèlèh sajroning impèn, pangandikané, "Kowé bakal mati merga saka wong wadon sing kokpèk bojo iku, merga dhèwèké wis duwé bojo."

4Sarah pancèn durung dikapak-kapakaké. Mulané Abimèlèh matur, "Dhuh Pangéran, kula mboten lepat. Kénging menapa Panjenengan badhé mejahi kula?

5Menapa mboten Abraham piyambak ingkang criyos dhateng kula, bilih Sarah menika sedhèrèkipun èstri? Lan Sarah piyambak rak inggih wicanten, bilih Abraham menika sedhèrèkipun jaler. Dados enggèn kula tumindak mekaten menika kalayan manah resik."

6Gusti Allah nuli ngandika menèh sajroning pangimpèn, dhawuhé, "Pancèn Aku ngerti yèn tumindakmu klawan ati kang resik, mulané kowé Dakcegah supaya ora nglakoni dosa. Kowé aja nggepok wong wadon kuwi.

7Saiki Sarah balèkna. Sing lanang iku nabi, karebèn dhèwèké ndongakaké keslametanmu. Déné yèn ora kokbalèkaké, ngertia yèn kowé mesthi bakal mati, ya kowé, ya wong saisiné omahmu!"

8Ésuké umun-umun Abimèlèh tangi turu, banjur nglumpukaké baturé kabèh, padha dicritani impèné, temahan wong sakedhaton padha wedi banget.

9Abraham iya ditimbali lan dingandikani, "Kénging menapa panjenengan koktumindak mekaten dhateng kula? Lepat kula menapa, déné kula lan negari kula ngantos panjenengan dhawahi kalepatan semanten agengipun? Tumindak panjenengan ingkang kados mekaten menika mboten pantes.

10Kénging menapa panjenengan nglampahi kados mekaten?"

11Wangsulané Abraham, "Kula gadhah panginten, bilih tiyang ing ngriki mboten sami ajrih dhateng Gusti Allah. Mila kula ajrih mbokbilih kula dipun pejahi déning tiyang ingkang mélik dhateng sémah kula.

12Tur Sarah menika pancèn inggih sedhèrèk kula saèstu; prenahipun kaliyan kula nunggil bapak sanès biyung. Lajeng kula pendhet dados sémah kula.

13Sarèhné kula dipun kersakaken déning Gusti Allah késah nglembara mrika-mriki, tebih saking sanak-sedhèrèk, piyambakipun lajeng kula kethik, ‘Yèn awaké dhéwé ana ing paran, kowé ngétokna katresnanmu marang aku srana ngaku yèn aku iki sedulurmu lanang.’"

14Sawisé kuwi Abimèlèh mbalèkaké Sarah marang Abraham, malah digawani batur-tukon, wedhus lan sapi.

15Pangandikané marang Abraham, "Tanah kula taksih wiyar, kula aturi milih pundi ingkang panjenengan remeni, lajeng dedalema ing ngriku."

16Déné Sarah dipangandikani, "Abraham, sémah panjenengan, sampun kula sukani arta sèwu pérak, minangka bukti dhateng sedaya tiyang bilih panjenengan mboten kalepatan. Saben tiyang badhé mangertos bilih panjenengan mboten kalepatan menapa-menapa."

17Abraham banjur saos sukur marang Allah, ndongakaké Abimèlèh, temahan Abimèlèh kaparingan waras, lan garwané tuwin para baturé wadon padha bisa duwé anak menèh.

18Mauné, nalika Sarah, bojoné Abraham, ana ing kedhaton, para wong wadon mau padha digawé gabug déning Gusti Allah.



 <<  Kejadian 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel