Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 7 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa, "Aku bakal ndadèkaké kowé kaya déné Allah ing ngareping Sang Pringon, lan sedulurmu Harun bakal guneman minangka nabimu.

2Sarupaning dhawuh-Ku kandhakna marang Harun. Harun préntahen supaya matur marang Sang Pringon, karebèn nglilani wong Israèl lunga saka tanah Mesir.

3Nanging Aku bakal mangkotaké atiné Sang Pringon, temah dhèwèkné bakal ora ngrungokaké aturmu, senajan Aku nganti nekakaké kasangsaran gedhé.

4Mulané Mesir bakal Dakukum nganggo wewelak-wewelak sing abot, banjur Israèl kabèh, umat-Ku, bakal Dakirid metu saka ing negara kono.

5Wong Mesir bakal weruh, yèn Aku iki Allah, samasa Aku ngukum dhèwèkné sarta ngirid bangsa Israèl metu saka ing negarané."

6Musa lan Harun nindakaké sadhawuhé Gusti Allah.

7Nalika padha sowan Sang Pringon mau, umuré Musa 80 taun lan Harun 83 taun.

8Gusti Allah ngandika marang Musa lan Harun,

9"Menawa Sang Pringon njaluk supaya kowé gawé kaélokan minangka bukti, Harun konen njupuk tekené sarta nguncalna ing ngareping sang Pringon. Teken mau bakal malih dadi ula."

10Musa lan Harun banjur sowan Sang Pringon sarta nindakaké apa sing didhawuhaké Gusti Allah. Harun nguncalaké tekené ana ing ngarsané Sang Pringon lan para penggedhé, teken mau nuli malih dadi ula.

11Sang Pringon banjur nimbali wong-wong sing pinter lan para ahli sihir; wong-wong mau banjur nindakaké mengkono uga srana japa-mantrané.

12Wong-wong kuwi padha nguncalaké tekené ing lemah lan teken-teken mau iya malih dadi ula, nanging teken-teken mau banjur diuntal déning tekené Harun.

13Senajan mengkono Sang Pringon tetep mangkotaké galihé lan ora kersa mirengaké aturé Musa lan Harun, cocog karo sing dingandikakaké Allah.

14Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sang Pringon kuwi wangkot atiné; ora gelem nglilani lunga bangsa Israèl.

15Mulané sowana ing wayah ésuk, samasa raja mau ana ing Bengawan Nil. Teken sing malih dadi ula mau gawanen sarta nunggonana ing pinggir kali.

16Matura marang raja mau, ‘Pangéran Allahipun tiyang Ibrani, ngutus kula supados matur dhateng panjenengan kersaa nglilani umat Israèl késah ngabekti dhateng Pangéran wonten ing ara-ara samun. Ngantos dumugi samangké panjenengan mboten kersa miyarsakaken.

17Samangké Pangéran Allah ingkang Mahamulya ngandika, bilih panjenengan badhé pirsa sinten Gusti Allah menika, srana lelampahan ingkang badhé katindakaken. Panjenengan pirsani, teken menika badhé kula sabetaken ing toyaning Bengawan Nil, sakala toyanipun badhé malih dados rah.

18Ulam-ulam badhé pejah, saha kali menika ambetipun badhé bacin, ngantos bangsa Mesir mboten badhé saged ngombé toyaning kali.’"

19Gusti Allah ngandika marang Musa, "Harun konen njupuk tekené sarta konen ngacungaké ing banyuning kali, ing kalèn-kalèn lan ing blumbang-blumbang ing Mesir. Banyuné bakal malih dadi getih, lan ing sanegara Mesir kabèh ing tong-tong kayu lan ing pengaron watu sakèhé banyu bakal malih dadi getih."

20Musa lan Harun ngèstokaké sadhawuhé Allah. Ing ngarepé Sang Pringon lan para penggedhé, Harun ngacungaké tekené nuli disabetaké ing banyuné Bengawan Nil. Banyu sing ana kali kabèh banjur malih dadi getih.

21Iwak-iwak ing njero kali kono padha mati, lan ambuné kali dadi bacin banget; srana mengkono wong Mesir ora bisa ngombé banyuné kali mau. Satanah Mesir kabèh kebak getih.

22Nanging para ahli sihir nindakaké mengkono uga srana japa-mantrané, temahan Sang Pringon tetep mangkotaké galihé. Panjenengané ora miyarsakaké aturé Musa lan Harun, kaya sing wis dingandikakaké déning Allah.

23Sang Pringon banjur minger kondur menyang kedhaton lan ora maèlu marang prekara mau.

24Sarèhné banyu kali ora kena diombé, mulané wong Mesir kabèh padha ndhudhuk lemah sakiwa-tengené kali golèk banyu kanggo ngombé.

25Kang mengkono mau nganti pitung dina suwéné, sawisé Gusti Allah ndhawahi wewelak marang Bengawan Nil.



 <<  Keluaran 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel