Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 7 >> 

1Gusti Allah nuli ngandika marang Nuh, "Kowé lan sabrayatmu kabèh padha mlebua ing prau, awit Daktingali mung kowé dhéwé kang mbangun-turut marang dhawuh-Ku.

2Nggawaa saben jinisé kéwan sing kalal mitung jodho, lan saben jinis kéwan sing ora kalal nyejodho.

3Iya nggawaa saben jinis manuk mitung jodho, supaya saben jinis kéwan lan manuk ora katut kasirnakaké, bisaa tangkar-tumangkar menèh ana ing bumi.

4Pitung dina engkas Aku bakal nekakaké udan deres nganti patang puluh dina lawasé, supaya sakèhing titah sing urip mati kabèh."

5Nuh nuli ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah.

6Nalika banjir patopan ngelebi bumi mau Nuh umur 600 taun.

7Nuh lan bojoné, anak-anaké lan para mantuné wadon padha mlebu kabèh ana ing prau, ngoncati banjir patopan.

8Kéwan sing kalal lan kéwan sing ora kalal, apa déné manuk lan sedhéngah titah sing duwé nyawa,

9padha nekani marang Nuh, mlebu ing prau nyejodho, kaya sing dadi dhawuhé Allah marang Nuh.

10Kecrita sawisé pitung dina mau, banjiré patopan ngelebi bumi.

11Nalika Nuh umur 600 taun, ing sasi kapindho tanggalé ping pitulas, nuju ing dina kuwi sakèhé sumbering segara sing ana ing sangisoring bumi padha bedhah, lan lawanging langit padha kawengakaké,

12temah udan deres kaesokaké ing bumi lawasé nganti patang puluh dina patang puluh bengi.

13Bareng sedina iku uga Nuh mlebu ing prau bebarengan karo anak-anaké: Sèm, Kham lan Yafèt, mengkono uga bojoné Nuh lan para anak-mantuné wadon telu iya padha mèlu.

14Bareng karo Nuh mau iya padha mèlu mlebu prau, saben jinis kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, gedhé cilik, apa menèh saben jinis manuk,

15saben jinis nyejodho-nyejodho,

16kaya sing dadi dhawuhé Gusti Allah marang Nuh. Sawisé mengkono Gusti Allah piyambak nginebaké lawangé prau.

17Banjir patopan mau saya mundhak gedhé, nganti patang puluh dina lawasé, ngelebi bumi,

18temah prauné kaangkat, kumambang ana ing sandhuwuré banyu.

19Banyuné tansah mundhak dhuwur, temah nutupi sakèhing gunung sing dhuwur-dhuwur, malah iya sing dhuwur dhéwé pisan.

20Enggoné mundhak-mundhak dhuwur mau nganti tekan pitung mèter sandhuwuré pucaké gunung-gunung mau.

21Saben titah sing ana ing bumi padha mati; manuk, kéwan lan manungsa.

22Sakèhing makluk sing ambekan padha mati.

23Kaya mengkono enggoné Gusti Allah numpes sakèhing tumitah ing bumi: manungsa, kéwan lan manuk; mung kari Nuh lan kabèh sing bebarengan karo Nuh ana ing prau mau.

24Banjir patopan mau ora surud-surud, suwéné nganti satus sèket dina.



 <<  Kejadian 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel