Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 34 >> 

1Ing sawijining dina Dina, anaké Léa karo Yakub, dolan karo bocah-bocah wadon Kenaan.

2Nalika Sikèm, anaké Hamor wong Hèwi, sing dadi raja ana ing kono, weruh, Dina banjur diculik lan dipeksa dikumpuli.

3Sikèm mau kepéncut karo Dina, anaké Yakub, mula bocah wadon mau dirimuk arep dipèk bojo.

4Sikèm kandha karo bapakné, "Bapak kula aturi mbudidaya, supados laré èstri menika dados sémah kula."

5Yakub krungu yèn anaké wadon wis dirusuhi, nanging sarèhné anak-anaké lagi padha angon wedhus-wedhusé ana ing ara-ara, dadi mung meneng waé, ngentèni yèn anaké wis padha teka.

6Hamor, bapakné Sikèm teka, arep rembugan karo Yakub.

7Nalika semono anak-anaké Yakub pinuju teka saka pangonan. Bareng padha krungu bab lelakon mau padha kagèt banget lan sanalika muntab. Sebab srana tumindaké, meksa ngumpuli anaké Yakub mau, Sikèm gawé wirangé wong Israèl kabèh.

8Hamor kandha karo Yakub mengkéné, "Anak kula Sikèm kepéncut dhateng kang putra Dina. Keparenga panjenengan ngidini anak kula kawin kaliyan Dina.

9Bangsa kula lan bangsa panjenengan prayogi sami bebésanan.

10Mangké panjenengan saged lestantun manggèn wonten ing ngriki, sesarengan kaliyan bangsa kula, merdika badhé milih panggènan pundi kémawon ingkang panjenengan kersakaken. Panjenengan wenang nggadhahi pasitèn lan menawi ngersakaken dedagangan inggih kénging, sakersa panjenengan."

11Sikèm kandha karo bapakné Dina lan kakang-kakangné, "Menawi panjenengan maringaken Dina dados sémah kula, menapa kémawon ingkang panjenengan kersakaken badhé kula saosaken.

12Kula aturi ngandika kémawon, rupi menapa, lan pinten kathahipun tumbasan ingkang kedah kula aturaken, badhé kula saosi sakersa panjenengan, uger laré èstri menika angsal kula pendhet dados sémah kula."

13Sarèhné Sikèm wis ngrusuhi Dina, mulané kakang-kakangné banjur padha nggorohi Sikèm lan Hamor, bapakné,

14mengkéné clathuné, "Kula mboten sami saged ngidini adhi kula angsal tiyang ingkang mboten tetak.

15Kula sami saged ngidini namung mawi sarat setunggal: panjenengan kedah dados kados kula, tegesipun, sedaya tiyang jaler ing tengahing bangsa panjenengan kedah dipun tetaki,

16nembé kula saged nyukakaken anak-anak kula èstri dhateng panjenengan lan mendhet putra-putra èstri panjenengan; kula lajeng badhé manggèn sesarengan kaliyan panjenengan, lan kita badhé dados bangsa setunggal.

17Menawi panjenengan mboten kersa nampi sarat menika, dados mboten kersa tetak, kula badhé sami mendhet wangsul laré èstri menika, lajeng késah saking ngriki."

18Hamor lan Sikèm nganggep sarat sing dikandhakaké déning anak-anaké Yakub mau murwat.

19Mulané Sikèm banjur nyarujuki tanpa dipikir dawa, merga saka tresnané marang Dina. Mangka ing antarané kulawargané, Sikèm kuwi sing kajèn dhéwé.

20Hamor lan Sikèm banjur padha rembugan karo para kawulané ana ing gapuraning kutha, mengkéné clathuné,

21"Wong-wong Israèl kuwi atiné becik; mulané karebèn bébas padha manggon dadi siji karo kita ing kéné. Bumi kita rak jembar. Karebèn jaka-jaka kita padha kawin karo prawan-prawané kana, lan jaka-jakané kana karebèn kawin karo prawan-prawan kéné.

22Nanging wong-wong Israèl mau enggoné gelem manggon bebarengan karo kita ing kéné dadi sabangsa, ana saraté siji, yakuwi: kabèh wong lanang kita kudu tetak, kaya wong-wong kana.

23Mbésuk raja-kayané lan barang darbèké rak dadi duwèk kita. Mulané becik menawa kita padha ngrujuki penjaluké."

24Para kawula kabèh padha rujuk karo usulé Hamor lan Sikèm, nganti wong lanang kabèh ing kutha kono padha ditetaki.

25Kocapa bareng telung dinané, nalika wong-wong sing ditetaki mau lagi lara-larané, anaké Yakub loro, Siméon lan Lèwi, kakangné Dina, padha njupuk pedhang, nuli nlusup mlebu ing kutha, matèni kabèh wong lanang sing ana ing kono,

26uga Hamor lan Sikèm. Banjur njupuk Dina saka omahé Sikèm, digawa mulih.

27Anak-anaké Yakub liyané padha njarah-rayah kutha mau kanggo males, merga adhiné wis digawé wirang.

28Wedhus, sapi, kuldi lan kabèh sing ana ing kutha lan ing pangonan dijarah-rayah.

29Kabèh sing pengaji dijupuk. Wong wadon lan bocah-bocah dicekel, lan isiné omah-omah ing kutha kono dirampas entèk-entèkan.

30Yakub banjur kandha karo Siméon lan Lèwi, "Kowé padha gawé susahku. Saiki wong Kenaan lan wong Fèris, sarta kabèh wong ing negara kéné bakal padha sengit karo aku. Kita rak mung wong sethithik. Yèn wong pribumi kéné padha saiyeg nglawan aku lan nempuh aku, apa kita sebrayat ora bakal musna?"

31Nanging padha mangsuli, "Kula mboten trimah adhi kula dipun garap kados sundel."



 <<  Kejadian 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel