Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 36 >> 

1Iki anak-turuné Ésau, sing iya karan Édom.

2Ésau rabi karo wong-wong wadon Kenaan, yakuwi: Ada, anaké Élon, wong Hèt; Oholibama, anaké Ana, putuné Zibéon, wong Hèwi;

3Basmat, anaké Ismaèl, adhiné Nébayot.

4Ada duwé anak Élifas, Basmat duwé anak Rehuèl,

5lan Oholibama duwé anak Yéus, Yaélam lan Korah. Kuwi mau kabèh anaké Ésau sing lair ing tanah Kenaan.

6Ésau mboyong bojo-bojoné, anak-anaké lanang lan wadon, sarta wong kabèh sing mèlu dhèwèké, raja-kaya lan raja-brana enggoné olèh ana ing Kenaan, budhal menyang liya panggonan, pisah karo Yakub, adhiné.

7Enggoné misah karo Yakub mau jalaran tanah sing dienggoni mau pangonané ora nyukupi, merga saking akèhé ingon-ingoné Yakub lan Ésau.

8Mulané Ésau banjur milih manggon ing pegunungan Édom.

9Iki anak-turuné Ésau, leluhuré wong Édom.

10(36:10-13) Ada, bojoné Ésau, duwé anak lanang, jenengé Élifas. Élifas duwé anak lanang lima, yakuwi: Téman, Omar, Zépo, Gaétam lan Kénas. Élifas duwé bojo liyané menèh, jenengé Timna. Timna duwé anak lanang, jenengé Amalèk. Bojoné Ésau sing jeneng Basmat duwé anak lanang, jenengé Rehuèl. Rehuèl duwé anak lanang papat, jenengé: Nahat, Zérah, Syama lan Miza.

11(36:10)

12(36:10)

13(36:10)

14Bojoné Ésau sing jeneng Oholibama, anaké Ana lan putuné Zibéon, duwé anak lanang telu, yakuwi: Yéus, Yaélam lan Korah.

15Iki bangsa-bangsa anak-turuné Ésau: Élifas, anak pembarepé Ésau, dadi leluhuré bangsa-bangsa: Téman, Omar, Zépo, Kénas,

16Korah, Gaétam lan Amalèk. Kuwi kabèh anak-turuné Ada, bojoné Ésau.

17Rehuèl, anaké Ésau dadi leluhuré bangsa-bangsa: Nahat, Zérah, Syama lan Miza. Kuwi kabèh anak-turuné Basmat, bojoné Ésau.

18Iki bangsa-bangsa anak-turuné Ésau saka bojo liyané, sing jeneng Oholibama, anaké Ana, yakuwi: Yéus, Yaélam lan Korah.

19Kuwi kabèh bangsa-bangsa anak-turuné Ésau.

20(36:20-21) Wong pribumi ing tanah Édom dipérang-pérang miturut anak-turuné Séir, wong Hori. Jenengé bangsa-bangsa mau: Lotan, Syobal, Zibéon, Ana, Dision, Èzèr lan Disian.

21(36:20)

22Lotan kuwi leluhuré bangsa Hori lan Héman. (Lotan duwé sedulur wadon sing jeneng Timna.)

23Syobal kuwi leluhuré bangsa-bangsa: Alwan, Manahat, Ébal, Séfo lan Onam.

24Zibéon duwé anak lanang loro, yakuwi Aya lan Ana. (Ana kuwi sing nemu tuk banyu panas ing segara wedhi, nalika lagi angon kuldiné bapakné.)

25(36:25-26) Ana kuwi bapakné Dision, lan Dision dadi leluhuré bangsa-bangsa: Hèmdan, Èsban, Yitran lan Kéran. Ana iya duwé anak wadon, sing jenengé Oholibama.

26(36:25)

27Èzèr kuwi leluhuré bangsa-bangsa: Bilhan, Zaawan lan bangsa Akan.

28Dision kuwi leluhuré bangsa Us lan bangsa Aran.

29(36:29-30) Bangsa-bangsa Hori ing tanah Édom yakuwi: Lotan, Syobal, Zibéon, Ana, Dision, Èzèr lan Disian.

30(36:29)

31Sadurungé ing Israèl ana raja, tanah Édom wis duwé raja.

32Raja sing kapisan yakuwi: Béla anaké Béor, lan kuthané jenengé Dinhaba.

33Béla mati digentèni Yobab, anaké Zérah, saka Bozra.

34Sapatiné Yobab, sing nggentèni Kusam, saka tanah Téman.

35Sapatiné Kusam, sing nggentèni Hadad, anaké Bédad, saka kutha Awit; Hadad kuwi sing ngalahaké wong Midian, nalika perang ana ing daérah Moab.

36Sapatiné Hadad digentèni Samla, saka Masréka.

37Sapatiné Samla digentèni Saul, saka Réhobot, sacedhaké kali.

38Sapatiné Saul digentèni Baalhanan, anaké Akhbor.

39Sapatiné Baalhanan digentèni Hadar saka Pahu (bojoné jenengé Méhétabéèl, anaké Matrès, lan putuné Mézahab).

40Iki jenengé para penggedhé, bawahané Ésau, miturut bangsa, panggonan lan jenengé dhéwé-dhéwé: Timna, Alwa, Yètèt,

41Oholibama, Éla, Pinon,

42Kénas, Téman, Mibzar,

43Magdhièl, lan Iram. Panggonané bangsa-bangsa mau disebut miturut jenengé bangsa sing manggon ing kono.



 <<  Kejadian 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel