Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 28 >> 

1Iskak banjur ngundang Yakub. Sawisé diberkahi banjur diweling mengkéné, "Nggèr, aja pisan-pisan kowé amèk bojo wong Kenaan.

2Lungaa menyang tanah Mésopotamia, ing omahé embahmu Bétuèl, bapakné ibumu, lan amèka bojo saka panunggalané anaké Laban, kakangné ibumu.

3Allah Kang Mahakwasa muga-muga mberkahi enggonmu jejodhoan lan maringi anak putu pirang-pirang, nganti kowé dadi leluhuré bangsa akèh!

4Muga-muga Pangéran mberkahi kowé lan anak-turunmu, kaya enggoné mberkahi marang Abraham. Muga-muga tanah sing kokenggoni iki dadi duwèkmu, kaya sing dijanjèkaké déning Allah marang Abraham!"

5Mengkono Iskak enggoné nglungakaké Yakub menyang tanah Mésopotamia, menyang panggonané Laban, anaké Bétuèl, wong Aram. Ribkah, ibuné Yakub lan Ésau, kuwi adhiné Laban.

6Ésau ngerti yèn Iskak wis mberkahi Yakub lan Yakub dikon lunga menyang tanah Mésopotamia, supaya golèk bojo wong saka kana. Lan iya ngerti yèn enggoné mberkahi Yakub mau karo diweling supaya aja pisan-pisan olèh bojo wong Kenaan,

7sarta Yakub nggugu marang pituturé bapak lan ibuné lan lunga menyang tanah Mésopotamia.

8Merga saka kuwi Ésau ngerti yèn Iskak satemené éwa karo wong-wong wadon bangsa Kenaan.

9Mulané Ésau banjur lunga nemoni Ismaèl, anaké Abraham, lan ngepèk bojo anaké Ismaèl, sing jenengé Mahalat, adhiné Nébayot, diwayuh karo bojoné tuwa.

10Yakub mangkat saka Bèrsyéba menyang tanah Haran.

11Bareng srengéngéné surup, Yakub tekan ing sawijining panggonan, banjur nginep ana ing kono. Sawisé njupuk watu dienggo bantal, Yakub banjur nggléthak mapan turu.

12Nuli ngimpi, lan sajroning ngimpi weruh ana andha ngadeg ing bumi, pucuké sundhul langit. Uga weruh Malaékaté Allah padha munggah mudhun ing andha mau.

13Dumadakan Gusti Allah piyambak jumeneng ana ing sisihé lan ngandika, "Aku iki Allahé Abraham lan Iskak. Tanah sing kokturoni iki bakal Dakparingaké marang kowé lan anak-turunmu.

14Anak-turunmu cacahé bakal kaya lebuning bumi; bakal padha ngambra-ambra sumebar tekan ngendi-endi. Para bangsa bakal padha kaberkahan merga saka kowé lan anak-turunmu.

15Saparan-paranmu bakal Dakkanthi. Kowé bakal Dakulihaké mréné. Lan kowé ora bakal Daktinggal, nganti apa sing Dakjanjèkaké marang kowé iki kelakon kabèh."

16Yakub banjur nglilir, pangucapé, "Nyata Allah ana ing kéné. Mangka aku ora nyana!"

17Saka wediné dhèwèké muni, "Panggonan iki wingit, awit Allah dedalem ing kéné. Iki mesthi gapuraning swarga!"

18Ésuké, isih umun-umun Yakub wis tangi. Watu sing dienggo bantal turu banjur diedegaké kanggo tandha pengéling-éling, sarta diesoki lenga zaitun.

19Panggonan mau dijenengi: Bètèl. Ing mauné jenengé Lus.

20Yakub banjur janji ana ing ngarsané Pangéran mengkéné, "Yèn Gusti Allah nyata ngirid lakuku, lan ngreksa marang aku, maringi aku pangan lan sandhang penganggo,

21apa déné ngulihaké aku, slamet tekan omahé bapakku, Panjenengané dakakoni dadi Allah lan pepundhènku.

22Aku bakal nyaosaké saprasepuluhé apa waé, sing diparingaké marang aku. Déné watu sing dakdegaké iki bakal dadi papan pamujan marang Allah."



 <<  Kejadian 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel