Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 8 >> 

1Gusti Allah nuli ngèngeti marang Nuh lan marang sakèhing kéwan sing padha mèlu ana ing prau. Mulané banjur nekakaké angin ana ing bumi, temah banyuné wiwit surud.

2Karo déné sumbering segara ing sangisoring bumi lan lawanging langit kabèh padha kapepetan, udané deres banjur terang.

3Banyuné nuli surud sajroné satus sèket dina.

4Wasana nalika sasi kapitu tanggalé ping pitulas prauné kandhas ana ing pegunungan tanah Ararat.

5Banyuné sangsaya surud nganti tekan sasi kasepuluh. Nalika tanggal siji sasi kasepuluh pucak-pucaké gunung-gunung wiwit padha katon.

6Sawisé patang puluh dina, Nuh banjur ngengakaké jendhélané prau,

7lan ngeculaké manuk gagak. Manuk mau ora bali, nanging mabur mrana-mréné nganti banyuné asat babar-pisan.

8Sawisé mengkono Nuh ngeculaké manuk dara, arep meruhi apa banyuné wis surud temenan.

9Nanging sarèhné banyuné isih nutupi salumahé bumi, manuk dara mau ora olèh péncokan, mulané mbalèni Nuh menyang prau. Nuh banjur ngegaraké tangané, darané dicekel lan dilebokaké menèh ing prau.

10Nuh nuli ngentèni pitung dina engkas, banjur darané dieculaké menèh.

11Bareng wayah soré dara mau teka, cucuké nggondhol godhong zaitun sing isih seger, mulané Nuh ngerti yèn banyuné wis surud.

12Sawisé kuwi Nuh ngentèni menèh pitung dina lawasé. Nuli darané dieculaké menèh. Dara mau ora bali menèh.

13Nalika Nuh umur 601 taun, tanggal siji sasi kapisan, banyuné wis surud babar-pisan. Nuh nuli mbukak payoné prau, sarta ngawasaké kiwa-tengené. Lemahé wis katon asat.

14Nalika tanggal pitulikur sasi sing kapindho, bumi wis garing temenan.

15Gusti Allah banjur ngandika marang Nuh,

16"Padha metua saka prau, kowé, bojomu, anak-anakmu lan para anak mantumu.

17Semono uga sarupané manuk lan kéwan, supaya padha bebranahan lan tangkar-tumangkar ngambra-ambra ana ing bumi."

18Nuh banjur metu saka ing prau, bebarengan karo bojoné, anak-anaké lan para anak mantuné.

19Sarupané kéwan lan manuk nuli padha metu saka ing prau, sapantha-sapantha manut jinisé.

20Nuh banjur yasa mesbèh konjuk marang Gusti Allah; nuli njupuk saka panunggalané jinis kéwan lan manuk sing kalal, dicaosaké dadi kurban obaran ana ing mesbèh mau.

21Ganda arum sing sumebar saka kurban obaran mau gawé renaning penggalihé Gusti Allah. Panjenengané nuli ngandika mengkéné, "Ing sebanjuré Aku ora bakal nyepatani bumi iki merga penggawéné manungsa, sing obah-osiké atiné ala wiwit cilik mula. Aku wis ora bakal numpes menèh sarupané titah kang urip kaya kang wus Daktindakaké.

22Selawasé mesthi bakal ora kendhat ana mangsa nyebar lan mangsa panèn, mangsa atis lan mangsa panas, ketiga lan rendheng, rina lan wengi."



 <<  Kejadian 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel