Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 4 >> 

1Musa nuli matur, "Nanging kadospundi menawi tiyang-tiyang Israèl mboten pitados dhateng kawula saha mboten purun mirengaken tembung kawula? Menapa ingkang badhé kawula tindakaken, menawi tiyang-tiyang menika wicanten, bilih Gusti Allah mboten ngrawuhi kawula?"

2Gusti Allah banjur ndangu marang Musa, "Apa sing ana ing tanganmu kuwi?" "Menika teken," aturé Musa.

3Gusti Allah nuli ngandika, "Teken iku uncalna!" Musa banjur nguncalaké tekené. Teken mau malih dadi ula. Musa mlayu ngedohi,

4nanging Gusti Allah ndawuhi, "Buntuté ula kuwi ranggèhen lan cekelen." Musa banjur ngranggèh sarta nyekel buntuté ula mau; ulané malih dadi teken menèh ana ing tangané Musa.

5Gusti Allah ngandika menèh, "Kuwi tindakna, kanggo mbuktèkaké marang umat Israèl, yèn Aku, Allah sesembahané leluhuré, Allahé Abraham, Iskak lan Yakub, wis ngrawuhi kowé."

6Gusti Allah ngandika menèh marang Musa, "Tanganmu lebokna ing klambimu." Musa manut; bareng tangané didudut dadi budhugen, putih kaya kapas.

7Allah nuli ngandika, "Tanganmu lebokna menèh ing klambimu." Musa nindakaké mengkono, sarta bareng didudut tangané wis waras kaya sijiné.

8Pangandikané Allah, "Yèn wong-wong ora precaya karo kowé, sarta ora ngandel karo mujijat kang kapisan, bakal padha ngandel samasa weruh mujijat kang kapindho.

9Yèn pancèn durung gelem precaya marang kowé, senajan wis nyipati mujijat rong werna mau, lan ora padha gelem ngrungokaké tembungmu, njupuka banyu saka ing Bengawan Nil sethithik lan esokna ing lemah. Banyu mau bakal malih dadi getih."

10Nanging Musa matur, "Adhuh, Gusti, sampun ta ngutus kawula, awit kawula mboten saged gineman, rumiyin mboten lan mangké sesampunipun Gusti ngandika dhateng kawula, kawula inggih badhé tetep mboten saged gineman. Ilat kawula kaken, gineman kawula plegak-pleguk."

11Gusti Allah banjur ngandika mengkéné, "Sapa sing nitahaké ilaté manungsa? Sapa sing nitahaké wong bisu lan wong budheg? Sapa sing nitahaké wong melèk lan wong wuta? Apa dudu Aku, Allah?

12Saiki, lungaa, Aku bakal ngerèh ilatmu sarta ngandhani apa waé sing kudu kokucapaké."

13Musa matur, "Gusti, kawula nyuwun, mugi ngutus tiyang sanès kémawon, sampun kawula."

14Gusti Allah banjur ndukani Musa sarta ngandika, "Kepriyé! Aku mirsa yèn Harun, sedulurmu, wong Lèwi kuwi, pinter guneman. Harun bakal teka nemoni kowé, lan bakal bungah atiné déné bisa ketemu kowé.

15Kandhakna apa sing kudu diucapaké. Aku bakal ngerèh ilatmu lan ilaté Harun sarta ngandhani apa sing kudu kokucapaké lan koktindakaké.

16Harun sing bakal caturan karo umat minangka wakilmu. Dhèwèkné iku bakal dadi lésanmu, déné kowé kaya déné lurahé kang bakal kandha apa sing kudu diucapaké.

17Tekenmu gawanen. Srana teken kuwi kowé bakal gawé pretandha-pretandha sing nélakaké yèn Aku sing ngutus kowé."

18Musa mulih menyang omahé Yitro, bapakné maratuwa, sarta matur, "Kula keparenga wangsul dhateng sedhèrèk-sedhèrèk kula ing Mesir, nuwèni menapa taksih sami wilujeng." Yitro nglilani sarta nguntapaké mangkaté Musa.

19Nalika Musa isih ana ing tanah Midian, Gusti Allah ngandikani, "Balia menyang Mesir! Sakèhé wong sing arep matèni kowé wis ora ana."

20Bojoné lan anak-anaké ditunggangaké ing kuldi sarta bebarengan mangkat menyang Mesir. Déné Musa dhéwé nggawa teken sing didhawuhaké déning Allah.

21Gusti Allah ngandika marang Musa, "Aku wis paring pangwasa marang kowé gawé kaélokan-kaélokan. Dadi yèn kowé wis tekan Mesir, sakèhing kaélokan mau tindakna ana ing ngarepé Sang Pringon. Nanging Aku bakal mangkotaké atiné, mulané bakal ora nglilani lungané bangsa Israèl.

22Nuli matura marang Sang Pringon, yèn Aku, Allah, dhawuh mengkéné, ‘Israèl kuwi putra-Ku mbarep;

23kowé Dakdhawuhi supaya nglilani putra-Ku lunga, temah bisa ngabekti marang Aku. Nanging yèn kowé ora ngolèhaké, Aku bakal matèni anakmu pembarep!’"

24Ing sawijining dina, nalika lagi lelungan menyang Mesir ing dalan, Gusti Allah rawuh ing kémahé Musa; Musa arep dipatèni.

25Zipora banjur njupuk lading watu sing landhep kanggo netaki anaké, lan ikuté digepokaké ing sikilé Musa. Pangucapé Zipora, "Panjenengan menika pengantèn rah tumrap kula."

26Kandhané mengkono mau ana gandhèngé karo sunat. Merga saka kuwi Gusti Allah ora sida matèni Musa.

27Dhèk semana Gusti Allah ngandika marang Harun, "Lungaa menyang ara-ara samun nemoni Musa." Harun banjur lunga nemoni seduluré ing gunung suci. Bareng Harun ketemu karo Musa banjur nyalami.

28Musa kandha karo Harun apa sing didhawuhaké déning Allah, nalika ndhawuhi bali menyang Mesir, uga sakèhing kaélokan sing kudu ditindakaké.

29Musa lan Harun banjur padha lunga bebarengan menyang Mesir sarta nglumpukaké penggedhéné Israèl kabèh.

30Harun nyritakaké apa sing wis didhawuhaké Allah marang Musa kabèh, sarta Musa nindakaké sakèhing kaélokan ing ngarepé wong-wong mau.

31Wong-wong banjur padha ngandel. Bareng krungu yèn Gusti Allah wis ngrawuhi lan pirsa kasangsarané wong Israèl, banjur padha sujud nyembah, marang Allah.



 <<  Keluaran 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel