Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 21 >> 

1Kecrita Gusti Allah manggihi Sarah, kaya sing wis dingandikakaké, prelu ngleksanani janjiné.

2Mulané Sarah banjur ngandheg lan mbabar anak lanang, patutan saka Abraham. Kelakoné mau trep ing wektu sing wis ditemtokaké déning Allah, senajan Abraham wis tuwa.

3Bayiné banjur dijenengaké: Iskak.

4Bareng umur wolung dina bayi mau ditetaki.

5Nalika netaki Iskak, Abraham umur satus taun.

6Sarah muni ngéné, "Seméné Gusti Allah enggoné paring kabegjan marang aku, nganti aku ngguyu.

7Sapa sing krungu mesthi bakal nggeguyu aku. Dhèk biyèn sapa wani kandha karo Abraham yèn aku bakal duwé anak? Éwasemono saiki aku kelakon duwé anak, senajan bojoku wis tuwa banget."

8Bocahé mundhak gedhé lan nalika disapih, Abraham nganakaké pésta sukuran gedhèn.

9Ing sawijining dina, nalika Ismaèl, anaké Abraham patutan saka Hagar, wong Mesir, lagi dolanan karo Iskak,

10Sarah matur karo Abraham, "Hagar lan anakipun menika panjenengan késahaken. Anakipun réncang-tumbasan menika mboten kénging tumut nampi warisan. Sedaya warisan menika hakipun anak kula Iskak."

11Aturé Sarah sing mengkono mau gawé seriking atiné Abraham, merga Ismaèl kuwi iya anaké.

12Nanging Gusti Allah ngandika marang Abraham, "Kowé aja ngebotaké Ismaèl lan Hagar. Apa sapenjaluké Sarah kuwi turutana. Merga turuné Iskak sing bakal marisi prejanjian-Ku.

13Déné turuné Ismaèl iya bakal Dakdadèkaké bangsa gedhé, merga bocah kuwi iya anakmu."

14Ésuké Abraham njupuk roti lan banyu saimpes diwènèhaké marang Hagar. Semono uga Ismaèl dibopong, digéndhongaké ing gegeré embokné, banjur dikon lunga. Hagar nuli mangkat. Lakuné kesasar tekan segara wedhi Bèrsyéba.

15Bareng sanguné banyu entèk blas, Hagar banjur nyèlèhaké anaké ana ing ngisor grumbul;

16dhèwèké dhéwé lungguh wetara satus mèter saka panggonan mau. Pangunandikané, "Aku ora tegel ndeleng anakku mati." Karo nangis Hagar sesambat. Déné Ismaèl, anaké, uga nangis.

17Gusti Allah midhanget tangisé Ismaèl. Dumadakan ana Malaékaté Pangéran ngaruh-aruhi Hagar saka ing langit, "Ana apa Hagar? Aja kuwatir! Gusti Allah wis midhanget tangisé anakmu.

18Ngadega, anakmu tangèkna, merga arep Dakdadèkaké bangsa gedhé."

19Gusti Allah mbukak mripaté Hagar, mula weruh ana sumur, nuli diparani. Impesé diisèni banyu lan bocahé diombèni.

20Gusti Allah ngreksa bocah mau. Bareng wis gedhé, senengané mbebedhag lan manggon ana ing pesamunan Paran.

21Embokné nggolèkaké jodho wong saka tanah Mesir.

22Kecrita ing nalika semana Raja Abimèlèh lan Pikhol, sénapatiné, padha nemoni Abraham, tembungé, "Sarèhné Gusti Allah nyembadani sedaya prekawis ingkang panjenengan lampahi,

23pramila panjenengan kersaa prejanji ing ngarsanipun Allah dhateng kula, bilih panjenengan mboten badhé mblénjani; inggih dhateng kula, utawi dhateng anak tuwin sanak-sedhèrèk kula. Malah panjenengan kersaa damel kesaénan dhateng kula lan negari kula, ingkang panjenengan enggèni menika, kados enggèn kula sampun damel saé dhateng panjenengan."

24Wangsulané Abraham, "Inggih, kula prejanji."

25Nanging Abraham iya banjur nglairaké pangresulané marang Raja Abimèlèh prekara sumuré sing direbut déning para abdiné Raja Abimèlèh klawan rodha-peksa.

26Pangandikané Abimèlèh, "Prekawis menika kula malah mboten ngertos sinten ingkang nindakaken. Kénging menapa panjenengan kokmboten ngandika dhateng kula? Lan dumugi sepriki inggih mboten wonten tiyang ingkang suka sumerep dhateng kula."

27Abraham banjur njupuk wedhus lan sapi sawetara diaturaké marang Raja Abimèlèh. Wong loro mau banjur gawé prejanjian.

28Nanging Abraham nyisihaké cempé wedhus gèmbèl pitu.

29Raja Abimèlèh banjur miterang, "Menapa kersa panjenengan kokmisahaken cempé pitu menika?"

30Wangsulané Abraham, "Panjenengan kersaa nampi cempé pitu menika, minangka pretandha enggèn panjenengan ngakeni, bilih sumur menika gadhahan kula."

31Mulané panggonan kono disebut Bèrsyéba, merga wong loro mau padha gawé prejanjian ana ing kono.

32Sawisé padha gawé prejanjian mau, Abimèlèh nuli mulih menyang negara Filistia kadhèrèkaké Pikhol.

33Abraham banjur nandur wit tamariska ana ing Bèrsyéba lan memuja marang Gusti Allah, srana nyebut Asmané kang langgeng.

34Abraham dadi wong neneka sing manggon sawetara lawasé ana ing negarané wong Filistia kono.



 <<  Kejadian 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel