Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 47 >> 

1Yusuf ngajak seduluré lima sowan Sang Pringon. Unjuké, "Bapak lan sedhèrèk-sedhèrèk kula sampun dhateng saking tanah Kenaan, mbekta raja-kayanipun, ménda lan lembu, tuwin barang-darbèkipun sedaya. Samenika taksih sami wonten ing tanah Gosèn."

2Sedulur-seduluré mau banjur dikenalaké karo Sang Pringon.

3Pendanguné Sang Pringon marang wong-wong mau, "Pegawéanmu apa?" Wangsulané, "Kula sami ngingah raja-kaya, kados para leluhur kula, gusti.

4Késah kula mriki mergi negari Kenaan, ingkang kula enggèni, saweg katerjang pailan. Saking sangetipun ngantos ing papan pangènan mboten wonten rumput kanggé nedhani kéwan-kéwan kula. Keparenga kula sami manggèn ing tanah Gosèn."

5Sang Pringon banjur ngandika marang Yusuf, "Sarèhné bapakmu lan sedulur-sedulurmu wis tekan kéné,

6karebèn dadi wargané negara Mesir, lan nggarap lemah ing kéné, mapanna ing tanah Gosèn. Kuwi tanah sing apik dhéwé sanegara Mesir. Yèn ana sing pinter, pasrahana nyekel raja-kayaku pisan."

7Yusuf uga nyowanaké bapakné, ditepungaké karo Sang Pringon. Sang Pringon banjur diberkahi déning Yakub.

8Pendanguné marang Yakub, "Umur sampéyan pinten?"

9Wangsulané Yakub, "Umur kula satus tigang dasa taun lan selaminipun menika nglembara. Katandhing kaliyan umuripun para leluhur kula, ingkang ugi dados tiyang nglembara, umur kula taksih sekedhik, tur namung kebak kasangsaran."

10Sawisé mengkono Yakub banjur pamitan karo mberkahi Sang Pringon.

11Yusuf ngéguhaké pemanggoné bapakné lan sedulur-seduluré ana ing tanah Mesir. Padha diwènèhi lemah sing becik dhéwé ing negara kono, cedhak karo kutha Ramsès, kaya sing didhawuhaké Sang Pringon.

12Bapakné lan sanak-seduluré tekan sing cilik dhéwé padha dicukupi pangané.

13Pailané gedhé banget nganti wong satanah Mesir dalasan Kenaan padha nandhang keluwèn.

14Saben ana wong tuku gandum Yusuf nyetoraké dhuwit pepayoné mau marang kedhatoné Sang Pringon.

15Bareng ing Mesir lan ing Kenaan wong wis padha ora duwé dhuwit kanggo tuku gandum, wong-wong banjur nemoni Yusuf lan kandha, "Kula sami nyuwun tedha. Sampun ngantos dipun tégakaken pejah kaliren. Kula sampun katelasan arta, mila nyuwun dipun éguhaken."

16Wangsulané Yusuf, "Yèn dhuwitmu entèk, mbayara nganggo kéwan, ingon-ingonmu."

17Wong-wong banjur padha ngeteraké ingon-ingoné marang Yusuf rupa jaran, wedhus gèmbèl, wedhus jawa, sapi lan kuldi, diijolaké pangan. Dadi ing taun kuwi wong-wong padha diwènèhi pangan, lironan karo kéwan ingon-ingon.

18Ing taun candhaké wong-wong mau padha nemoni Yusuf menèh, aturé, "Gusti, walèh-walèh menapa. Kula sampun sami katelasan arta lan kéwan ingah-ingahan kula, sampun kula saosaken panjenengan sedaya. Kula mboten saged nyaosaken menapa-menapa, kejawi badan kula lan pasitèn kula.

19Sampun ngantos kula dipun tégakaken pejah kaliren, nyuwun dipun éguhaken! Pasitèn kula sampun ngantos sami bera. Sumangga kula aturi mundhut badan kula lan pasitèn kula, kalintonana tedha. Kula badhé dados réncang-tumbasanipun Sang Pringon lan pasitèn kula kajengipun dados kagunganipun. Kula nyuwun dipun paringi gandum kanggé sangu gesang lan winih supados siti kula mboten bera."

20Yusuf banjur nukoni lemah satanah Mesir kabèh. Saben wong kepeksa ngedoli lemahé, saka bangeté pailan. Mengkono labeté Yusuf, lemah satanah Mesir dadi kagungané Sang Pringon.

21Lan kabèh wong sanegara Mesir dadi batur-tukoné.

22Mung lemahé para imam dhéwé sing ora dituku Yusuf. Para imam ora prelu ngedoli lemah, merga para imam uripé dicukupi déning Sang Pringon.

23Clathuné Yusuf marang rakyat, "Kowé lan lemahmu wis dadi kagungané Sang Pringon. Kowé dakwènèhi wiji, sebaren ana ing palemahanmu.

24Mbésuk yèn panèn, sapralimané pametuné saosna marang Sang Pringon. Liyané enggonen wiji lan enggonen mangan karo brayatmu."

25Wangsulané wong-wong mau, "Matur nuwun sanget, gusti. Mergi saking pitulungan panjenengan kula sami saged gesang. Kula sami rila dados abdinipun Sang Pringon."

26Banjur digawé prenatan déning Yusuf kanggo sanegara Mesir kabèh, yakuwi sapralimané pametuné panènan kudu disaosaké marang Sang Pringon. Prenatan mau isih dienggo nganti sepréné. Mung lemahé para imam ora dadi kagungané Sang Pringon.

27Wong Israèl padha manggon ana ing tanah Mesir, ing daérah Gosèn, padha dadi sugih, lan bebranahan ana ing kono.

28Yakub urip pitulas taun ana ing tanah Mesir, dadi nyandhak umur satus patang puluh pitu taun.

29Bareng wis cedhak ngajalé, banjur kongkonan marani Yusuf, anaké, tembungé, "Tanganmu tumpangna ana ing cethikku lan sumpaha yèn kowé ora arep ngubur aku ana ing tanah Mesir.

30Aku kuburen ana ing kuburané para leluhurku. Jisimku gawanen mrana lan kuburen ana ing kuburané para leluhurku." Yusuf banjur mangsuli, "Dhawuhipun bapak badhé kula èstokaken."

31Clathuné Yakub, "Kowé sumpaha." Yusuf nuli sumpah, lan Yakub banjur saos panuwun.



 <<  Kejadian 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel