Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 30 >> 

1Dawuhé Gusti Allah menèh marang Musa, "Gawéa mesbèh saka kayu akasia kanggo ngobong dupa.

2Wujudé pesagi, amba lan dawané padha 45 sèntimèter, sarta dhuwuré 90 sèntimèter. Sungu-sungu ing pojok papat dadi siji karo mesbèh mau.

3Ing sisih ndhuwur, pinggiran mubeng lan sungu-sunguné kudu dilapis nganggo mas murni, sarta wènèhana wengku mas mubeng.

4Gawéa gelangan pikulan loro, pasangen ing sangisoring wengku kiwa-tengen kanggo nylobokaké pikulan samasa mesbèhé dipikul.

5Pikulan mau kudu digawé saka kayu akasia sarta dilapis mas.

6Mesbèh kuwi sèlèhna ing sanjabaning gordhèn sing ana ing sangareping Pethi Prejanjian. Ing panggonan kono Aku bakal manggihi kowé.

7Saben ésuk samasa Harun teka arep ngresiki damar-damar, kudu ngobong dupa sing gandané arum ing sandhuwuring mesbèh mau.

8Mengkono uga samasa arep nyumed damar-damar ing wayah surup. Pangobongé dupa iku kudu ajeg ditindakaké ing selawasé.

9Aja nyaosaké dupa liyané ing mesbèh iki. Iya aja nyaosaké kurban obaran utawa kurban dhaharan, mengkono uga aja ngesokaké kurban unjukan ing sandhuwuring mesbèh iki.

10Setaun sepisan Harun kudu nindakaké upacara nucèkaké mesbèh srana ngepyuri sungu papat mau nganggo getihing kéwan sing dikurbanaké kanggo pangruwating dosa. Prekara iki kudu ajeg ditindakaké setaun sepisan. Mesbèh iki selawasé kudu suci sarta dicawisaké kagem Aku, Pangéran Allahmu."

11Gusti Allah ngandika marang Musa,

12"Samasa ngétung bangsa Israèl, saben wong kudu mbayar marang Aku dhuwit tebusané nyawané, supaya sajroné padha dicacahaké ora kena ing wewelak.

13Sapa waé sing diétung mau kudu mbayar dhuwit manut katemtuaning rega. Dhuwit mau kudu dibayar dadi pisungsung kagem Aku.

14Sing diétung yakuwi saben wong sing wis umur rong puluh taun utawa luwih; wong iku sing kudu mbayar dhuwit mau.

15Wong sugih ora kena mbayar luwih saka semono, déné wong miskin ora kena mbayar kurang.

16Dhuwit saka wong-wong Israèl mau klumpukna, enggonen miyara Kémah Palenggahan-Ku. Pajeg iki kanggo tebusané nyawané, sarta Aku bakal tansah ènget lan ngayomi wong-wong mau."

17Pangandikané Allah marang Musa,

18"Gawéa padasan saka prunggu, dhasaré iya saka prunggu. Bak mau prenahna ing antarané Kémah lan mesbèh, banjur isènana banyu.

19Banyu mau kanggo Harun lan anak-anaké supaya padha nindakaké upacara sesuci,

20(30:20-21) sadurungé padha mlebu ing Kémah utawa nyedhaki mesbèh prelu saos kurban dhaharan. Wong-wong mau wajib wisuh tangan lan sikil dhisik, supaya ora padha mati. Prenatan iki kudu ditindakaké déning Harun lan anak-turuné ing selawasé."

21(30:20)

22Gusti Allah ngandika marang Musa,

23"Njupuka bumbu-bumbu sing becik dhéwé, blendok mur nem kilogram, kayu manis telung kilogram, tebu arum telung kilogram,

24sarta kayu téja nem kilogram, kabèh ditimbang manut timbangan sing resmi. Tambahana lenga zaitun patang liter,

25lan gawéa lenga upacara, sing dicampur kaya lenga jebad.

26Campuran mau enggonen njebadi Kémah Palenggahan-Ku, Pethi Prejanjian,

27méja lan sapirantiné kabèh, pedamaran lan pirantiné, mesbèh kanggo ngobong dupa,

28mesbèh kanggo kurban obongan lan sapirantiné kabèh, sarta padasan lan dhasaré.

29Barang-barang mau dhèwèkna kagem Aku; srana patrap mengkono kabèh dadi suci. Sapa waé sarta apa waé sing nyénggol bakal nemahi cilaka merga dayaning kasucèné.

30Sawisé kuwi Harun lan anak-anaké jebadana sarta tetepna dadi imam ngladèni Aku.

31Kandhakna marang bangsa Israèl, Lenga jebad iku sebanjuré mung kudu dienggo sajroning leladi marang Aku.

32Lenga mau ora kena dienggo wong-wong lumrah, sarta kowé kabèh padha ora kena nganggo bumbu-bumbu kaya mengkono mau. Lenga kuwi suci, lan kowé kabèh kudu padha nganggep suci.

33Sapa waé sing gawé lenga kaya mengkono mau, utawa nganggo kanggo sapa waé sing dudu imam, bakal ora Dakanggep dadi umat-Ku.’"

34Gusti Allah ngandika marang Musa, "Njupuka bumbu-bumbu iki akèhé padha blendok mur, kulit lokan, blendok rasamala sarta menyan tulèn.

35Kabèh mau enggonen gawé dupa, kacampur kaya lenga jebad. Tambahana uyah supaya tetep murni lan suci.

36(30:36-37) Dupa mau salong dheploken nganti alus. Gawanen ing Kémah Palenggahan-Ku lan sawurna ing sangareping Pethi Prejanjian. Dupa mau anggepen barang sing suci banget, sing disedhiyakaké mung kagem Aku dhéwé. Aja ana sing gawé campuran kaya mengkono mau kanggo awaké dhéwé.

37(30:36)

38Sapa waé sing gawé campuran kaya mengkono, bakal ora Dakanggep dadi umat-Ku."



 <<  Keluaran 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel