Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 5 >> 

1Iki sejarahé Adam. [Nalika Gusti Allah nitahaké Adam, kadamel nulad pasemoné Gusti Allah piyambak.

2Padha katitahaké lanang lan wadon, sarta padha diberkahi lan diarani "manungsa".]

3Nalika Adam umur 130 taun nuli kaparingan anak lanang, sing rupané mèmper karo bapakné. Anak mau dijenengaké Sèt.

4Sawisé kaparingan anak Sèt, Adam isih kawuwuhan umur 800 taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon,

5lan tilar-donya nalika umur 930 taun.

6Nalika Sèt umur 105 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Énos.

7Sawisé kuwi Sèt isih kawuwuhan umur 807 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

8sarta tilar-donya nalika umur 912 taun.

9Nalika Énos umur 90 taun kaparingan anak lanang, jenengé Kénan.

10Sawisé iku Énos isih kawuwuhan umur 815 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

11lan tilar-donya nalika umur 905 taun.

12Nalika Kénan umur 70 taun kaparingan anak lanang, jenengé Mahalaléèl.

13Sawisé kuwi Kénan isih kawuwuhan umur 840 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

14sarta tilar-donya nalika umur 910 taun.

15Nalika Mahalaléèl umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Yarèd.

16Sawisé kuwi Mahalaléèl isih kawuwuhan umur 830 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

17sarta tilar-donya nalika umur 895 taun.

18Nalika Yarèd umur 162 taun kaparingan anak lanang, jenengé Hénokh.

19Sawisé kuwi Yarèd isih kawuwuhan umur 800 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

20sarta tilar-donya nalika umur 962 taun.

21Nalika Hénokh umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Metusalah.

22Sawisé kuwi Hénokh isih kawuwuhan umur 300 taun, kaparingan anak lanang lan wadon.

23Umuré Hénokh nyandhak 365 taun.

24Hénokh uripé tansah tetunggilan karo Gusti Allah. Dumadakan Hénokh ilang, merga kapulung déning Panjenengané.

25Nalika Metusalah umur 187 taun kaparingan anak lanang, jenengé Lamèkh.

26Sawisé kuwi Metusalah isih kawuwuhan umur 782 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

27sarta tilar-donya nalika umur 969 taun.

28Nalika Lamèkh umur 182 taun kaparingan anak lanang.

29Pangucapé Lamèkh, "Bocah iki bakal ngluwari kita saka pegawéan kita sing abot, yakuwi nggarap lemah sing wis dibendoni déning Gusti Allah." Mulané anaké dijenengaké Nuh.

30Sawisé kuwi isih kawuwuhan umur 595 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,

31sarta tilar-donya nalika umur 777 taun.

32Nalika Nuh umur 500 taun kaparingan anak lanang telu, yakuwi Sèm, Kham lan Yafèt.



 <<  Kejadian 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel