Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 36 >> 

1Bézaleèl, Aholiab sarta sakèhing tukang, sing wis diparingi kaprigelan lan keahlian déning Gusti Allah ngerti carané gawé barang sing dibutuhaké kanggo mbangun Kémah. Wong-wong mau kudu gawé samubarang sing wis didhawuhaké déning Allah."

2Musa nglumpukaké Bézaleèl, Aholiab sarta tukang-tukang liyané sing wis kaparingan keahlian déning Allah, lan seneng mbantu, banjur didhawuhi supaya padha énggal miwiti nyambut-gawé.

3Wong-wong mau padha nampani barang-barang sing wis disumbangaké déning wong Israèl lantaran Musa kanggo mbangun Kémah Suci. Nanging saben ésuk bangsa Israèl isih terus waé nggawa pisungsungé kapasrahaké marang Musa.

4Tukang-tukang sing lagi padha nyambut-gawé mau,

5banjur padha lapur marang Musa, "Barang-barang ingkang kapisungsungaken tiyang-tiyang menika sampun nglangkungi kabetahanipun ingkang kadhawuhaken déning Gusti Allah."

6Musa banjur kandha karo wong-wong kabèh, yèn wis ora susah nggawa pisungsung menèh kanggo Kémah Suci, dadi wong-wong banjur ora nggawa pisungsung menèh.

7Barang-barang sing disaosaké kanggo ngrampungaké pegawéan wis turah-turah.

8Ing antarané para tukang sing padha nggarap pegawéan, ana sing prigel banget gawé Kémah Palenggahané Allah. Kémah mau padha digawé saka kain léna alus sepuluh potong ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang, banjur disulam nganggo gambar kerub nganggo swiwi.

9Saben potongan ukurané padha; dawa lan ambané rong mèter.

10Sing limang potong padha disambung dadi siji, mengkono uga sing limang potong liyané.

11Nuli gawé tali kolongan saka kain biru kaetrapaké ing pinggir sisih njaba.

12Kolongan sèket iji kaetrapaké ing kain sing siji, mengkono uga ing kain pungkasan pérangan liyané, nganti padha adhep-adhepan.

13Wong-wong mau padha gawé kolongan emas sèket iji kanggo nggandhèng rong pérangan mau.

14Banjur padha gawé payoning Kémah saka kain wulu wedhus bérok sewelas potong.

15Saben potong ukurané padha, dawané telulas mèter, déné ambané rong mèter.

16Sing limang potong dijait dadi sapérangan; déné pérangan liyané nem potong.

17Wong-wong mau masang kolongan sèket iji ing pinggiraning kain pérangan sing kapisan sarta kolongan sèket iji ing pinggiraning pérangan sing kapindho.

18Banjur digawé kolongan sèket iji saka prunggu kanggo nyambung pérangan loro mau, supaya dadi payon siji.

19Banjur padha gawé payon loro liyané, sing siji saka lulang wedhus bérok lanang sing dipulas abang, déné liyané saka lulang alus kanggo tutup ing njaba.

20Wong-wong mau banjur padha gawé balunganing Kémah saka blabag kayu akasia minangka cagak sing ngadeg jejeg.

21Saben blabag dhuwuré patang mèter sarta ambané sewidak nem sèntimèter,

22kanthi blandar sepasang kanggo nggandhèng blabag-blabag mau. Saben blabag ana blandaré sing padha rupané.

23Wong-wong mau padha gawé blabag rong puluh kanggo Kémah sisih Kidul,

24sarta umpak slaka patang puluh disèlèhaké ing sangisoré; saben blabag umpaké loro kanggo nyangga blandaré loro.

25Wong-wong mau padha gawé blabag rong puluh kanggo Kémah ing sisih Lor,

26karo umpak slaka patang puluh, saben blabag umpaké loro.

27Kanggo Kémah sisih mburi, yakuwi ing sisih Kulon, padha gawé blabag nem,

28sarta blabag loro ing saben pojok.

29Cagak-cagak ing pojok mau didadèkaké siji karo umpak bablas tekan ing ndhuwur. Iya mengkono enggoné gawé karo pisan mau ana ing pojok loro.

30Dadi ana cagak wolu lan umpak slaka nembelas, saben cagak umpaké loro.

31Wong-wong mau padha gawé pengeret saka kayu akasia: cacahé limalas ditumpangaké cagak-cagak, saben sisih Kémah blandaré lima,

32kanggo sisih liya-liyané uga lima, lan kanggo cagak-cagak ing sisih Kulon, yakuwi sisih mburi uga lima.

33Pengeret ing tengah, dipasang ing sandhuwuré cagak. Balok mau malang saka sisih lemah sing Lor tekan sisih Kidul.

34Cagak-cagak mau padha dilapisi nganggo emas, banjur padha dipasangi gelangan emas kanggo nyangga balok-balok sing malang sing iya dilapisi emas.

35Wong-wong mau iya gawé gordhèn saka kain léna alus, sing ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang, banjur disulam nganggo gambar kerub nganggo swiwi.

36Kanggo nyanthèlaké gordhèn mau padha digawèkaké cagak papat saka kayu akasia. Cagak-cagak mau uga dilapisi emas, banjur digandhèng nganggo canthèlan emas. Sawisé mengkono banjur padha gawé umpak slaka papat kanggo nyangga cagak-cagak mau.

37Minangka lawanging Kémah padha gawé gordhèn siji saka kain léna alus sing ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang, banjur direngga nganggo sulaman.

38Gordhèn iki dicanthèlaké ing cagak lima sing digandhèng nganggo gelangan. Gelangan-gelangan sing kanggo nggandhèng mau padha dilapisi emas, déné umpaké lima padha digawé saka prunggu.



 <<  Keluaran 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel