Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 29 >> 

1"Mengkéné patrapé netepaké Harun lan anak-anaké ing kalungguhan imam, supaya bisa ngladèni Aku dadi imam. Njupuka sapi lanang sing isih nom lan wedhus gèmbèl lanang loro sing tanpa cacad.

2Gawéa adonan saka glepung gandum sing becik dhéwé tanpa ragi. Sebagéan dadèkna roti nganggo lenga zaitun, sebagéan tanpa lenga, lan turahané gawénen roti kéringan sing dilèlèti lenga.

3Pisungsung mau wadhahana ing wakul, saosna marang Aku, bareng karo kurban sapi lanang lan wedhus gèmbèl lanang loro.

4Harun lan anak-anaké padha préntahana teka ing lawanging Kémah Palenggahan-Ku sarta adus manut prenataning agama.

5Sandhanganing imam enggokna Harun: klambi, éfod, jubah sing nutupi éfod, tutup dhadha lan sabuk.

6Serbané etrapna ing sirahé lan enggonana jamang suci sing ana ukirané ‘Sesengkerané Allah’.

7Banjur njupuka lenga jebad, esokna ing sirahé.

8Anak-anaké kumpulna lan enggonana klambiné,

9bangkèkané sabukana sarta kopyahé etrapna ing sirahé. Iya mengkono kuwi patrapé enggonmu netepaké Harun lan anak-anaké ing kalenggahan imam. Wong-wong mau lan turuné kudu ngladèni Aku dadi imam ing selawasé.

10Sapi lanang mau banjur kudu kokgawa ing ngareping Kémah Palenggahan-Ku. Harun lan anak-anaké padha numpangna tangané ing endhasing sapi.

11Sapi lanang mau kudu disembelèh ing kono, ing ngarsa-Ku ing lawanging Kémah.

12Getihé jupuken sethithik, banjur lèlètna nganggo drijimu ing sungu-sunguning mesbèh; turahané siramna ing mesbèh sisih ngisor.

13Gajih sing ana ing wetengé kudu kokjupuk kabèh; atiné lan ginjelé loro apa déné gajihé sing nèmplèk; banjur obongen ing sandhuwuring mesbèh minangka pisungsung kagem Aku.

14Daging, kulit lan ususé kudu diobong ing sanjabaning Kémah. Iku kurban kanggo nebus dosané para imam.

15Banjur njupuka wedhus gèmbèl lanang mau salah siji. Harun lan anak-anaké numpangna tangané ing endhasing kéwan mau.

16Banjur sembelèhen, getihé jupuken sarta epyurna ing mesbèh mau patang sisih.

17Wedhus gèmbèl lanang mau kudu dikethok-kethok. Isining weteng lan sampilé mburi kudu dikumbah sarta diwor karo endhas lan kethokan liyané.

18Wedhus gèmbèl lanang mau obongen ing sandhuwuring mesbèh minangka kurban obongan. Gandané kurban mau gawé renaning penggalih-Ku.

19Wedhusé gèmbèl liyané jupuken kanggo pisungsung. Harun lan anak-anaké numpangna tangané ing endhasing kéwan mau.

20Banjur sembelèhen, getihé jupuken sethithik sarta lèlètna ing kupingé Harun lan anak-anaké, ing jempolé tangan tengen lan jempolé sikil tengen. Turahané getih mau kudu koksiramaké ing mesbèh patang sisih.

21Getihé sing ana ing sandhuwuring mesbèh jupuken sethithik lan lenga kanggo upacara sethithik, banjur epyurna marang Harun lan anak-anaké sarta ing sandhangané. Srana mengkono Harun lan anak-anaké sarta sandhangané disucèkaké kagem Aku.

22Gajihing wedhus gèmbèl lanang mau jupuken, semono uga buntuté sing ana gajihé, lapisan gajih ing njero wetengé, bagéaning ati sing becik, ginjel loro karo gajihé sarta pupuné tengen.

23Njupuka saka wakul, roti sing wis disaosaké marang Aku, siji sing diolah nganggo lenga zaitun, siji sing digawé tanpa lenga, lan siji roti gèpèng.

24Panganan mau kabèh sèlèhna ing èpèk-èpèké Harun lan anak-anaké, dadi pisungsung goyangan marang Aku.

25Roti-roti mau banjur jupuken sarta obongen ing sandhuwuring kurban obongan, dadi kurban dhaharan kagem Aku. Gandaning kurban mau gawé renaning penggalih-Ku.

26Dhadhané wedhus gèmbèl lanang mau jupuken lan saosna marang Aku minangka kurban goyangan; iku dadia pandumanmu.

27Ing sajroné upacara netepaké imam, dhadha lan pupuné wedhus lanang sing dienggo upacara mau kudu dipisungsungaké marang Aku minangka kurban goyangan lan disisihaké kanggo para imam.

28Prenatan-Ku iki ora kena diowahi, yaiku samasa umat-Ku misungsungaké kurban keslametan, dhadha lan pupuné kéwan mau dadia bagiané para imam. Yakuwi pisungsungé umat-Ku marang Aku, Pangéran Allahé.

29Yèn Harun tilar-donya sandhangan sing suci mau kudu diwarisaké marang anak-putuné, supaya dienggo samasa ditetepaké.

30Anaké Harun sing ngganti bapakné dadi imam lan mlebu ing Kémah Palenggahan-Ku prelu leladi ing Sasana Suci, kudu nganggo sandhangan mau suwéné pitung dina.

31Njupuka dagingé wedhus gèmbèl lanang sing dienggo sajroning upacara ngresmèkaké Harun lan anak-anaké; daging mau banjur masaken ing panggonan kang suci.

32Daging mau kudu padha dipangan bebarengan karo turahan roti ing kranjang.

33Wong-wong mau kudu padha mangan panganan sing dipisungsungaké sajroning upacara pangruwating dosa samasa padha ditetepaké. Mung imam sing kena mangan panganan mau, awit wis disaosaké marang Aku.

34Yèn ésuké isih ana turahan daging utawa roti, pangan mau kudu diobong nganti entèk, ora kena dipangan, awit wis disucèkaké.

35Upacara netepaké Harun lan anak-anaké ing kalungguhan imam kudu ditindakaké ing sajroning pitung dina, manut apa sing wis Dakdhawuhaké marang kowé.

36Saben dina kudu saos kurban sapi lanang siji minangka pangruwating dosa, kanggo nganakaké pirukunan. Srana kurban mau mesbèh bakal disucèkaké. Mesbèh mau banjur kudu kokjebadi nganggo lenga zaitun, disucèkaké kagem Aku.

37Pirukunan mengkono mau tindakna lawasé pitung dina. Srana mengkono mesbèh mau kasucèkaké babar-pisan. Sapa waé utawa apa waé sing nyénggol, bakal dadi suci, awit saka dayaning kasucèné."

38"Saben dina kudu dikurbanaké ing sandhuwuring mesbèh, wedhus gèmbèl loro sing umuré setaun.

39Sing siji kanggo pisungsung ing wayah ésuk, sijiné kanggo ing wayah soré.

40Bebarengan karo wedhus sing dhisik, kudu dipisungsungaké glepung gandum sakilogram dicampur karo lenga zaitun murni seliter. Pisungsungna uga anggur seliter.

41Cempé wedhus gèmbèl sing kapindho dipisungsungaké ing wayah soré bebarengan karo glepung sakilogram, lenga zaitun seliter sarta anggur seliter. Yaiku kurban dhaharan kagem Aku, lan gandané gawé renaning penggalih-Ku, Pangéran Allahmu.

42Sebanjuré kanggo ing selawasé kurban obongan mau disaosaké ing ngarsa-Ku ing lawanging Kémah Palenggahan-Ku. Ing kono Aku bakal manggihi umat-Ku sarta ngandika marang kowé.

43Aku bakal ketemu karo bangsa Israèl, lan kamulyan-Ku bakal nucèkaké papan iku.

44Aku bakal nucèkaké Kémah lan mesbèh mau. Harun lan anak-anaké Dakpiji, supaya wong-wong mau ngladèni Aku dadi imam.

45Aku bakal dedalem ana ing tengahé bangsa Israèl, sarta jumeneng dadi Allahé.

46Wong-wong mau bakal padha ngerti yèn Aku Allahé, sing ngirid dhèwèké metu saka ing tanah Mesir; supaya Aku bisa dedalem ana ing tengahé; lan jumeneng dadi Allahé wong-wong mau."



 <<  Keluaran 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel