Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 10 >> 

1Gusti Allah dhawuh marang Musa, "Mangkata sowan Sang Pringon. Raja mau lan para penggedhéné wis Dakdadèkaké wangkot atiné, supaya Aku bisa gawé kaélokan-kaélokan ing satengahé wong-wong mau,

2sarta kowé bakal bisa crita marang anak putumu, kepriyé pendamel-Ku marang bangsa Mesir lan bab sakèhé kaélokan kang kelakon ana ing kono, supaya kowé padha weruh yèn Aku iki Allah."

3Musa lan Harun banjur sowan Sang Pringon sarta matur, "Gusti Allah, inggih Allahipun bangsa Ibrani, ngandika mekaten, ‘Nganti kapan enggonmu mbangkang marang Aku? Umat-Ku lilanana lunga, supaya bisa ngibadah marang Aku.

4Menawa kowé isih tetep ora nglilani, sésuk Aku bakal nekakaké walang ing negaramu.

5Bakal ana walang akèh banget nutupi lemahé bumi, nganti ora katon lemahé. Walang-walang mau bakal mangan apa waé sing durung sirna déning udan ès, malah wit-witan sing isih urip iya bakal dipangan nganti ludhes.

6Walang kuwi bakal nutupi kratonmu, omahé para penggedhé lan rakyat. Kasangsaran iki luwih nggegirisi yèn ditandhing karo sing dialami leluhurmu.’" Musa banjur mundur saka ing ngarsané Sang Pringon.

7Para penggedhé banjur padha matur marang Sang Pringon, "Ngantos mbénjing menapa tiyang menika kedah damel sangsara kita? Tiyang-tiyang Israèl menika mugi panjenengan lilani késah kémawon, supados saged ngibadah dhateng Allahipun. Menapa Sang Prabu mboten pirsa, bilih negari Mesir sampun risak?"

8Musa lan Harun banjur ditimbali menèh déning Sang Prabu sarta kadangu, "Kowé kabèh padha kena ngibadah marang Allahmu, nanging sejatiné sapa sing arep lunga?"

9Aturé Musa, "Kula sedaya, mekaten ugi laré-laré saha tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh. Kula sami badhé mbekta laré-laré kula, ménda gèmbèl, ménda bérok saha lembu kula sedaya, sebab kula sami badhé ngawontenaken riaya kanggé ngurmati Gusti Allah."

10Dhawuhé raja, "Aku sumpah demi Allah, yèn aku ora bakal nglilani kowé padha nggawa bojomu lan anak-anakmu! Wis cetha yèn kowé arep padha nganakaké komplotan arep mbrontak.

11Ora! Kowé kena lunga, nanging ngamungna wong-wong lanang waé sing ngibadah marang Allah!" Kanthi tetembungan mau Musa lan Harun ditundhung saka kedhaton.

12Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Tekenmu athungna ing sandhuwuring tanah Mesir. Walang-walang bakal padha teka lan mangan sakèhing tanduran sing durung sirna merga udan ès."

13Musa banjur ngathungaké tekené lan Allah ndhatengaké angin saka Wétan, midid sedina muput sarta sewengi natas. Bareng wayah ésuk angin mau wis nggawa walang.

14Walang-walangé padha neba, cacahé akèh banget nganti satanah Mesir kebak walang kabèh. Wong-wong durung tau lan ora bakal meruhi menèh walang sing semono akèhé.

15Walang-walang mau ngebaki satanah Mesir kabèh, nganti katon ireng, sarta padha mangan apa waé sing durung musna sawisé udan ès, mengkono uga woh-wohan. Wit-witan sarta tanduran ing tanah Mesir babar-pisan wis ora ana sing ijo rupané.

16Sang Prabu banjur énggal-énggal nimbali Musa lan Harun sarta dhawuh, "Aku wis gawé dosa marang Allahmu sarta marang kowé kabèh.

17Sepisan iki apuranen dosaku sarta ndedongaa marang Allahmu, supaya kersa nyingkiraké bebaya pati iki saka aku."

18Musa banjur mundur lan ndedonga marang Allah.

19Gusti Allah banjur ngingeraké enering angin, diwalik dadi angin saka Kulon sing banter banget. Walang-walang padha katut ing angin menyang ing Teluk Suèz. Satanah Mesir ora ana walang siji waé sing kèri.

20Nanging raja Mesir tetep mangkotaké penggalihé lan ora nglilani wong Israèl lunga.

21Gusti Allah ngandika marang Musa, "Tanganmu athungna ing langit, tanah Mesir banjur bakal peteng ndhedhet."

22Musa ngathungaké astané, lan sajroné telung dina Mesir peteng ndhedhet.

23Sajroné telung dina mau wong Mesir ora weruh apa-apa sarta ora ana siji waé sing metu saka ing omahé. Éwasemono ing panggonané wong Israèl tetep padhang.

24Raja Mesir nimbali Musa lan dhawuh, "Kowé padha kena lunga ngibadah marang Allah. Para wong wadon lan bocah-bocah kena mèlu; nanging wedhus gèmbèl, wedhus bérok lan sapimu kudu ditinggal ing kéné."

25Musa matur, "Menawi mekaten Sang Prabu kedah maringi kéwan kanggé sesaosan saha kurban obongan kagem Allah kula.

26Mboten! Kula badhé sami mbekta kéwan kula sedaya; mboten wonten ingkang badhé kula tilar. Kula piyambak ingkang badhé milih kéwan ingkang badhé kaaturaken dhateng Allah. Sadèrèngipun dumugi ing ngrika, kula mboten sumerep kéwan ingkang pundi ingkang badhé kula aturaken dhateng Gusti Allah."

27Gusti Allah mangkotaké penggalihé raja Mesir, mula ora nglilani bangsa Israèl lunga.

28Dhawuhé raja marang Musa, "Lungaa saka ngarepku. Aja nganti aku weruh kowé menèh! Yèn nganti ketemu kowé menèh, kowé bakal mati!"

29Aturé Musa, "Saèstu badhé kelampahan kados ingkang sampun panjenengan ngandikakaken. Sang Prabu mboten badhé pirsa kula malih."



 <<  Keluaran 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel