Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 25 >> 

1Abraham kawin menèh karo wong wadon jenengé Ketura.

2Ketura mau anak-anak: Zimran, Yoksan, Médan, Midian, Isbak, lan Suah.

3Yoksan duwé anak: Syéba lan Dédan. Anaké Dédan kuwi wong Asyur, wong Letus lan wong Léum.

4Midian duwé anak: Éfa, Èfèr, Hénokh, Abida, lan Èldaa. Iku kabèh anak-turuné Ketura.

5Senajan Abraham marisaké bandhané kabèh marang Iskak,

6éwasemono nalika sugengé akèh pawèwèhé marang anak-anaké sing patutan saka bojo liya-liyané. Nanging banjur padha dikon pindhah menyang tanah sawétané Kenaan, kapisah karo Iskak, anaké.

7Bareng wis tuwa banget lan umuré genep satus pitung puluh lima taun,

8Abraham tilar-donya,

9kakubur déning Iskak lan Ismaèl, anaké, ana ing Guwa Mahpéla, ing palemahan tilas duwèké Éfron, anaké Zohar, wong Hèt, ing sisih wétané Mamré.

10Palemahan mau wis dituku Abraham saka anak-turuné Hèt. Sarah, bojoné Abraham, iya kakubur ana ing kono.

11Satilaré Abraham, Gusti Allah mberkahi Iskak, kang manggon ing sacedhaké sumur Lakhai-Roi.

12Ismaèl kuwi anaké Abraham, patutan saka Hagar, wong Mesir, batur-tukoné Sarah.

13(25:13-16) Ismaèl duwé anak rolas, kaya kang kasebut ing ngisor iki, wiwit sing tuwa dhéwé: Nébayot, Kédar, Abdéèl, Mibsam, Misma, Dumah, Masa, Hadad, Téma, Yétur, Nafisy lan Kèdma; padha dadi leluhuré bangsa rolas. Désa sing dienggoni uga disebut manut jeneng-jenengé wong-wong mau.

14(25:13)

15(25:13)

16(25:13)

17Nalika tinggal-donya Ismaèl umuré satus telung puluh pitu taun.

18Anak-turuné Ismaèl manggon ing tanah sing dunungé ing antarané Hawila lan Sur, sawétané tanah Mesir, nganti tekan Asyur, dadi adoh saka panggonané anak-turuné Abraham liya-liyané.

19Iki tedhak-turuné Iskak, anaké Abraham.

20Nalika Iskak umur patang puluh taun kawin karo Ribkah, adhiné Laban, anaké Bétuèl, wong Aram saka Mésopotamia.

21Sarèhné Ribkah ora duwé anak, Iskak banjur nyenyuwun marang Allah. Gusti Allah nyembadani panyuwuné, temahan Ribkah banjur ngandheg.

22Bayiné kembar, lan nalika isih ana ing wetengan bayi-bayi mau padha gelutan. Pangunandikané Ribkah, "Yagéné aku kokkudu ngalami mengkéné?" Mulané banjur nyuwun pirsa marang Allah.

23Pangandikané Gusti Allah, "Ing wetengmu ana bangsa loro, sing padha sesatron, sing enom luwih rosa ketimbang karo sing tuwa, sing mbarep bakal ngawula marang sing ragil."

24Bareng wis tekan wektuné, Ribkah nuli mbabar; bayiné kembar loro lanang kabèh.

25Sing mbarep kulité semu abang kebak wulu. Mulané banjur dijenengaké Ésau.

26Bareng bayi sing kapindho lair, tangané nyekeli tungkaké Ésau. Mulané dijenengaké Yakub. Nalika bocah loro mau padha lair, Iskak umuré sewidak taun.

27Bocah loro mau padha mundhak gedhé. Ésau dadi tukang mbebedhag sing pinter banget. Senengané tlusupan ana ing alas; nanging Yakub wataké anteng, senengané ana ing omah waé.

28Iskak tresna karo Ésau, merga pekaremané mangan daging olèh-olèhané Ésau enggoné mbebedhag. Nanging Ribkah luwih tresna marang Yakub.

29Ing sawijining dina nalika Yakub lagi nggodhog kacang abang, Ésau teka, bali saka enggoné mbebedhag. Ésau ngelih banget.

30Banjur kandha karo Yakub, "Aku ngelih banget. Aku wènèhana sing abang-abang kuwi, sethithik waé." Mulané Ésau diparabi: Édom.

31Yakub mangsuli, "Dakwènèhi, angger wewenangmu pembarep genti kokwènèhaké aku."

32Ésau banjur muni, "Aku ora preduli karo wewenangku dadi pembarep. Aku sélak mati kaliren."

33Wangsulané Yakub, "Sumpaha dhisik yèn wewenangmu dadi pembarep kokwènèhaké aku." Ésau banjur sumpah ngeculaké wewenangé dadi pembarep marang Yakub.

34Yakub banjur awèh roti lan kacang abang godhogan marang Ésau. Sawisé mangan lan ngombé Ésau banjur lunga. Kaya mengkono Ésau enggoné ngrèmèhaké wewenangé dadi pembarep.



 <<  Kejadian 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel