Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 6 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Saiki kowé bakal weruh apa sing bakal Daktindakaké marang Sang Pringon. Dhèwèké bakal Dakpeksa nglilani umat-Ku budhal. Sejatiné, dhèwèké bakal Dakpeksa énggal-énggal nglungakaké umat-Ku saka negara iki."

2Gusti Allah ngandika marang Musa, pangandikané, "Aku iki Allah,

3kang ngetingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, Allah Kang Mahakwasa, nanging Aku durung nyumurupaké yèn asma-Ku Allah, kang suci.

4Karo déné Aku iya wis janji karo leluhurmu, yèn arep maringaké negara Kenaan, sing biyèn padha dienggoni nalika dadi wong neneka.

5Pesambaté wong Israèl sing dianggep budhak déning bangsa Mesir, wis Dakrungu, sarta Aku kèngetan marang janji-Ku.

6Mula kandhakna marang bangsa Israèl, yèn Aku ngandika marang dhèwèké, ‘Aku iki Allah; Aku bakal nulungi kowé kabèh sarta ngluwari kowé saka panindhesé bangsa Mesir. Aku bakal ngagem pangwasa-Ku kanggo ngukum bangsa Mesir klawan paukuman sing abot; déné kowé bakal Dakslametaké kabèh.

7Kowé kabèh bakal Dakdadèkaké umat-Ku sarta Aku bakal dadi Allahmu, sing ngluwari saka panindhesé wong Mesir.

8Kowé bakal Dakirid kabèh menyang ing tanah sing Dakjanjèkaké nganggo sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub. Tanah mau bakal Dakparingaké dadi duwèkmu dhéwé, Aku iki Allah.’"

9Sakèhé pangandikané Allah kuwi diterusaké Musa marang bangsa Israèl, nanging wong-wong mau padha ora gelem ngrungokaké, merga atiné semplah, awit saka panindhes sing abot banget.

10Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

11"Sowana Sang Pringon lan matura, supaya nglilani bangsa Israèl lunga saka negarané."

12Nanging Musa matur, "Tiyang Israèl kémawon mboten purun mirengaken kawula, menapa malih Sang Pringon. Kawula mboten saged cantenan."

13Gusti Allah nuli dhawuh marang Musa lan Harun, "Kandhakna marang bangsa Israèl lan marang Sang Pringon, yèn Aku wis ndhawuhaké kowé ngirid bangsa Israèl metu saka ing tanah Mesir."

14Rubèn, pembarepé Yakub, duwé anak lanang cacahé papat, yakuwi: Hénokh, Palu, Hésron lan Karmi. Iya wong-wong iki leluhuré taler Rubèn.

15Siméon duwé anak lanang nem, yakuwi: Yemuèl, Yamin, Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, ibuné wong wadon Kenaan. Yakuwi leluhuré taler Siméon; kulawarga iki diarani manut jenengé.

16Lèwi duwé anak lanang telu, yakuwi: Gèrson, Kéhat lan Mérari; wong-wong iki leluhuré turun-Lèwi; kulawarga iki iya diarani manut jenengé. Lèwi umuré 137 taun.

17Gèrson duwé anak lanang loro, yakuwi: Libni lan Simèi; wong-wong kuwi turuné akèh.

18Kéhat duwé anak lanang papat, yakuwi: Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl. Umuré Kéhat nganti 133 taun.

19Mérari duwé anak lanang loro, yakuwi: Mahli lan Musi. Iki taler Lèwi miturut sejarahé dhéwé-dhéwé.

20Amram omah-omah karo Yokebèd, adhiné wadon bapakné, déné anaké yakuwi: Harun lan Musa. Uripé nganti 137 taun.

21Yizhar duwé anak lanang telu, yakuwi: Korah, Nèfèg lan Zikri.

22Uzièl iya duwé anak lanang telu, yaiku: Misaèl, Èlsafan lan Sitri.

23Harun nikah karo Èlizéba, anaké wadon Aminadab; iya seduluré wadon Nahason; duwé anak Nadab, Abihu, Èléazar lan Itamar.

24Korah duwé anak lanang telu, yakuwi: Asir, Èlkana lan Abiasaf. Iku padha dadi leluhuré turun-Korah.

25Èléazar anaké lanang Harun, nikah karo putrané Putièl, duwé anak Pinéhas. Yaiki sarasilahé kulawarga Lèwi sarta miturut gotrahé.

26Iya Harun lan Musa iki sing didhawuhi Gusti Allah ngirid wong-wong Israèl metu saka ing tanah Mesir.

27Wong loro kuwi sing ngaturi Sang Pringon supaya mbébasaké wong Israèl.

28Gusti Allah ngandika marang Musa ing tanah Mesir,

29dhawuhé, "Aku iki Pangéran Allah. Apa waé sing wis Dakdhawuhaké marang kowé, aturna marang Sang Pringon."

30Nanging Musa matur, "Gusti, Panjenengan mirsa bilih kawula mboten pinter gineman; kadospundi sagedipun Sang Pringon mirengaken atur kawula?"



 <<  Keluaran 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel