Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 38 >> 

1Kecrita Yéhuda misah saka sedulur-seduluré lan manggon bebarengan karo wong jenengé Hira, wong saka Adulam.

2Ana ing kono tepungan karo bocah wadon Kenaan, anaké Sua.

3Bocah wadon mau dipèk bojo,

4banjur duwé anak lanang dijenengaké Èr. Duwé anak menèh, lanang, dijenengaké Onan.

5Sawisé kuwi duwé anak lanang menèh, dijenengaké Séla. Nalika bocah mau lair, Yéhuda lagi lunga menyang Kézib.

6Yéhuda ngolèhaké jodho Èr, anaké mbarep, bocah wadon jenengé Tamar.

7Èr kuwi klakuané ala, mulané banjur kapundhut déning Gusti Allah.

8Yéhuda banjur kandha karo Onan, adhiné Èr, "Kowé ngumpulana bojoné kakangmu, supaya duwé anak. Kuwi wis dadi kuwajibanmu, supaya kakangmu duwé turun."

9Nanging Onan ngerti, yèn anak mau mengko bakal ora dadi duwèké. Mulané saben kumpul karo randhané kakangné, wijiné diwetokaké ing lemah, supaya kakangné ora duwé turun.

10Penggawéné sing mengkono mau ora ndadèkaké keparengé Gusti Allah, mulané Onan banjur kapundhut.

11Yéhuda banjur kandha karo Tamar, "Kowé muliha waé menyang ing omahé wong tuwamu lan ngentènana nganti anakku Séla wis gedhé." Awit Yéhuda kuwatir mbok menawa Séla uga banjur mati, kaya kakang-kakangné. Tamar banjur mulih menyang omahé wong tuwané.

12Ora wetara suwé bojoné Yéhuda mati. Bareng wektuné petangisan wis entèk, Yéhuda ngajak Hira, kancané sing saka Adulam, lunga menyang Timna, nyukur wedhus-wedhusé.

13Ana sing awèh weruh marang Tamar, yèn Yéhuda, maratuwané, arep nyukur wedhus-wedhusé ing Timna.

14Tamar nuli salin sandhangan, nganggo krudhung lan lungguh ing gapuraning kutha Énaim, ing pinggir dalan sing ngener ing Timna. Awit Tamar ngerti yèn Séla, anaké ragil Yéhuda, wis gedhé, éwasemono durung dikawinaké karo dhèwèké.

15Bareng Yéhuda weruh Tamar, pengirané wong wadon kuwi wanita tuna susila, merga rainé dikrudhungi.

16Yéhuda banjur marani, ora ngerti yèn wong wadon mau mantuné dhéwé, tembungé, "Kowé njaluk opah pira?" Tamar gentèn takon, "Sampéyan badhé nyukani menapa?"

17Wangsulané Yéhuda, "Kowé mengko dakteri cempéné wedhus-wedhusku." Tamar gentèn mangsuli, "Inggih purun, nanging kula nyuwun tanggelan, ingkang saged kula simpen, ngantos kula nampi ménda kintunan sampéyan."

18Pitakoné Yéhuda, "Tanggungan apa?" Wangsulané Tamar, "Sesupé cap sampéyan sakalungipun, lan teken ingkang sampéyan cepengi menika." Yéhuda banjur mènèhaké barang-barang mau, nuli ngumpuli Tamar, temah Tamar ngandhut.

19Tamar nuli mulih, nyopot krudhungé lan nganggo sandhangan randha menèh.

20Ora wetara suwé Yéhuda kongkonan Hira, kancané, ngeteraké cempé lan njaluk bali barang-barang sing digawé tanggungan, nanging wong wadon mau digolèki ora ketemu.

21Wong-wong ing Énaim ditakoni, "Wanita tuna susila sing nalika semono ana ing pinggir dalan kéné kaé saiki ana ing ngendi?" Diwangsuli, "Ngriki mboten naté wonten wanita tuna susila."

22Hira banjur bali lan kandha karo Yéhuda, "Wongé wis dakgolèki nanging ora ketemu. Wong-wong malah muni, yèn ing kono ora tau ana wanita tuna susila."

23Clathuné Yéhuda, "Ya wis, karebèn barang-barang mau dipèk, angger kita ora digeguyu wong. Aku rak wis akon ngeteraké cempéné, nanging wongé ora ana."

24Wetara let telung sasi Yéhuda olèh kabar mengkéné, "Mantumu Tamar laku bédhang, lan saiki ngandhut." Pangucapé Yéhuda, "Wongé gawanen metu saka kutha lan obongen nganti mati!"

25Nalika lagi digawa, Tamar kongkonan ngabari maratuwané, uniné, "Enggèn kula ngandheg menika saking tiyang ingkang gadhah barang-barang menika. Kula aturi nitik sesupé cap, kalung lan teken menika gadhanipun sinten?"

26Yéhuda ora pangling karo barang-barang mau, banjur clathu, "Wong kuwi bener, aku sing salah. Mesthiné dhèwèké dakkawinaké karo Séla, anakku." Sawisé kuwi Yéhuda ora tau ngumpuli Tamar menèh.

27Bareng tekan wektuné babaran, jebul anaké kembar.

28Nalika babaran mau, ana bayi sing ngetokaké tangané. Tangan mau banjur dicekel déning dhukuné lan ditalèni nganggo benang abang. Tembungé, "Iki sing lair dhisik."

29Jebul tangan mau ditarik mlebu menèh, lan bayi sijiné sing lair dhisik. Dhukuné banjur clathu, "Kowé kokndresel ngono." Mulané bayi sing lair dhisik mau dijenengaké Pèrès.

30Sawisé kuwi lagi bayi sijiné metu, yaiku sing tangané ana benangé abang. Mulané bayi mau dijenengaké Zérah.



 <<  Kejadian 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel